Nicholas Saputra
| Nicholas Saputra | |
|---|---|
![]() |
|
| Lair | 24 Februari 1984 (umur 29) |
| Pagawéyan | aktor |
| Taun aktif | 2002 - sapunika |
Nicholas Saputra (lair ing Jakarta, 24 Februari 1984; umur 29 taun) inggih menika aktor utawi bintang film saking Indonesia ingkang ngadhahi getih suku bangsa Jawa lan Jerman.[1] Naminipun wiwit misuwur awit main film Ada Apa Dengan Cinta (AADC) ing taun 2002.[1]
Bab lan Paragraf |
Karier [sunting]
Nicholas Saputra miwiti karieripun ing jagad model ing salah satunggalipun peragaan busana karya Samuel Wattimena.[1] Wiwit main film ing film AADC.[1] Nicholas ingkang nggadhahi bakat seni, sampun asring ndherek kasting film saderengipun dipuntampi main film AADC.[1] Nicholas sekolah ing bidang Arsitektur ing Fakultas Teknik Universitas Indonesia.[1] Nicholas angsal nominasi dados aaktor paling sae ing Festival Film Indonesia taun 2004 kagem peranipun ing film Biola Tak Berdawai lan Ada Apa Dengan Cinta, ananging Nicholas kalah saking aktor Tora Sudiro kanthi filmipun Arisan!. Taun 2005 Nicholas angsal nominasi malih ing Festifal Film Indonesia kanthi film Gie lan Janji Joni.[2] Ing adicara menika, Nicholas angsal kanugrahan minangka aktor paling sae.[2] Taun 2007, Nicholas main film 3 Hari untuk Selamanya kaliyan Adinia Wirasti. Film kanthi sutradara Riri Riza menika angsal apresiasi ingkang sae wonten ing festival film internasional.[1]
Filmografi [sunting]
| Taun | Film | Meranake | Cathetan |
|---|---|---|---|
| 2002 | Ada Apa dengan Cinta? | Rangga | |
| 2003 | Biola Tak Berdawai | Bhisma | |
| Arisan! | Cameo | ||
| 2005 | Janji Joni | Joni | |
| Gie | Soe Hok Gie | ||
| 2007 | 3 Hari untuk Selamanya | Yusuf | |
| 2008 | Cinta Setaman | Penjual DVD | |
| 3 Doa 3 Cinta | Huda | ||
| Drupadi | Arjuna | ||
| 2011 | Sarinah | Rana | |
| 2012 | Kebun Binatang | The Magician | |
| 2012 | Kita Versus Korupsi | Crita cekak kalara saking papat crita kang kasusun "Aku Padamu". |
Pranala njawi [sunting]
- Nicholas Saputra di Internet Movie Database
- (id) "Nicholas Saputra: Berkah Mata Berbicara", KOMPAS, 1 Februari 2002
- (id) "Nicholas Saputra: Enggan Akting Sampai Tua", KOMPAS, 30 November 2005
- (en) "Blog Nicholas di Channel V"
Cathetan suku [sunting]
| Awards and achievements | ||
|---|---|---|
| Sing mengku sadurungé: Tora Sudiro Film : Arisan! (2004) |
Pemeran Utama Pria Terbaik (Festival Film Indonesia) Film : Gie (2005) |
Diganti déning: Albert Fakdawer Film : Denias, Senandung di Atas Awan (2006) |
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
