Menungsa
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
|
Manungsa utawa wong bisa dimangertèni sacara werna-werna, yakuwi miturut biologis, rohani, lan istilah kabudayan, utawa sacara campuran. Sacara biologis, manungsa diklasifikasèkaké minangka Homo sapiens (Basa Latin kanggo manungsa), sawijining spesies primata saka golongan mamalia sing dipepaki nganggoutek sing duwé kemampuan dhuwur.
Ing babagan karohanian, manungsa dijelasaké nganggo konsèp jiwa sing nduwèni manéka warna variasi, jroning agama, dimangertèni ing hubungané karo kakuwatan kaTuhanan utawa makhluk hidup; jroning mitos, manungsa uga kerep dibandhingaké antara ras siji lan sijiné. Jroning èlmu antropologi kabudayan, manungsa dijelasaké adhedhasar basané, organisasi manungsa jroning masarakat majemuk sarta tuwuhing teknologi, lan utamané adhedhasar kamampuan mbangun klompok lan lembaga kanggo dhukungan siji lan sijiné sarta awèh lan nampa pitulung.
Panggolongan manungsa sing paling utama yakuwi adhedhasar jinis kelamin. Sacara alamiah, jinis kelamin anak sing lagi lair kuwi lanang utawa wadon. Wong enom lanang dikenal minangka putra lan sawisé ngancik diwasa dadi pria. Bocah enom wadon diarani putri lan sawisé ngancik diwasa banjur diarani wanita.
Panggolongan liyané yakuwi adhedhasar umur, wiwit saka janin, bayi, balita, bocah, remaja, akil balik, pemuda/i, diwasa, lan (wong) tuwa.
Saliyané kuwi isih akèh panggolongan-panggolongan liyané, adhedhasar ciri-ciri fisik (werna kulit, rambut, mata; wangun irung; dhuwur awak), afiliasi sosio-pulitik-agama (penganut agama/kapercayan XYZ, warga negara XYZ, anggota partai XYZ), hubungan kekerabatan (kulawarga: kulawarga cedhak, kulawarga adoh, kulawarga tiri, kulawarga angkat, kulawarga asuh; kanca; mungsuh) lan sapanunggalané.
Tokoh kuwi istilah kanggo wong sing misuwur (upamané 'tokoh pulitik', 'tokoh film', 'tokoh sing nampa bebungah', lsp).
Bab lan Paragraf |
[sunting] Raga/Fisik
Wujud fisik manungsa beda-beda miturut faktor keturunan, lingkungan, budaya uga gizi panganan. Ukuran umume (rata-rata) yaiku antara: dhuwur 160 cm nganti 180 cm, bobot 45 kg nganti 80 kilogram. Kelir kulit uga beda-beda miturut iklim habitate, umume variasi kelir antara ireng nganti putih rada abang. Fisik menungsa ketata saking rangka balung, daging nganti kulit ing bagian jaba.
[sunting] Batin
[sunting] Roh/Jiwa
[sunting] Jinis
[sunting] Kelamin
[sunting] Umur
[sunting] Ras
[sunting] Asal-Usul
[sunting] Asal menungsa miturut Agama
[sunting] Teori evolusi manungsa
[sunting] Individu lan Sosial
[sunting] Mangga Pirsani

