Thérèse saking Lisieux

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Saint Thérèse de Lisieux
Therese.jpg

Santa Thérèse, nalika yuswa 15, sadèrèngipun mlebet Ordo Karmelit
Kenya lan Doktor Gréja
Miyos 2 Januari 1873, Alençon, Prancis
Tilar donya 30 September 1897 (umur 24), Lisieux, Prancis
Dipun urmati ing Gréja Katulik Roma
Beatifikasi 29 April 1923 déning Paus Pius XI
Kanonisasi 17 Mei 1925 déning Paus Pius XI
Papan ziarah utama Basilique de Sainte-Thérèse [1], Lisieux, Prancis
Dinten pèngetan 1 Oktober
3 Oktober Kalèdher Tradisional Katulik
Atribut sekar
Pangreksa panandhang AIDS; Anchorage, Alaska; Australia; penerbang; bodily ills; Cheyenne, Wyoming; Fairbanks, Alaska; Fresno, California; Juneau, Alaska; Pueblo, Colorado; florists; Prancis; illness; Kisumu, Kenya; loss of parents; missionaris; Russia; tuberculosis; Witbank, Afrika Kidul; CatholicTV, Massachusetts
Gloriole.svg Portal Santo

Thérèse saking Lisieux (lair ing Alençon, Prancis, 2 Januari 1873 – tilar donya ing Lisieux, Prancis, 30 September 1897 kanthi umur24 taun), utawi Sainte Thérèse de l'Enfant-Jésus et de la Sainte Face, asma wiyosan Marie-Françoise-Thérèse Martin, punika satunggiling suster Karmelit Katulik Roma ingkang dipunkanonisasi minangka santa lan ugi satunggiling Doktor Gréja, setunggal saking tigang wanita ingkang nampi penghargaan kasebat. Panjenenganipun ugi dipuntepangi minangka Sekar Alit Yesus.

Awal kagesangan[sunting | sunting sumber]

St. Thérèse dipunwiyosaken ing Alençon, Prancis, putrinipun Louis Martin ingkang Binerkahan, satunggiling pandamel jam, lan Marie-Azélie Guérin ingkang Binerkahan, pandamel rénda.[2]

Tiyang sepuhipun taat sanget kaliyan agama. Louis naté kepéngin dados biarawan, nanging dipuntulak amargi boten saged basa Latin. Azelie dipuntulak dados suster amargi dipunanggep boten kagungan vokasi; nanging, panjenenganipun nyuwun dhumateng Gusti supados dipunparingi kathah yoga lan kagungan pangajeng-ajeng misungsungaken dhumateng Gusti. Louis lan Zelie pepanggihan taun 1858 lan tigang wulan salajengipun palakrami. Kekalihipun kagungan sangan yoga, nanging namung gangsal putri ingkang saged gesang dumugi diwasa - Marie, Pauline, Leonie, Celine lan Therese. Therese punika ingkang ragil. Bisnis rénda Azelie suksès sanget saéngga Louis nyadé bisnis jamipun dhumateng ponakanipun lan nangani bisnis rénda garwanipun.

Zelie tilar donya amargi kanker payudara taun 1877, nalika Therese yuswa 4 taun lan bapanipun nyadé bisnisipun lan pindhah dhumateng Lisieux, ing Departemen Calvados ing Normandia. Ing mriku sadhèrèkipun, Azelie Isidore Guérin satunggiling apotèker manggen kaliyan garwanipun lan kalih putrinipun.

Therese sinau ing Biara Benediktin Notre Dame du Pré. Nalika panjenenganipun yuswa 9 taun, mbakyunipun Pauline, ingkang tumindak minangka "ibu angka kalih" kanggé piyambakipun, mlebet biara Karmelit ing Lisieux. Therese ugi péngin mlebet dhumateng biara Karmelit ingkang sami, Therese nyobi ngggabung dhumateng ordo kasebat, nanging dipuntulak amargi panjenenganipun tasih saklangkung anèm. Salajengipun, ingkang bapa ngajak Therese ziarah dhumateng Roma, lan nalika pidato Paus Leo XIII, panjenenganipun nyuwun dhumateng Paus supados ngidinaken mlebet biara ing yuswa 15, nanging Paus ngandika: "Anakku, turutana kaputusan Romo pamimpin."

Boten dangu salajengipun Uskup Bayeux ngidinaken Therese mlebet biara lan ing wulan April 1888 piyambakipun dados postulan Karmelit. Taun 1889 bapanipun nandhang stroke lan dibeta dhumateng sanatorium swasta, Bon Sauveur ing Caen. Bapanipun manggèn ing mriku 3 taun laminipun lan kundur dhumateng Lisieux taun 1892. Bapanipun tilar donya taun 1894. Sasampunipun ingkang bapa tilar donya, Celine, ingkang ngrawat bapanipun ugi mlebet biara ingkang sami kaliyan tiga sadhèrèk sanèsipun tanggal 14 September 1894; sepupunipun, Marie Guerin, tumut mlebet biara taun 1895. Leonie, sasampunipun nyobi makaping-kaping nanging boten katampi, ing pungkasanipun dados Suster Francoise-Therese, satunggiling biarawati ing Ordo Kunjungan Maria Suci ing Caen.

Cara Alit[sunting | sunting sumber]

Therese dipuntepangi minangka "Cara Alit." Salebeting ngupados kasucian dhiri, panjenenganipun sadhar bilih piyambakipun boten kedah nglampahi tindak kapahlawanan, utawi "jasa ageng", kanggé nggayuh kasucian lan nelakaken tresnanipun dhutameng Gusti. Panjenenganipun nyerat

"Katresnan kabuktèkaken kanthi tindakan, mila pripun kula nedahaken katresnan kula? Kula boten saged nindakaken perkawis-perkawis ingkang ageng. Cara ingkang saged kula tindakaken kanggé mbuktèkaken katresnan kula inggih punika kanthi nyebar sekar lan sekar puniki inggih punika pangorbanan ingkang alit sanget, saben sawangan lan tembung, lan perkawis ingkang kula tindakaken punika tindak katresnan ingkang paling alit."

"Cara Alit" puniki ugi muncul salebeting penyaketanipun dhumateng spiritualitas:[1]

"Sok-sok, nalika kula maos wacan rohani, ing pundi kasampurnan dipuntedahaken kanthi éwonan tantangan lan kathah ilusi ing sakiwatengenipun, pikiran kula ingkang alit lan winates cepet dados sayah, kula tutup buku kasebat, ingkang damel sirah kula kawilah lan manah kula ngelak, lan kula mundhut Alkitab. Lan sedayanipun dados padhang, saben tembung mbikak sikiling langit ing jiwa kula, kasampurnan kadosipun gampil sanget; Kula mriksani perkawis puniku cekap kanggé nyadhari alitipun satunggiling tiyang, lan maringaken satunggiling tiyang sadayanipun, kados satunggiling laré, dhumateng rengkuhanipun Gusti ingkang saé. Nilar kanggé jiwa ingkang ageng, lan pikiran ingkang ageng, buku-buku ingkang boten saged kula mangertos, kula bingah dados alit amargi 'namung laré-laré alit, lan laré ingkang kados laré-laré punika, ingkang bakal mlebet dhumateng pesta surgawi'."

Tembung-tembung kados mekaten mbikak Therese dhumateng tedahan bilih panjenenganipun kagungan rohani ingkang sentimental sanget lan malah kados bocah. Pandhukungipun nulak perkawis kasebat lan nélakaken bilih panjenenganipun ngembangaken cara panyaketan dhumateng kagesangan rohani ingkang gampil dipunmangertos lan saged dipuntumuti déning sedaya tiyang ingkang milih nindakaken perkawis kasebat, boten nyawang tingkat karumitan utawi pendhidhikan.

Perkawis puniki ugi kaserat salebeting panyaketanipun dhumateng donga: [2]

"Kanggé kula, donga asalipun saking manah; puniki arupi sawangan prasaja dhumateng Swarga, puniki arupi panyuwunan, pangakenan lan tresna, nggrengkuh pacobèn lan kabingahan; salebeting setunggal tembung, samubarang ingkang ningrat, supernatural, ingkang ngagengaken jiwa kula lan manunggalaken kaliyan Gusti... Kula boten gadhah kakendelan kanggé ngupados donga-donga èdah ing buku-buku... Kula nindakaken kados laré alit ingkang dèrèng sinau maos, Kula namung nyriyosaken dhumateng Gusti kita sedaya perkawis ingkang kula pénginaken lan Panjenenganipun mangertos."

Nandhang gerah dumugi tilar donya[sunting | sunting sumber]

Monumèn pasaréyan ing Gréja Santa Francis, ing Évora (Portugal).

Taun-taun akir Therese dipuntengeri kanthi kasehatanipun ingkang dangu-dangu saya asor lan piyambakipun tahan kanthi tabah lan tanpa nggresula. Ing dinten Jemuah Adi énjang, 1896, panjenenganipun ngalami medaling rah ing tutuk amargi hemoptisis paru-paru; tuberkolosis ingkang dipuntandhang tambah parah. Therese silih kirim serat kaliyan misi Karmelit ing Prancis Indocina, lan dipunundang kanggé nggabung kaliyan misi kasebat, nanging amargi penyakitipun, piyambakipun boten saged tindak. Wulan Juli 1897 panjenenganipun dipunpindhah dhumatng biara kanggé tiyang sakit, ing mriku panjenenganipun tilar donya tanggal 30 September 1897, ing yuswa 24. Nalika kapejahanipun, panjenenganipun nélakaken, "Kula sampun dumugi titik ing pundi kula boten saged ngalami kasangsaran malih, amargi sedaya kasangsaran puniki manis kanggé kula."

Réferènsi[sunting | sunting sumber]

Pirsani ugi[sunting | sunting sumber]

Pranala jawi[sunting | sunting sumber]