Rénda
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Rénda (saka basa Portugis: renda) iku kerawang (biku-biku) digawé saka bolah dirajut sing biasa dipasang ing pinggiran klambi, kain, bantal lan sapanunggalé.
Ana manéka jenis rénda:
- Rénda dom: rénda sing digawé migunakaké bolah lan dom.
- Cutwork: rénda sing digawé kanthi njupuk bolah saka kain sing ana.
- Bobbin lace: rénda sing digawé mawa bobbin (sepul bolah) lan bantal.
- Rénda rajut: rénda sing digawé kanthi rajutan.
- Rénda kait: rénda sing digawé kanthi ngait.
Galeri [sunting]
-
Pinggiran rénda bolah saka Pagunungan Erzgebirge Jerman taun 1884, ditampilaké ing Muséum Victoria lan Albert
-
Rénda bolah Armenia saka taun 2004.
-
Rénda kaitan Irlanda saka abad 19
-
Rénda tradhisional ñandutí saka Paraguay