Waraha

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados


Broom icon.svg

Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia
(28 Pebruari 2013)
Ngrapèkaken artikel saged arupi mérang artikel ing paragraf utawi, Wikifikasi Artikel, maringi kategori, gambar, pranala interwiki, tandha diakritik lan ndandosi basa ingkang taksih campuran (krama/ngoko lan basa ngamanca).
Saksampunipun dipunrapèkaken, nyuwun supados panitya utawi pangurus busek pesen punika.(Peserta pelatihan boten kénging mbusek pesen punika).

Waraha Awatara

Waraha (basa Sanskerta: वाराह; Varāha) inggih punika awatara ingkang kaping tiga saking Déwa Wisnu ingkang awujud babi alas. Awatara punika njalma nalika jaman Satyayuga (jaman kabecikan). Cariyos babagan Waraha Awatara kababaraken wonten ing kitab Warahapurana kaliyan Purana-Purana sanésipun.[1]

Bab lan Paragraf

Mitologi [sunting]

Miturut mitologi Hindu, nalika jaman Satyayuga (jaman kabecika), wonten sawijining raksasa sinebut Hiranyaksa, rayinipun raksasa Hiranyakasipu. Kekalih punika minangka bangsa Detya (raksasa). Hiranyaksa badhé ngilemaken bumi wonten ing salebeting "lautan kosmik," sawijining papan antah berantah ing ruang angkasa.[2] Mirsani donya punika badhé kiamat, Wisnu njalma dados "Waraha (babi alas)" ingkang gadhah taring kanggé nopang bumi ingkang dipundhawahaken déning Hiranyaksa. Usaha ingkang dipunlaksanakaken Waraha boten lumampah kanthi lancar amargi kaadhang déning Hiranyaksa. Saéngga kadadosan paprangan antawisipun raksasa Hiranyaksa klawan Déwa Wisnu. Kocap kacariyosaken paprangan punika kaadanan eunan taun. Ing pungkasanipun, Dewa Wisnu ingkang saged numpes raksasa Hiranyaksa.[3]

Sabibaripun Piyambakipun menang, lajeng ngangkat bumi ingkang kados bal kanthi taringipun saking "lautan kosmik" saha mbangsulaken bumi wonten ing papan dunungipun.[4]

Panggambaran [sunting]

Waraha Awatara kagambaraken minangka babi alas ingkang ngasta planet bumi kanthi kekalih taringipun, saha dipunangkaat wonten ngajeng netra. Sawetawis ugi kagambaraken minangka priyantun kanthi mustaka babi alas, kanthi taring kalih, saha sekawan asta ingkang nyepeng cakra, terompet saking kulit kerang (sangkakala), teraté, saha gada.[5]

Nama Sanesipun [sunting]

  • Bhuwaraghan
  • Waraghan
  • Warha
  • Yagnawaraha
  • Srīeewaraham
  • Adhiwaraha

Kuil Waraha [sunting]

India [sunting]

Andhra Pradesh
  • Simhachalam
  • Kuil Tirumala Venkateswara - dumunung ing Tirumala, caket Tirupati. Hal punika dipunanggep minangka sawijining kuil ingkang kuno sanget. Para peziarah ingkang angka kapisan kedah nyembah Waraha saha salajengipun Lord Venkateswara. Babagan punika kawentar minangka Aadhi Varaha Near ST stand.
  • YagnaWaraha - dumunung ing Karimnagar Kabupaten Andhra Pradesh. Ugi misuwur minangka "YagnaVaraha Kshetram".
  • Kuil WarahaSwamy ugi dumunung ing Shivaji Nagar, Secundrabad.
Haryana
  • Kuil Sri Waraha - ing pundi Waraha dumunung ing Varah Tirth ing Desa Brahkalan (Jind).
  • Kuil Waraha- dumunung ing Desa Waraha Kabupaten Jind. Wonten murti Swayambhu saking Waraha.[6]

Delengen Uga [sunting]


Cathetan Suku [sunting]

  1. ^ [(en)Pertempuran antara Raja Babi hutan (Waraha) dan raksasa Hiranyaksha (vedabase.net)](dipunundhuh tanggal 9 November 2012)
  2. ^ (id)[1](dipunundhuh tanggal 9 November 2012)
  3. ^ (id)[2](dipunundhuh tanggal 9 November 2012)
  4. ^ (id)[3](dipunundhuh tanggal 9 November 2012)
  5. ^ (id)[www.jhobook.com/2012/01/waraha-awatara.html](dipunundhuh tanggal 9 November 2012)
  6. ^ (id) Dharam Vir Singh (Alih Basa Dening I. G. A. Dewi Paramitha, S. S. (2006). Hinduisme Sebuah PengantarISBN: 978-979-722-399-1. Surabaya: Penerbit Paramita.
Waraha
Sebelumnya:
{{{sadurungé}}}
Awatara Wisnu
ke-3
Berikutnya:
{{{sawisé}}}


Awatara Wisnu HinduSwastika.svg
Matsya | Kurma | Waraha | Narasinga | Wamana | Parasurama | Rama | Kresna | Baladewa (Balarama) | Buddha | Kalki
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Waraha&oldid=834596"