Inti Atom

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Gambaran sèmi-akurat saka atom helium. Inti atom, proton digambaraké kanthi werna jambon lan neutron ungu. Gambaran nyatané, inti atom uga wujudé bunder simètris.

Inti atom utawa nukleus yakuwi pusaté atom. Inti atom kuwi ana proton lan neutron. Akèhé proton sakjeroné inti atom disebut nomer atom, lan nemtokaké èlemèn saka atom.

Ciliké inti atom luwih cilik manèh tinimbang ukurané atom, inti atom kuwi saka proton lan neutron, ora ana èlèktroné.

Gunggungé netron ing inti atom kuwi nemtokaké isotop èlemèn kasebut. Gunggungé proton lan netron sakjeroné inti atom kuwi sesambungan; biyasané ing gunggung kang padha, sakjeroné nukleus kang gedhé ana netron kang luwih. Sakloron kuwi gunggungé nemtokaké jinis nukleus. Proton lan netron nduwèni massa kang mèh padha, lan gunggungé saka sakloron massa kasebut dijenengi nomer massa, lan aboté mèh padha karo massa atom (saben isotop nduwèni massa kang unik/kusus). Massa saka èlèktron cilik banget lan ora nyumbang akèh kanggo massa atom.

Pangatonan nuklir[sunting | sunting sumber]

Inti atom (DNA) kuwi ana proton lan neutron, neutron kuwi sing paling kenceng. Gaya èlèktromagnèt kang nyebabakaké kaya arus (muatan), nyegah proton mbentuk iketan tanpa neutron (gaya èlèktromagnètik kasebut bakal ngremukaké inti nuklir - iketan tanpa neutron). Nalika neutron lan proton ana ing let kang cedhak banget, ditahan déning gaya nuklir kang kuwat. Gaya nuklir kuwat iki luwih kuwat yèn dibandhingaké karo gaya gravitasi utawa dibandhingaké karo gaya èlèktromagnèt, ananging gaya nuklir kang kuwat iki namung bisa ditemoni menawa leté cedhak banget (béda karo ukum gaya gravitasi lan èlèktromagnèt kang nduwèni jangkowan kang ora bisa diétung) ora bisa dirasakaké ing kauripan sadina-dinané. Hidrogen yakuwi unsur kang ora nduwèni neutron sakjeroné inti; inti hidrogen mung 1 proton. Wujud stabil saka helium, unsur paling ènthèng, nduwèni 2 proton lan 2 neutron. Gedhené unsur ènthèng stabil nalika nduwèni neutron lan proton kang gunggungé padha, ananging luwih abot utawa gedhené unsur, dhèwèké bakal mbutuhaké luwih akèh neutron supaya bisa tetep nggabung dadi siji.

Isotop[sunting | sunting sumber]

Isotop atom ditemtokaké déning gunggungé neutron ing sakjeroné inti. Isotop kang béda saka unsur kang padha nduwèni sipat kimia kang mèmper banget amarga réaksi kimia kabèhané gumantung karo gunggungé èlèktron kang diduwèni atom. Isotop-isotop saka sampel saka unsur tartemtu bisa dipisahaké migunakaké sentrifugasi utawa spektometer massa. Cara pisanan digunakaké kanggo mrodhuksi uranium kang disugihaké saka sampel uranium biyasa lan cara kang kaping loro digunakaké ing métodhe pananggalan karbon (carbon dating).

Gunggungé proton lan netron nemtokaké tipe saka nukleus utawa inti atom. Proton lan neutron nduwèni massa kang padha, lan kombinasi gunggungé, massa, rata-rata = massa atomik saben atom. Kombinasi massa saka èlèktron cilik banget pabandhingané kaya massa nukleus, amarga aboté proton lan neutron nganti kaping 2000 massa èlèktron.

Delengen uga[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Inti_Atom&oldid=864531"