Soe Hok Gie
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 11 September 2012 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 69 dinten 138 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Soe Hok Gie | |
|---|---|
Soe Hok Gie ing Pucuk Pangrango, 1967 |
|
| Lair | 17 Desember 1942 Jakarta, Indonesia |
| Pati | 16 Desember 1969 (umur 26) Semeru, Jawa Timur, Indonesia |
| Pasaréyan | Jakarta, Indonesia 6°10′19″S 106°49′09″E / 6.17203°S 106.819037°EKoordinat: 6°10′19″S 106°49′09″E / 6.17203°S 106.819037°E |
| Kabangsan | Indonesia |
| Ethnicity | Tionghoa Indonesia |
| Alma mater | Universitas Indonesia , Kolese Kanisius |
| Karya-karya wigati | Soe Hok Gie: Catatan Seorang Demonstran, Soe Hok Gie Sekali Lagi, Orang-Orang di Persimpangan Jalan, Di Bawah Lentera Merah |
| Agama | Katolik |
| Tiyang sepuh | Salam Sutrawan (Soe Lie Piet) (ayah) |
| Kulawarga | Arief Budiman (Soe Hok Djin) (kakak) |
| Soe Hok Gie | |||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| Traditional Chinese: | 蘇福義 | ||||||||
| Simplified Chinese: | 苏福义 | ||||||||
|
|||||||||
Soe Hok Gie (lair ing Jakarta, 17 Desember 1942 – tilar donya ing Gunung Semeru, 16 Desember 1969 nalika umur 26 taun) iku salah sawijining aktivis Indonesia, mahasiswa Fakultas Sastra Universitas Indonesia Jurusan Sejarah taun 1962–1969, demonstran, pênulis, lan anggota MAPALA UI. [1] Jênêng Soe Hok Gie kuwi dialèk Hokkian saka jeneng Su Fu-yi ing basa Mandarin (Hanzi: 蘇福義). Leluhuré Soe Hok Gie asalé saka provinsi Hainan, Republik Rakyat Cina. Dhèwèké kondhang amarga srêgêp nulis ing manéka mèdia massa lan buku cathêtan padinané ditêrbitaké dadi buku.
Bab lan Paragraf |
Pêndhidhikan [sunting]
Dilairaké saka kulawarga Tionghoa Indonesia, duwé bapak tukang nulis novèl. Mula kuwi wiwit cilik wis cêdhak karo sastra, jagad tulis, lan buku. Tuladhané nalika isih Sêkolah Dasar dhéweké wis maca karya-karya sastra abot kaya karangané Pramoedya Ananta Toer. [1] Nalika SD dhèwèké tunggal sêkolahan karo kangmasé, Soe Hok Djie (Arief Budiman). Nalika SMP dhèwèké nêrusaké ing SMP Strada, kangmasé ing Kanisius. Soe Hok Gie banjur nêrusaké pêndhidhikan SMA ing Kolese Kanisius jurusan Sastra. Ing jurusan iki dhèwèké wiwit kenal lan sênêng ngélmu Sejarah. Saka kuwi uga dhèwèké kenal politik. Sawisé lulus SMA, dhèwèké nerusaké mênyang Universitas Indonesia jurusan Sejarah.
Urip Padinan [sunting]
Soe Hok Gie kalêbu wong kang sênêng maca. Nalika SD wis maca tulisan-tulisané Pramoedya Ananta Toer, nalika umur 14 wis maca tulisané Mahatma Gandhi lan Rabindranath Tagore.[2] Dhèwèké uga sênêng nulis. Sabên dina dhèwèké nulis ing buku cathêtan padinan, saliyané kuwi dhèwèké kêrêp nulis artikel ing kalawarti lan koran. Amarga tulisan-tulisané, dhèwèké uga kondhang dadi salah sawijining aktivis mahasiswa taun 1965.
Karyane [sunting]
Geguritan [sunting]
Soe Hok Gie uga sêneng nganggit gêguritan. Gêguritan karyané kasêbar ing kalawarti, koran, lan buku cathêtan padinané. Gêguritan karyané yaiku:
- Mandalawangi – Pangrango. Kasêrat taun 1966.
- Sebuah Tanya. Kasêrat taun 1969.
- Pesan. Kasêrat taun 1973.
Saliyane gêguritan ing dhuwur isih ana gêguritan liyané sing ora ana irah-irahané.
Buku [sunting]
- Orang-Orang di Persimpangan Kiri Jalan
Buku iki diterbitake Yayasan Bentang taun 1997 saka skripsi S1ne babagan pemberontakan PKI Madiun.
- Di Bawah Lentera Merah
Buku iki diterbitake Yayasan Bentang taun 1999 saka skripsi sarjana mudane babagan Sarekat Islam Semarang.
Artikel [sunting]
Soe Hok Gie kerep nulis artikel ing koran-koran nasional, kayata Kompas, Harian Kami, Sinar Harapan, Mahasiswa Indonesia, dan Indonesia Raya. Artikel-artikel kuwi nalika taun 2005 diterbitake dadi buku dening Gagas Media kanthi irah-irahan Zaman Peralihan
Karya Babagan Gie [sunting]
Film [sunting]
Soe Hok Gie ora nggawe film, nanging ana film sing nyritakake Soe Hok Gie, irah-irahane Gie. Film iki karangane Riri Riza nalika taun 2005 kanthi Nicholas Saputra sing dadi tokoh utamane.
Buku [sunting]
- John Maxwell nulis buku biografi Soe Hok Gie kanthi judhul Soe Hok Gie - A Biography of A Young Indonesian Intellectual (Australian National University, 1997).
- Soe Hok Gie: Catatan Seorang Demonstran
Buku iki diterbitake LP3ES taun 2005 saka cathetan padinane.
- Soe Hok-Gie...Sekali Lagi: Buku Pesta dan Cinta di Alam Bangsanya
Karyane Rudy Badil, Luki Sutrisno Bekti, lan Nessy Luntungan R. Diterbitake Kepustakaan Populer Gramedia (KPG) nalika taun 2009.
Pranala njaba [sunting]
- (id) Kenangan Kepada Seorang Demonstran Soe Hok Gie
- (id) Lahirnya Seorang Demonstran
- (id) Soe Hok Gie
- (id) Resensi buku Soe Hok Gie oleh Arief Budiman
- (id) Soe Hok-Gie ...Sekali Lagi
Cathetan sikil [sunting]
- Artikel jroning owah-owahan gedhèn
- Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 sing perlu dirapèkaké
- Cithakan tanggal
- Artikel mawa hCards
- Artikel ngandhut tèks basa dudu Basa Inggris
- Lair 1942
- Pati 1969
- Tokoh Indonesia
- Tokoh saka Jakarta
- Aktivis Indonésia
- Tokoh Angkatan 66
- Gerakan mahasiswa
- Tionghoa-Indonesia
- Alumni Kolese Kanisius
- Alumni Universitas Indonesia