Absurdisme

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Absurdisme iku sawijining aliran utawa paham sajeroning filsafat sing mratélakaké yèn upaya manungsa kanggo nemu makna sajeroning alam samesta wekasané gagal (lan mula saka iku diarani absurd), sebab makna kasebut ora ana, paling sethithik sing magepokan karo individu. Tembung "absurd" sajeroning kontèks iki ora ateges ora mungkin sacara logika (logically impossible), nanging luwih nduwèni teges ora mungkin sacara manungsa (humanly impossible).[1]

Absurdisme iku magepokan karo èksistènsialisme lan nihilisme lan nduwèni oyod saka filsuf Denmark abad kaping-19, Søren Kierkegaard. Absurdisme minangka sistem kapracayan lair nalika anané obahan èksistènsialisme, nalika filsuf lan panulis Aljazair katurunan Prancis Albert Camus oncat saka aliran filsafat kasebut [2] lan nerbitaké manuskrip The Myth of Sisyphus. Kahanan sawisé Perang Donya II nuwuhaké lingkungan sosial sing nyuburaké wawasan absurdisme, mliginé ing nagara Prancis sing rusak amarga paprangan.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Silentio, Johannes de. Fear and Trembling. Penguin Classics, p. 17
  2. ^ Solomon, Robert C. (2001). From Rationalism to Existentialism: The Existentialists and Their Nineteenth Century Backgrounds. Rowman and Littlefield. k. 245. ISBN 074251241X. 

Wacan[besut | besut sumber]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cithakan:Kierkegaard