Piyul

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Piyul
Violin VL100.jpg
Piranti musik senar
Klasifikasi Piranti musik senar (digesek)
Klasifikasi Hornbostel–Sachs 321.322-71
Jangka
Range violin.png
Instrumèn kagandhèng
Pemusik
Gambar Piyul

Piyul yaiku salah siji alat musik kelompok violin kang kasusun saka piyul cilik (biola kecil), piyul madya (biola menengah), piyul gedhe (biola besar) lan piyul bass (biola bass).[1] Piyul diunèkaké kanthi cara digèsèk.[1]

Sujarah[sunting | sunting sumber]

Miturut cathetan kuno bangsa Aria ing India, Raja Ravana saka nagari Sri Lanka nyiptakaké sawijiningé alat musik kang nganggo senar-busur kang diarani Ravanastron, 5000 taun kepungkur. Nalika abad 1, Ravanastron nyebar nganti tekan Afghanistan lan Persia. Nalika jaman karajan Tokharistan ing Afghanistan, wujude Ravanastron malih dadi bentuk Pipa (piranti musik petik saka Tiongkok), papan ndhuwure rata, gegere asale saka kayu wutuh kang diukir cekung, rada alus titi larase lan resonansine rada gedhé. Nalika abad 7, ravanastron nyebar nganti Arab lan nalika jaman Islam ravanastron jenengé malih dadi Rebab.[1]

Piyul kang wujude kaya saiki (moderen) diwiwiti saka negara Italia, pase ing Italia lor nalika abad ka-16, ing kutha plabuhan Venice lan Genoa kang dadi dalan tumuju Asia Tengah lewat dalan lor.

Wujude piyul kang modhèrn wis kena pengaruh saka piranti-piranti musik, utamané saka negara-negara Arab.[2] Ana telung werna piranti musik kang dianggep dadi bibite piyul, yaiku rebec, vielle (piyul abad Renaisans), lan lira da braccio. Salah siji cerita perkara piyul, kalebu kepriye carane nyetel, ana ing Epitome musical karangane Jambe de Fer, kang diterbitake ing Lyon nalika taun 1556.[3] Saya suwe piyul nyebar ing Eropa.

Piyul kang paling tuwa ditemokaké nggunakake patang senar, kaya piyul modhèrn kang digawé déning Andrea Amati nalika taun 1555. Piyul kang mung nggunakaké telung senar diarani violetta. Piyul jaman biyèn cepet banget anggoné misuwur, amarga gampang dikenal déning para bangsawan lan para pamusik ing dalan, utawa pengamèn. Kasunyatan, raja Prancis Charles IX ngutus Amati kanggo gawé 24 piyul nalika taun 1560. Piyul paling tuwa kang ana nganti saiki iku salah siji saka 24 piyul kang digawé déning Charles IX, lan diwènèhi jeneng "Charles IX", digawé ing Cremona taun 1560.[4] Pyul jaman Renaisans kang paling apik amarga ana ukirané yaiku Gasparo da Salò (1574) kang dinduwèni Ferdinand II, Adhipati Agung Austria, banjur wiwit 1841, piyul iku musuwur karo virtuoso Norwegia Ole Bull, kang nggunakak piyul iku nganti patang puluh taun lan èwunan pentas. Saiki piyul kasebut disimpen ana ing Vestlandske Kustindustrimuseum ing Bergen, Norwegia.The Messia utawa Le Messie (uga dikenal minangka Salabue) kang digawe dening Antonio Stradivari nalika taun 1716 durung tau digunakaké. Piyul kasebut ana ing Museum Ashmolean ing Oxford.[5]

Abad ka-18, piyul digawe beda banget karo sadurunge, utamane ing ukuran dawa lan pojok ing gulu piyul. Bentuk kang saiki dadi standar wujud piyul sadonya. Bedane wujud piyul jaman biyen lan saiki ndadekake suwara kang kabentuk uga beda, nanging sing dianggo pathokan utawa standar wujud piyul yaiku wujud piyul kang saiki.[6]

Nganti saiki piranti musik kang digawé déning Stradivari lan Guarneri del Gesù, dadi piranti musik kang dadi incceran déning para kolektor utawa pandhemen lan pamusik piyul. Paling dhuwur rega piyul kang digawé Stradivari nganti AS $3.544.000 ing lélang nalika tanggal 16 Mei 2006. Kabèh piyul nduwèni jeneng kang béda karo loyané, piyul kang paling larang Stradivari nduwèni jeneng Hammer (menthik) kang digawé taun 1707.[7]

Bageyan Piyul[sunting | sunting sumber]

Cagak ing sajerone piyul kang katon saka bolongan F

Piyul iku kaperang saka pirang-pirang bagéyan, kayata; awak piyul, gulon piyul, jembatan piyul, papan driji, senar, lan werna-werna piranti kang nyengkuyung nalika pyul digunakaké. Piranti kasebut kayata pasak kanggo nyetel kanggo saben senar, buntut piyul kanggo nyangga senar, pin lan tali kanggo nahan buntut piyul, lan werna-werna piranti kanggo nyetèl ing buntut piyul yen diperlokaké, ditambah manèh piranti kanggo nyangga janggut.

Awak piyul kapérang saka rong papan suwara kang mlengung kang digandhengake déning kayu kang diarani iga piyul kang ditèmpèlaké nganggo lém kéwan, lém kulit kéwan, utawa resin. Iga piyul kapérang saka papat sudhut, bageyan ngisor, lan garis tipis kang diarani lapisan njero, kang mbiyantu nahan lekukan ing iga piyul, lan isa uga kanggo ngambakake papan kanggo lem. Dideleng saka ngarep lan buri, wujude awak piyul kaya wujudé jam pasir. Rong lekukan kaya aksara C ing kiwa tengene nggawé ruwangan kanggo busur piyul obah.

Umumé bagéyan dhuwur piyul digaw saka kayu spurce, kaya kayu cemara, kang diukir nganti wujudé simetris lan diwènèhi bolongan suwara loro (utawa bolongan -F, dijenengi bolongan-F amarga wujudé kaya aksara F). Bolongan suwara kasebut mebawani marang suwarané piyul, lan uga minangka bolongan kanggo ambegan piyul nalika hawa beresonansi ing jeroné. Ing pinggir papan iki digawé lekukan garis kang diarni purfling, garis iki kanggo ngalangi senthèt saka pinggir. Purfling palsu kang dicat ing papan piyul biyasané dadi pratandha yèn kuwalitas pyul iku èlèk. Balok cilik dipasang ing sadhuwuré papan piyul, dhuwure padha karo sadhuwuré jembatan piyul, kanggo nambahi bobot papan dhuwuré piyul.

Jembatan anyar lan jembatan kang wis dadi

Bagéyan mburi lan pinggir piyul digawé saka kayu mapel, biyasa dipilih kang aluré padha. Bagéyan mburi piyul umumé digawé saka kayu utuh kang diukir kanthi simetris utawa padha. Bagéyan iki uga asring dibentuk purfling sanajan ora pati ana pengaruh marang piyul. Ing piyul antik kadhang diwènèhi cèt lan tulisan tangan minangka gantiné purfling ing bagéyan buri. Ana bagéyan kang mblendhuk, setengah bunder kang ana ing bagéyan kang cedhak karo gulu piyul kanggo nambahi panggonan kanggo ngelèm . Blendhukan kasebut wigati kanggo sembungan gulu piyul lan awak piyul, nanging nalika ngukur dawané piyul, bagéyan iki ora diitung.

Patang piranti tambahan kanggo nyetel ing saben senar

Gulu piyul biasane digawwe saka kayu mapel kang padha karo bageyan buri lan pinggir awak piyul. Ing gulu piyul ana papan driji kang digawe saka kayu eboni utawa kayu liya kang dicat ireng. Kayu eboni asring dipilih dening tukangh gawe piyul amarga kayune atos, lan awet. Piyul kang tuwa digawe saka kayu mapel kanggo papan driji lan dipernis karo kayu eboni. Ing papan driji kang dhuwur ana garis kayu kang mbendul, asring kayu eboni utawa kayu gadhing kang diarani sadel dhuwur. Blendhukan iki digunakake kanggo jembatan landesan senar, kaya jembatan piyul kang digunakake kanggo kaperluan kaya awake piyul.

Jembatan piyul diukir kanthi ati-ati saka kayu mapel lan nduweni guna dhewe-dhewe, lengkungan ndhuwur kanggo nahan senar nalika ing tingkat tartemtu saka papan driji kang bentuke mlengkung supaya bisa digesek dhewe-dhewe (utawa bebarengan) lan dadi papan kanggo ngeterake getaran suwara saka senar tumuju awak piyul. Jembatan iki saweise dipasang uga isa diobahke kangggo nyetel suwara piyul.

Bageyan buntut piyul iku panggonan pucuk ngisor senar kang diselipke ing jerone patang bolongan. Asring uga ing senar E diwenehi penyetel tambahan kanggo nggampangake anggone nyetel, nanging kanggo senar liyane uga isa ditambahi penyetelan tambahan kaya senar E. Ana uga pemain piyul kang ora nambahi piranti penyetalan amarga nambahi bobote piyul lan ngowahi suwara kang diasilake dening piyul.

Busur Piyul[sunting | sunting sumber]

Busur piyul kaperang saka sawilah kayu lan pirang-pirang rambut jaran kang dipasang saka pucuk tekan pucuk. Ing salah siji pucuke diwenehi sekrup kang digunakake kanggo ngencengi (nalika arep digunakake), utawa ngendhoni (nalika disimpen) rambut kasebut. Ing cedhake sekrup ana cekelan jempol lan driji liyane.

Rambut kang digunakake kanggo busur piyul iku biyasane saka rambut jaran putih lanang, amarga werna rambute putih semu emas, nanging ana uga busur kang nggunakake senar saka bahan sintetis. Yen busur piyul asring digosok nggunakake gala (Basa Inggris: rosin) bakal ndadekake cengkremane busur ning senar dadi luwih stabil lan gampang diatur, ora gampang ucul, lan isa uga ngrewangi teknik geter. Wilah kang digunakake biyasane nggunakake kayu pernambuco supaya asile apik, utawa kayu brasil kang regane murah. Busur kang murahan biyasane nggunakake serat gelas. Ana uga saiki kang nggunakake serat karbon kanggo bahan gawe wilah busur piyul.

Senar Piyul[sunting | sunting sumber]

Senar digawe saka usus wedhus, dibatek, digaringake banjur diplintir. Banjur ana cara nyampuri logam ing senar usus. Asile saka nyampuri iku ndadekake senar luwih kuwat lan luwih imbang, lan isa luwih dikencengake, suwara kang diasilake luwih gedhe. Dibandhingake karo senar sintetis kang akeh digunakake saiki, senar usus luwih apik anggone ngasilake suwara.

Senar modhèrn nggunakaké waja atos, waja untingan, utawa bahan sintètis. Kabèh senar untingan lan senar saka waja atos dirangkepi werna-werna logam kanggo ngatur boboté, dhiamèter, lan kadhar banyu. Senar paling dhuwur E biyanasé dirangkepi karo waja atos kang terkadhang uga dicampuri alumunium supaya ora "siulan". Rangkepan emas digunakaké supaya ora tèyèngen lan ngurangi siulan. Baja kang ora kena tèyèngen supaya ora ngasilake suwara kang béda. Senar kang intiné arupa bahan sintètis nggabungaké kuwalitas senar usus supaya senare bisa kuwat, awèt, lan stabil. Senar iki luwih gampang malih amerga owahing temperatur tinimbang senar saka bahan logam.

Ukuran Piyul[sunting | sunting sumber]

Ukuran piyul diwiwiti saka ukuran paling cilik 1/16, 1/10, 1/8, 1/4, 2/4 (1/2), 3/4, lan piyul kanggo wong enom 4/4. Ana uga piyul kang ukurané 1/32 kang ukurané cilik banget.

Dawané awak (gulu ora kaetung) piyul kang ukurané 4/4 kurang luwih 36 cm (utawa luwih cilik miturut modhèl saka abad ka-17). Piyul 3/4 dawané 33 cm, 1/2 dawané 30 cm. Minangka kanggo mbandhingaké viola utuh dawané 40 cm.

Kanggo nentokaké ukuran piyul kang pas kanggo bocah, biyasané bocah iku dikongkon nyekel piyul lan tangané kudu nyandhak tekan pucuk gulungan sirah piyul.

Kanggo wong kang nembé sinau piyul, biyasané nggunakaké tandha ing papan driji kanggo nandhani panggonan driji tangan kiwa, nanging yèn wis biyasa banjur dicoplok. Cara kang liya yaiku mènèhi titik putih kanggo tandha panggon driji kang saya suwé bakal ilang nalika latihan.

Piyul biyasané nggunakaké tangan tengen kanggo nyekel busur lan tangan kiwa kanggo menek senar, sanajan wong kidal, nanging ana uga kang nganggo kanthi cara sawaliké.

Carane nggunake[sunting | sunting sumber]

Wong dolanan Piyul

Umume wong nggunakake piyul iku nyekel piyul ing tangan kiwa lan busure ing tangan tengen. Carane yaiku, piyul dicekel kato tangan kiwa, banjur cepitan kang kanggo janggut dicepit karo janggut lan pundhak kiwa, isa uga direwangi karo bahu. Dolanan piyul isa dilakokake kanthi ngadek lan lungguh ing kursi. Carane nganggo piyul iku digesek karo busur, isa uga dipetik nganggo driji tengen (kang diarani cara pizzicato). Nanging ana uga kang nggunakake driji tangan kiwa kanggo metik senar piyul.[8]

Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Piyul&oldid=830188"