Usus rolas driji

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Usus rolas driji (duodenum)

Usus rolas driji utawa duodenum iku bagéyan saka usus alus sing papané sawisé lambung lan nggandhengak karo usus kosong (jejunum). Bagéyan usus rolas driji arupa bagéyan paling cendhak saka usus alus, diwiwiti saka bulbo duodenale lan pungkasané ing ligamentum Treitz.

Usus rolas driji iku organ retroperitoneal, sing ora kabungkus kabèh déning selaput peritoneum. pH usus rolas driji sing normal kisarané ing sangang drajat.

Jeneng duodenum asalé saka basa Latin duodenum digitorum, kang tegesé rolas driji.

Bab lan Paragraf

[sunting] Fungsi

Usus rulas driji duwé tanggung jawab kanggo nyaluraké panganan nuju usus alus. Sacara histologis, ana kelenjar Brunner sing ngasilaké lendir. Dhindhing usus rolas driji kasusun saka lapisan-lapisan sel sing tipis banget sing mbentuk mukosa otot.

[sunting] Bagéyan-bagéyan

Usus rolas driji kabagi dadi patang bagéyan kanggo nggampangaké pamaparan.

[sunting] Pars superior

Bagéyan kapisan, yaiku pars suoerior diwiwiti saka pungkasané pilorus. Banjur saluran bakal mbelok ning lateral tengen. Bagéyan iki dawané 5 cm.

[sunting] Pars descendens

Bagéyan kapindho, pars descendens nerusaké bagéyan kapisan. Bagéyan iki wanguné saluran lurus mudhun.

Ing bagéyan iki ana muara saka duktus pankreatikus lan duktus biliaris communis sing nyawiji dadi duktus hepatopankreatika. Saliyané iku, ana uga sawijining tonjolan sing disebut papilla duodeni.

[sunting] Pars horizontalis

Bagéyan katelu, pars horizontalis wanguné saluran lempeng dhatar, ngliwati vena cava inferior, aorta, lan balung mburi.

[sunting] Pars ascendens

Bagéyan paling akhir, pars ascendens wanguné saluran munggah lan pungkasané ing awal usus kosong (jejunum).

Sistem pancernan - sunting

Tutuk | Faring | Kerongkongan | Lambung | Pankreas | Kantung empedu | Ati | Usus alus (usus rolas driji, usus kosong, usus penyerepan) | Usus gedhé | Usus buntu | Umbai cacing | Rektum | Anus

Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Usus_rolas_driji"