Piano
Steinway grand piano |
|
| Keyboard instrument | |
|---|---|
| Klasifikasi Hornbostel–Sachs | 314.122-4-8 (Simpel chordophone kaliyan keyboard) |
| Inventor(s) | Bartolomeo Cristofori |
| Digawé | Awal Abad ke-18 |
| Jangka | |
Piano inggih menika piranti musik ingkang dipuntabuh kanthi asta. Tiyang ingkang asring mainaken piano asring sinebat pianis.[1][2] Ing wiwitanipun piano dipunripta, swantenipun taksih dereng seru tinimbang piano ingkang wonten ing jaman samenika (abad XX-an), kados piano ingkang dipunripta dening Bartolomeo Cristofori (1655 – 1731) damelan taun 1720.[1][2] Amargi teganganipun senar piano ing wekdal semanten taksih dereng langkung kiyat kados samenika. Samenika piano kasebat dipunpameraken ing Metropolitan Museum of Art ing New York.[1] Taksih dereng wonten ingkang saged demtokaken sinten ingkang ngripta piano, kathah tiyang ingkang ngakeni menawi Bartolomeo Cristofori ingkang ngripta piano.[1] Piano ugi sanes piranti musik ingkang wiwitan ingkang ngangge papan tuts lan kerjanipun kanthi dipunpetek.[1] Piranti musik kanthi prinsip meh sami kaliyan piano sampun wonten wiwit taun 1440.[1] Piano dipunripta saking kekajengan badhe nggabungaken kaendahanipun nada clavichord kanthi kekiyatanipun harpsichord.[1] Kekajengan menika damel Marius saking Paris (1716), Schroter saking Saxony (1717), lan Christofori (1720) saking Padua, Italia, kangge damel piano.[1] Ananging asil inkang wutuh lan jangkep nembe dipunpameraken dening Bartolomeo Christofori. Saking piano damelanipun harpsichord lan spinet (harpsichord alit) ing Istana Florentine - dalemipun Pangeran Ferdinand de’Medici.[1]
[sunting] Cathetan Suku
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.