Mesopotamia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Mesopotamia kuna
Eufrat Tigris
Kutha / Karajan
Sumeria: Uruk Ur Eridu
Kish Lagash Nippur
Karajan Akkadia: Akkad
Babilonia Isin Susa
Asyur: Assur Niniwe
Dur-Sharrukin Nimrud
Babilonia Khaldea
Elam Amori
Hurrian Mitanni
Kassit Urartu
Kronologi
Raja-raja Sumeria
Dhaptar raja Asyur
Dhaptar raja Babilonia
Basa
Aram
Sumeria Akkadia
Elam Hurria
Mitologi
Enûma Elish
Gilgames Marduk

Mésopotamia ngrembaka ing antarane Kali Éfrat lan Kali Tigris. Tembung "mésopotamia" asale saka Tembung Yunani yaiku mesos tegese tengah lan potamos tegese kali. Wewengkon kasebut nduweni jembar kurang luwih 6.000 Km². Bangsa kang manggon ing Mésopotamia yaiku bangsa Semit (Sumeria). Watak panguripane seminomadik. Wong Sumeria urip saka ngingoni kewan lan adol-tinuku. Watara taun 3.000 SM, wewengkon Mésopotamia dipanggoni dening bangsa Sumeria.

Wewengkon-wewengkon kang dumunung ing sadawaning Kali Éfrat lan Tigris, yaiku wewengkon kang subur. Amarga wujude kaya rembulan sabit, mula wewengkon iku kasebut The Fertille Crescent Moon (tegese rembulan sabit subur/ hilal subur).

Bangsa Sumeria wis mbangun kutha kanthi tatanan kang rapi lan saben wewangunan migunakake model Zigurat. Wangunan omah-omahe dumadi saka bata amarga angel nggolek watu ing tlatah Mésopotamia. Saliyane iku, bangsa Sumeria banget trampil ing babagan ngolah logam kanggo digawe piranti-piranti senjata. Bangsa Sumeria uga wis ngerti tulisan kang sinebut tulisan paku kang diukir ing lempung garing (cuneiform). Tulisan paku ditemokake watara 3.100 SM. Ana 350 tanda gambar kang saben gambar minangka 1 tembung. Tulisan paku banjur ngrembaka dadi tulisan gambar (pictograph) lan tulisan awujud simbol-simbol (ideogram). Ora mung tulisan, bangsa Sumeria malah wis ngerti etung-etungan. Etungan kasebut adhedhasar satuan unit 60 (sixagesimal), uga migunakake konsep 1 jam iku 60 menit lan wis nduweni pangerten babagan saubengan bunderan yaiku 360 derajat.


Sajarah Mésopotamia[besut | besut sumber]

Pirsani Uga: Peradaban Mesopotamia

Bangsa Sumeria dhewe nganut agama Politeisme (nyembah akeh dewa). Dewa kang kasembah utamane dewa kang nguwasani jagat. Ana 3 dewa utama, ing antarane yaiku Dewa Anu (dewaning langit), Dewa Ea (dewaning banyu), lan Dewa Enlil (dewaning bumi). Dewa Enlil pinercaya minangka dewa kang paling kuwasa. Bangsa Sumeria uga nyembah Dewa Sin (dewaning rembulan), Dewa Samas (dewaning srengenge), lan Dewi Istar (dewi perang lan rasa asmara) lan percaya menawa para dewa kasebut milih Dewa Marduk minangka ratuning para dewa.

Ing taun 3.000 SM wis ngadek kutha-kutha gedhe ing antarane yaiku Ur, Larsa, lan Lagasy. Kutha-kutha iku padha perang siji lan sijine kanggo nduweni kuwasa kebak ing tlatah hilire Mesopotamia kang dumadi suwene kira-kira nganti 500 taun.

Amarga perang iki kekuwatane dadi suda lan pungkasane bisa dilurugi bangsa manca wiwit saka bangsa Akkadia kang kapimpin Raja Sargon nelukake Sumeria ing taun 2.350 SM. Let watara 400 taun sabanjure bangsa Akkadia ditelukake dening bangsa Amorit lan pusat panguasane ing Babilon. Bangsa Amorit iki nglakoni owah-owahan gedhe ing Mesopotamia ing antarane dewa kang pinercaya ing Mesopotamia diowahi kang sadurunge Dewa Enlil kang paling kuwasa ganti dadi Dewa Marduk dewa saka bangsa Amorit malah dewa iki uga dipercaya dening bangsa liya kayata bangsa Kassit nganti bangsa Persia.

Panguasaning bangsa Amorit diganti maneh dening bangsa Akkadia kang dipimpin dening Hammurabi kang cendhak antarane taun 1792 SM nganti 1750 SM. Nalika pamrentahane raja Hammurabi ngetokake pawadan/undang-undang kang adhedhasar babagan piwalesan : "mripat diwales mripat, untu diwales untu" adil dianggep dumadi yen saben pakarti diwales padha karo pakarti kang dilakoni. Pawadan kasebut dumadi saka 300 pokok pawadan, lan dadi pawadan tinulis wiwitan ing donya. Pawadan Hammurabi ditatah ing sawijining tugu kang dhuwure 2,5 meter.

Banjur bangsa iki diganteni dening bangsa Asiria kang misuwur wengis. Bangsa iki kasil nggawe wewengkon kang gedhe yaiku Kamaharajan, wates wewengkone yaiku kabeh tlatah Mesopotamia lan Mesir minangka jajahane. Nanging bangsa Asiria kang misuwur wengis iku nduweni raja kang becik bebudene kang asmane Asurbanipal kang kasil nggawe perpustakaan ing ibukutha Niniveh, kang nyimpen watara 200.000 lempengan tulisan paku kang asale saka Keraton Sumeria lan Babilonia.

Bangsa iki ambruk panguasane nalika dipimpin dening raja Esarhaddon (681-669 SM) kang mapan ing Nineveh, amarga pambrontakan dening gabungan bangsa-bangsa antara liya Khaldea lan Babilonia lan prajurite Nebukadnezar. Nineveh kasil ditelukake lan panguasa pindah menyang astane Raja Nebukadnezar. Nalika pamrentahane raja Nebukadnezar 2 (605-562 SM), dheweke mrentahake diwangune "Taman Gantung Babilonia" kang bakal diparingake marang prameswarine Amytis. Nanging panguasane ora suwe amarga dilurugi dening bangsa Persia.

Peradaban Mesopotamia pungkasane pindah menyang Islam sawise ambruke Persia menyang astane wong-wong muslim Arab.