Harmoko
|
Harmoko
|
|
![]() |
|
|
|
|
|---|---|
| Mangsa jabatan 1997 – 1998 |
|
| Pejabat sadurungé | Wahono |
| Mangsa jabatan 1998 – 1999 |
|
| Pengganti | Amien Rais |
|
|
|
| Mangsa jabatan 1997 – 1998 |
|
| Pejabat sadurungé | Wahono |
| Mangsa jabatan 1998 – 1999 |
|
| Pengganti | Akbar Tandjung |
|
|
|
| Mangsa jabatan 19 Maret 1983 – 16 Maret 1997 |
|
| Pejabat sadurungé | Ali Murtopo |
| Pengganti | R. Hartono |
|
|
|
| Lair | 7 Februari 1939 (umur 74) |
| Agama | Islam |
Harmoko (lair ing Desa Patihanrowo, Kertosono, Nganjuk, Jawa Timur, 7 Februari 1939; umur 74 taun) yaiku politikus Indonésia kang tau dadi Menteri Penerangan Republik Indonesia ing mangsa Orde Baru, lan Ketuwa MPR ing pemerintahan BJ Habibie.[1] Dheweke tau dadi ketuwa Persatuan Wartawan Indonesia, lan dadi Menteri Penerangan ing ngisore pemerintahan Soeharto.[1]
Ing taun 1960-an, sakwise lulus saka SMA, dheweke kerja dadi wartawan lan uga kartunis ing Harian Merdeka lan Majalah Merdeka.[1] Ing taun 1964 dheweke nyambut gawe dadi wartawan ing Harian Angkatan Bersenjata, lan Harian API ing taun 1965.[1] Sakliyane kuwi, dheweke uga dadi pemimpin redaksi majalah basa Jawa, Merdiko (1965).[1] Sakwise kuwi ing taun (1966-1968), dheweke dadi pemimpin lan penanggung jawab Harian Mimbar Kita.[1]
Karier Politik[sunting]
Wektu dadi menteri Penerangan, Harmoko ngedekake gerakan Kelompencapir (Kelompok pendengar, pembaca lan pemirsa) kang digunakake kanggo sarana nyebarake informasi saka pemerintah.[2] Harmoko bisa kasil mempengaruhi asile pemilihan umum (Pemilu) kanthi cara Safari Ramadhan.[2] Harmoko kang dadi Ketua Umum DPP Partai Golongan Karya, uga dikenal dadi pencetus istilah Temu Kader.[2] Pungkasan, dheweke dadi Ketua DPR/MPR periode 1993-1998 kang bisa ngangkat Soeharto kang dadi presiden ing mangsa jabatane ke-6.[2]
