Èksistènsialisme

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Saka kiwa menengen,saka ndhuwur mengisor: Kierkegaard, Dostoyevsky, Nietzsche, Sartre.

Èksistènsialisme iku aliran filsafat kang munjer ing manungsa individu kang tanggung jawab marang kekarepané kang bébas tanpa mikir kanthi jero endi kang bener lan endi kang ora. Sakbeneré marga ora ngerti endi kang bener lan endi kang ora bener, nanging wong eksistensialis sadhar yèn kabenaran sipaté rélatif, lan amarga saka iku saben individu bébas nemtokaké kahanan kang mikurut anggepané bener.

Èksistènsialisme iku salah siji aliran gedhé sajeroning filsafat, mligi tradhisi filsafat Kulon. Èksistènsialisme ngrembug bab "ana"-né manungsa, lan kahanan "ana" iku ditampilaké liwat kabébasan. Pitakon utama kang magepokan karo èksistènsialisme ya iku mung soal kabébasan. Apa kabébasan iku? Kepriyé manungsa kang bébas iku? lan miturut dhoktrin mligi ya iku kabébasan, èksistènsialisme nulak mentah-mentah wangun déterminasi marang kabébasan kajaba kabébasan iku dhéwé.

Sajeroning studi sekolahan filsafat èksistènsialisme paling dikenal tampil liwat Jean-Paul Sartre, kang misuwur kanthi diktum "human is condemned to be free", manungsa dikutuk supaya bébas, mula kanthi kabébasan iku sabanjuré manungsa tumindak. Pitakon kang paling kerep muncul minangka dérivasi kabébasan eksistensialis iku, tekan ngendi kabébasan mau bébas? utawa "sajeroning istilah orde baru", apa èksistènsialisme ngenal "kabébasan kang mawa tanggung jawab"? Tumrap èksistènsialis, nalika kabébasan iku siji-sijiné universalitas manungsa, mula watesan saka kabébasan ing saben individu iku kabébasan individu liya.

Dadi eksistensialis, ora kudu dadi individu kang béda, sadhar yèn anané donya ora dumunung ing kendhali manungsa, nanging ora gawé sawenèh kang unik utawa kang anyar kang dadi èsènsi saka èksistènsialisme. Agawé sawijining pilihan miturut kepinginané dhéwé, lan sadhar tanggung jawabé ing mangsa ngarep iku inti saka èksistènsialisme. Minangka conto, gelem ora gelem kita bakal terjun menyang manéka profèsi kaya dhokter, désainer, insinyur, pebisnis lan sapangunggalané, nanging kang dimasalahaké déning èksistènsialisme iku, apa kita dadi dhokter saka karepé wong tuwa, utawa karepé dhéwé.

Uga delengen[besut | besut sumber]