Usus kosong
Usus kosong utawa jejunum (sok asring ditulis yeyunum) iku bagéyan kapindho saka usus alus, ing antarané usus rolas driji (duodenum) lan usus panyerepan (ileum). Dawané kabèh usus alus ing menungsa diwasa antarané 2-8 meter, 1-2 meter iku bagéyan usus kosong. Usus kosong lan usus panyerepan digantungaké ing njeron awak kanthi mesenterium.
Permukaan njero usus kosong arupa membran mukus lan ana jonjot usus (vili), sing miyaraké permukaan usus. Sacara histologis bisa dibédaaké karo usus rolas driji, yaiku saya kurangé kelenjar Brunner. Sacara hitologis uga bisa dibédaaké karo usus panyerepan, yaiku sithikké sel goblet lan plak Peyeri. Rada angél kanggo mbédaaké usus kosong lan usus panyerepan sacara makroskopis.
Jejunum diturunaké saka tembung sifat jejune kang ateges "ngelih" ing basa Inggris modhérn. Teges asliné asalé saka basa Laton, jejunus, kang ateges "kosong".
Pranala njaba [sunting]
- (en) Gastrolab.net:The Jejunum
- (en) Peyer's patches
| Sistem pancernan - sunting |
|---|
|
Tutuk | Faring | Kerongkongan | Lambung | Pankreas | Kantung empedu | Ati | Usus alus (usus rolas driji, usus kosong, usus penyerepan) | Usus gedhé | Usus buntu | Umbai cacing | Rektum | Anus |
