Teheran
Teheran (utawa Tehran) (basa Persia: تهران), populasi 8.000.000 (metropolitan: 10.000.000), iku ibu kutha negara Iran lan salah siji kutha donya sing wigati. Luwih saka setengah indhustri Iran manggon ing kéné. Indhustri mau yaiku prodhuksi mobil, elektronik lan piranti elektrik, gegaman, tekstil, gula, semen lan prodhuk kimia. Teheran uga pusat pangadolan karpet lan mebel misuwur. Sawijining kilang lenga ana cerak Teheran.
Teheran iku kutha sing sarat karo kauripan sing ana ing sikil pagunungan Alborz kanthi jaringan dalan tol sing ora ana tandhingané ing Asia Kulon. Teheran uga arupa hub jaringan sepur Iran. Akèh muséum gedhé, pusat seni, komplèks istana sing ana ing Teheran. Komunitas masarakat arupa kaum Persia, Azeris, Armenia, Yahudi lan Afghan. Papan ngibadah arupa mesjid, gréja lan sinagoga.
Pranala njaba [sunting]
Pirsani pandhuan wisata Teheran ing Wikivoyage
- (en) TehranAvenue.com
- (en) Teheran ing farsinet.com
- (en) TehranMetro.com
- (en) Ngenani Teheran
- (en) Tehrantraffic.com
- (en) Tugu Shahyad
- Organisasi Warisan Budaya Teheran (basa Persia)
