Albrecht Dürer

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Potrèk dhiriné Albrecht Dürer

Albrecht Dürer (21 Mèi 1471 – 6 April 1528) iku sawijining pelukis saka Jerman, juru pahat lan ahli matematika.[1][2]

Dhèwèké lair lan tinggal donya ana ing Nuremberg, Jerman, lan lan kondhang awit dadi kang nggawé karya cithak kuna. Cithakané asringé digawé ana séri, dadi ana sawenèh cithakan kang béda-béda ngenani bab kang padha. Séri kang paling kondhang ya iku Apocalypse (1498) sarta rong séri kang digawé dhèwèké bab carita sangsaraning Kristus, the Great Passion (1498–1510) lan the Little Passion (1510–1511).

Pahatané Dürer kang paling moncèr (ya iku kang dudu péranganing sériné) kalebu Knight, Death, and the Devil (1513), Saint Jerome in his Study (1514) lan Melencolia I (1514). Lingir-lingiré kang paling ikonis iku karya-karya pahatan kayuné, ya iku Four Horsemen of the Apocalypse (1497–1498) saka séri Apocalypse, the Rhinoceros, lan sawenèh potrèk dhiri ing lukisan cèt ményak. Dürer bokmenawa ora mahat dhéwé karya-karyané kang saka kayu, nanging nganggo jasaning pandhé pahat kang nggarap gambar-gambaré kanthi titi.[3] Dhèwèké nggawé sawenèh lukisan cèt ményak bab agama, uga nggawé lukisan cèt banyu sarta sawenèh gambar, kang mawa reprodhuksi modéren saiki dadi karyané kang paling moncèr.

Karya cithaké Dürer kasil nggawé dhèwèké kondhang ing saindenge Éropah, lan akèh wong kang kandha yèn dhèwèké iku seniman kang paling mandra ing Renaisans lan ing Éropah Lor.

Kauripané kang kawitan[besut | besut sumber]

Lukisan Self-Portrait (1493) déning Albrecht Dürer, cèt mènyak, asliné ana ing Musiyum Louvre, Paris
Pahatané Dürer ya kang awujud Lambang Nagarané.

Dürer anak katelu lan anak lanang kaloro ing kulawargané, kang nduwé udakara patbelas nganti wolulas anak. Bapaké iku sawijiné pandhé emas kang suksès ing Ajtós, sacedhaké Gyula ing Hongaria.

Kaki amongé Dürer iku Anton Koberger, kang mandheg dadi pandhé emas saperlu dadi juru cithak lan juru babar ing taun nalika Dürer lair. Dhèwèké nuli dadi juru babar kang paling kasil ana ing Jerman, lan nduwé rong puluh papat mesin pangecap sarta kantor ing Jerman lan ing paran . Karya kang paling moncèr dibabar iku Nuremberg Chronicle, kang dibabar taun 1493 ing basa Jerman lan basa Latin. Ana udakara 1.809 gambar pahatan kayu déning bingkil Wolgemut. Bokmenawa Dürer uga uwis tau nggarap sawenèh karya-karya iki, amarga proyèk kuwi wiwit nalika dhèwèké isih ana ing Wolgemut.[3]

Dürer sinau carané dadi pandhé emas karo nggambar saka bapaké. Bapaké péngin dhèwèké nerusaké gladhiné dadi pandhé emas, anging dhèwèké luwih apik ing bab nggambar saèngga dhèwèké nuli maguru marang Michael Wolgemut nalika dhèwèké umur limalas taun ing 1486. Sawijining potrèk dhiri, gambaran mawa silverpoint, ing taun 1484 (Albertina, Wina). Wolgemut iku sawijining seniman kang kondhang ing Nuremberg nalika kuwi, lan dhèwèké uga nduwé sanggar kang gedhé kang nggawé karya seni manèka warna wujudé, kususé pahatan kayu kanggo buku-buku. Nuremberg iku sawijining kutha kang sugih, sèntralé panerbitan lan padagangan barang-barang méwah. Nuremberg nduwé gegayutan marang Italia, mligi Venesia, kang lumayan cedhak ing sabrangé Alpen.[3]

Wacanen uga[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Wikisource
Wikisource basa Inggris ndarbeni kaca perkawis

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. The title of this article contains the character ü.
  2. Mueller, Peter O. 1993.
  3. a b c Giulia Bartrum 2002.