Orong-orong
| Orong-orong | |
|---|---|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Arthropoda |
| kelas: | Insecta |
| ordo: | Orthoptera |
| Suborder: | Ensifera |
| Superkulawarga: | Grylloidea |
| kulawarga: | Gryllotalpidae Saussure, 1870 |
| Genera | |
|
lihat teks. |
|
Orong-orong yaiku kéwan saka kulawarga srangga kang ukurane cilik, wernané coklat padang lan pèteng , nduweni kulit kandel kang urip ana ing lemah. Orong-orong sawah Jawa kasebut anggé-anggé, ing Sunda kasebut gaang, ing basa Toba kasebut singke. Ing basa Inggris dikenal karan mole cricket, utawa "jangkrik tikus mondok". Kabeh kagolong ing kulawarga kulawarga Gryllotalpidae. Orong-orong uga kagolong déning kéwan kang mangan macem-macem, kagolong karnivora. Panganané yaiku ana srangga utawa cacing . Bisa uga mangan oyot wit utawa suket menawa ora nemukake panganan. Orong-orong kang mangan oyot lan suket utawa ijo-ijonan bisa di kelompokake kulawarga wereng. Orong-orong bisa uga dipangan ing kéwan liyané kayata manuk , pitik tikus lan sakpanunggalé
Orong-orong yaiku kéwan langka kang ndhuweni sifat seneng ndélek ana ing bolongan lan wayah wengi dianggo ngolek pangan. Sakjroning urip seneng ana ing sawah kang garing, ara-ara, tegalan lan lapangan suket.
Mumpangate ing sakjroning panguripan manungsa ora penting lan ora ngérusak.. Kéwan iki kalebu ing kulawarga wéréng karana tumindaké utawa pangané. Ing Asia Wétan kéwan iki kadang-kadang bisa uga di olah/dimasak lan pangan.Sato iwen kang ana ing masyarakat bisa uga orong-orong dianggo pakan. Orong-orong ing cina uga bisa diolah dadi bahan obat. Orong-orong dumunung uripé wis kepathi langka karana alihané papan uripé lan erosi lemah .Kasebab langkané karana obat wereng kang nganggu anak pinak kéwan kasebut.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Jenis
Kapengkar ana 30-an jenisé orong-orong.
- tribus Gryllotalpini
Papat jenisé kang pisanan bisa ana ing tlatah Indonésia, kang utama ing Indonésia bagean kulon nganthi Pulo Sumba.[1]
- tribus Scapteriscini
[sunting] Gallery
| Wikispecies duwé informasi ngenani |
[sunting] Catatan kaki
[sunting] Pranala nyaba
- Mole Cricket Knowledge Base at UF IFAS
- mole crickets, Scapteriscus spp. on the UF / IFAS Featured Creatures Web site
- mole cricket nematode on the UF / IFAS Featured Creatures Web site
- Larra spp., mole cricket hunters on the UF / IFAS Featured Creatures Web site