Menyang kontèn

Abdullah Ahmad Badawi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Yang Amat Berhormat Tun 
Abdullah Hj. Ahmad Badawi
Abdullah Ahmad Badawi


Mangsa jabatan
31 Oktober 2003 – 3 April 2009
Monark Sirajuddin
Mizan Zainal Abidin
Didhisiki déning Mahathir Mohammad
Diganti déning Najib Razak

Mangsa jabatan
Januari 1999 – 31 Oktober 2003
Didhisiki déning Anwar Ibrahim
Diganti déning Najib Razak

Nembé mengku jabatan
Wiwit mengku jabatan 
1978

Mangsa jabatan
September 2004 – 26 Maret 2009
Didhisiki déning Mahathir Mohammad
Diganti déning Najib Razak

Miyos (1939-11-26)26 Novèmber 1939
Malaysia Bayan Lepas, Penang, Malaysia
Tilar donya 14 April 2025(2025-04-14) (umur 85)
Partai pulitik Organisasi Nasional Malaysia Bersatu-National Front
Garwa Endon Mahmood Ambak (Deceased)
Jeanne Danker
Agami Islam

Dato' Seri Abdullah bin Haji Ahmad Badawi (lair 26 Novèmber 1939 – pati 14 April 2025 ing umur 85 taun; panjenenganipun ugi asring dipuntimbali Pak Lah) inggih punika tilas Mahamantri Malaysia kaping gangsal, minangka pawaris kakuwaosanipun Mahathir Mohammad.[1] Panjenenganipun ugi tilas pandhega kaping enem parté pulitik paling ageng ing Malaysia, parté United Malays National Organitation UMNO.[1] Sasampunipun léngsér keprabon saking kalungguhan Mahamantri Malaysia ing tanggal 1 September 2009, panjenenganipun dipunlantik dados pengurus Institusi Kefahaman Islam Malaysia (IKIM).[1]

Abdullah miyos ing Kampung Perlis, Bayan Lepas, Pulo Pinang.[2] Panjenenganipun sekolah manengah ing Sekolah Kebangsaan Tinggi Bukit Mertajam lan ing Penang Methodist Boys School, Pulo Pinang.[2] Panjeneganipun sajatosipun gadhah pikajengan badhé kuliah ing jurusan ékonomi, nanging gagal nalika tes statistik.[2] Panjenenganipun lajeng kuliah ing jurusan Kajian Islam ing Universitas Malaya ing taun 1964.[2] Sasampunipun pikantuk gelar sarjana sastera ing bab Kajian Islam saking Universitas Malaya ing taun 1964.[2] Sasampunipun lulus, panjenenganipun nggabung kaliyan Korps Papréntahan lan Diplomatik Malaysia.[2] Panjenenganipun mandhap saking kalungguhan punika ing taun 1978 kanggé dados anggota parlémen kanggé wewengkon pamilian Kepala Bantas.[2]

Pranala njawi

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 "Pak Lah dilantik Pengerusi IKIM", Utusan Online. 29 Ogos 2009. dipunundhuh tanggal 25 Agustus 2011)
  2. 1 2 3 4 5 6 7 Archived 2008-06-02 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 25 Agustus 2011)