Sami Yusuf
| Sami Yusuf | |
|---|---|
[[Image: |150px|alt=|Sami Yusuf]]Sami Yusuf
|
|
| Latar wuri | |
| Jeneng | Siamak Rad-manesh (Farsi: سيامک رادمنش) |
| Lair | Juli 1980 (age 32) |
| Génré | Spiritique |
| Pegawéyan | penyanyi, pencipta lagu, komposer, produser dan musisi multi-instrumentalis |
| Instrumèn | piano, keyboard, biola, tar, santour, tombak, tabla, tar, oud, |
| Taun aktif | 2003–present |
| Label | ETM International 2009-Present |
| Magepokan karo | Ian Brown, Sezen Aksu, Conner Reeves |
| Situs wèb | SamiYusufOfficial.com |
Sami Yusuf yaiku sawijining penyanyi sarta penulis tembang Inggris, komposer, produser, lan uga musisi.[1]
Bab lan Paragraf |
Lair[sunting]
Sami Yusuf lair tanggal 1 Juli 1980 ingAzeri .[1] Dheweke lair saka kulawarga pemusik.[2] Dheweke asale saka Iran Teheran.[3]
Kulawarga[sunting]
Yusuf yaiku anak ragil saka kulawarga trah Azerbaijan kang netep ing London. Banjur Yusuf nikah karo sawijining wanita saka Jerman.[4]
Sami lan Musik[sunting]
Sami ndadekake musike sing Islami nduweni makna dhewe. Nyinaoni instrumen musik sakawit nom ndadekake dheweke nduweni minat karier jroning musik lan nulis. Ing umure sing isih kaetung nom, dheweke wis bisa dolanan piano, biola, tar]], tombak, santour, DAF, tabla, lan oud. Dheweke uga nduweni swara kang apik lan pengerten marang harmoni musik. Debut album utamane kang judhule album inovatif, Al-Muallim wis kaadol kurang luwih 3 yuta copy lan kasil entuk penggemar ing Timur Tengah, Afrika Utara, lan negara-negara ing Asia Tenggara.[1]
Akeh wong kang seneng marang gagahe lan tata kramane, saengga akeh penggemar niru apa kang dilakokake dening Sami jroning lagune. Penggemare uga ngakoni menawa tembange Sami bisa ngowahi uripe dadi luwih apik.[1]
Pendhidhikan[sunting]
Sami nate sinau ing Lembaga Royal Academy of Music, sawijining lembaga kang paling apik jroning donya musik, ana ing London, Inggris.[5]
Prestasi[sunting]
Ing wulan Juli 2009, dheweke entuk gelar doktor saka Roehampton University kanggo kontribusi kang luar biasa ing bidang musik.[3]
Samipun nate mlebu jroning berita luar negri kayata CNN, BBC, ABC, Al Jazeerah, lan saben saluran TV utama ing Timur Tengah lan Turki.[1] Majalah Time uga muji dheweke kalebu Bintang rock Islam lan Kaum [[]Muslim]] Inggris sing paling kawentar ing donya.[6]
Sami Yusuf nolak kawentaran,posisinya sing dadi seniman yaiku kapercayan suci lan dikurmati jroning nglayani sapadha-padha manungsa. Dheweke ora kenal rasa kesel dadi duta kamanungsan jroning badan amal kalebu sing dsponsori dening PBB, Save the Children kang tujuane kanggo njunjung korban banjir ing Pakistan taun 2010.[1]
Sami uga kalebu salah sawijining manungsa kang nduweni pengaruh ing [[Inggris[[ jroning dekade terakhir. Suwene 7 taun dheweke wis bisa ngowahi ati lan pikiran yutonan manungsa saka Timur Tengah, Eropa, Amerika Lor, lan Afrika Lor. [1]
Sami Yusuf uga didukung dening pamarintah Inggris dadi ujung tombak jroning upaya kanggo ngadhem-ngadhemi pamarintah Sudan supaya mandheg saka kekerasan ing propinsi Sudan wetan iku.[7]
Diskografi[sunting]
- Sami ngetokake albume taun 2003 kanthi judhul "Sami 'al-Mua'llim".
Rilis: Juli 2003, wis kaadol luwih saka 2 yuta, single: "Al-Mu'allim" dan "Doa".[3]
- Album kapindhone yaiku "My Ummah".
Rilis: September 2005, wis kaadol luwih saka 4 yuta, single: "Hasbi Rabbi", "Mother" dan "Munajat".[3]
- Album ketelune Sami yaiku "Without You" dirilis taun 2009 kang isine kompilasi demo lan sketsa dening Awakening records lan ditambahke 2 tembang nalika konser ing Wembley lan nalika tour musik ing Amerika Serikat kang disponsori dening Islamic Relief.[8]
- Wherever you are
Rilis: Juli 2010.[3]
Cathetan suku[sunting]
- ^ a b c d e f g (id)[1] Sami Yusuf(diaksés tanggal 14 September 2011)
- ^ (id)[2] Sami Yusuf(diaksés tanggal 14 September 2011)
- ^ a b c d e (id)[3] Sami Yusuf(diaksés tanggal 14 September 2011)
- ^ (id)[4] Sami Yusuf(diaksés tanggal 14 September 2011)
- ^ (id)[5] Sami Yusuf(diaksés tanggal 14 September 2011)
- ^ (id)[6] Sami Yusuf(diaksés tanggal 14 September 2011)
- ^ (id)[7] Sami Yusuf(diaksés tanggal 14 September 2011)
- ^ (id)http://event-jakarta.com/index.php?option=com_content&view=article&id=137:bulan-fitri-sami-yusuf-konser-di-jakarta&catid=52:hot-news] Sami Yusuf(diaksés tanggal 14 September 2011)
