Buddha minangka Awatara Wisnu

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Buddha Awatara

Ana ing agama Hindu, Gautama Buddha kacantum ana ing kitab Purana (Susastra Hindu) minangka awatara (inkarnasi) kasanga ing antarane sepuluh awatara (Dasawatara) Dewa Wisnu. Ana ing Bhagawatapurana, Buddha disebut minangka awatara kang angka patlikur ing antarane selawe awatara Wisnu. Tembung buddha ateges "Beliau kang antuk pancerahan" lan bisa pinuju marang Buddha sakliyane kajaba Gautama Buddha, kang ngadegake Buddhisme kang kawentar nganti jaman saiki.[1]

Benten kaliyan ajaran hindu, ajaran Gautama Buddha boten nekenaken kawontenan “Tuhan sang Pencipta”, saengga agama Buddha kalebet bageyan saking salah satunggaling aliran nāstika ( heterodoks: kanthi harfiah ateges “punika boten wonten”) miturut aliran-aliran agama Dharma sanesipun, kadosta Dwaita, ananging wonten ing sanesipun kadosta, Adwaita, langkung mirip kaliyan ajaran Buddhisme, saking bentuk menapa dene filsafatipun. [2]


Buddha wonten ing Sastra Hindu[sunting | sunting sumber]

Sang Buddha kasebutaken wonten ing maneka kitab Hindu, kalebet ing kathah Purana. Ananging, boten sedayanipun ngacu dhumateng tiyang Buddha ingkang sami, ngengeti bilih Buddha boten naming setunggal; maneka ing salebeting ngacu dhumateng tiyang sanes, saha panyebutan tembung Buddha ateges “sawijining tiyang ingkangga gadhah buddhi.” Kathahipun saking pangginanaan tembung buddha kasebut ngacu dhumateng pambangun Buddhisme (Siddharta Gautama). Purana mendeskripsikakenipun kanthi kalih peran: menyebarken ajaran palsu saperlu nyesataken kaum asura (makhluk sesat, panentang dewa) saha sajinisipun, saha ngritik pangorbanan kewan kadosta ingkang sampun katemtokaken wonten ing Weda. Kitab Purana ingkang nyebataken Buddha kalebet ing dhaptar Awatara, inggih punika:

Wonten ing kitab Purana, biasanipun Buddha dipunsebut minangka awatara kasanga saking sedasa Awatara Wisnu. Asring Buddha dipunsebut minangka yogi utawi yogācārya, saha minangka sanyasin (petapa). Biasanipun bapakipun dipunsebut Suddhodhana, sami kaliyan tradisi Buddhisme, dene wonten ing kitab sanesipun bapak Sang Buddha dipunsebut Anjana utawi Jina.[4]. Sang Buddha dipungambarkan minangka sosok rupawan (devasundara-rūpa), kanthi kulit pethak utawi abrit pucet, saha ngagem juah abrit utawi abrit semu coklat. Wonten ing maneka Purana, Sang Buddha dipunjelasaken minangka panjalmaning saking Wisnu ingkang mandhap ing donya saperlu nyesataken para asura ewadene manungsa saking ajaran Dharma Weda. Kitab Bhawishyapurana nyebataken kados punika: Ing masa punika, ngenget jamanipun Kaliyuga, Dewa Wisnu njalma dados Gautama, sawijining Shakyamuni, saha ngajaraken dharma Buddha dangunipun sedasa taun. Lajeng Shuddhodana mamarentah dangunipun kalih dasa taun, sarta Shakyasimha dangunipun kalih dasa taun ugi. Ing tahap kapisan kaliyuga, dalan Weda dipunrisak saha sedaya tiyang kakung dados umat Buddha. Tiyang – tiyang ingkang pados parlindungan dhumateng Dewa Wisnu dados sesat.[5]


Delengen Uga[sunting | sunting sumber]

Cathetan Sikil[sunting | sunting sumber]

  1. ^ (id)[1](dipunundhuh tanggal 10 November 2012)
  2. ^ (id) I Ketut Sukartha, dkk. (2003). Agama Hindu untuk SLTP Kelas 3ISBN: 979-571-020 6 (jilid 1). Denpasar: Penerbit Ganeca Exact.
  3. ^ (en)[2](dipunundhuh tanggal 10 November 2012)
  4. ^ (en)[www.google.co.id/url?sa=t&rct=j&q=buddha%20avatar&source=web&cd=13&cad=rja&ved=0CHIQFjAM&url=http%3A%2F%2Fwww.hindunet.org%2Favatars%2Fbuddha%2Findex.htm&ei=pv2dUKyKIM-qrAeznoDYCQ&usg=AFQjCNH9IHXL9XmwVHpCIC8SC4ZcEO5lUA](dipunundhuh tanggal 10 November 2012)
  5. ^ (id) Dharam Vir Singh (Alih Basa Dening I. G. A. Dewi Paramitha, S. S. (2006). Hinduisme Sebuah Pengantar. Surabaya: Penerbit Paramita.
Buddha Gautama
Sebelumnya:
{{{sadurungé}}}
Awatara Wisnu
ke-9
Berikutnya:
{{{sawisé}}}


Awatara Wisnu HinduSwastika.svg
Matsya | Kurma | Waraha | Narasinga | Wamana | Parasurama | Rama | Kresna | Baladewa (Balarama) | Buddha | Kalki