Kurma
| Wit Kurma | |
|---|---|
| Kurma, Sinai, Mesir | |
| Status konsèrvasi | |
|
Status konsèrvasi: Aman
|
|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Liliopsida |
| ordo: | Arecales |
| kulawarga: | Arecaceae |
| Genus: | Phoenix |
| Species: | P. dactylifera |
| Jeneng binomial | |
| Phoenix dactylifera L. |
|
Kurma kuwi kalebu salah sawijining tetanduran (Palma Arecaceae) lan nduweni jeneng elmiyah Phonex dactylifera. Ing Arabdisebut تمر, Tamr kanggone kurma kang wis garing kaya kang biasa tinemu ing pasar nalika sasi Pasa ing tanah Jawa, lan diarani ruthob kanggone kurma kang isih teles. Wit kurma nduwèni ukuran sedheng lan dhuwuré watara 15-25 mèter, tuwuh sacara tunggal utawa arupa grumbul wit saka siji sistem akar tunggal. Dawané godong 3-5 mèter, kanthi eri ing gagang godhongé. Godhongé awangun sirip lan nduwèni watara 150 pucuk godhong anom sing ukurané dawa 30 cm lan amba 2 cm. Wit kurma awoh arupa woh kurma sing bisa dipangan mentah-mentah utawa mateng. [1].
Sajarah Kurma [sunting]
Kurma wis dadi panganan pokok ing Wétan Tengah wiwit èwon taun kapungkur. Wit Kurma diyakini asal saka saubengé Teluk Persia lan wis dibudidayakaké wiwit jaman kuna saka Mesopotamia nganti tekan Mesir, kamungkinan ing wiwitan 4000 SM. Bangsa Mesir Kuna migunakaké woh kurma digawé anggur kurma lan wohé dipangan wektu panèn. Ana bukti arkéologi budidaya kurma ing bagéyan Arab wétan ing taun 6000 SM. (Alvarez-Mon 2006).
Cathetan Suku [sunting]
Pranala jaba [sunting]
- (en) Date Palm Cultivation (Food and Agriculture Organization)
- (en) Buah-buahan dari iklim panas: kurma
- (en) Informasi gizi untuk kurma medjool dan deglet noor.
- http://www.bajaquest.com/sanignacio/baja16i_1.htm