Amien Rais
|
Amien Rais
|
|
![]() |
|
|
|
|
|---|---|
| Mangsa jabatan 1999 – 2001 |
|
| Pejabat sadurungé | Harmoko |
| Mangsa jabatan 1991 – 2004 |
|
| Pengganti | Hidayat Nur Wahid |
|
|
|
| Lair | 26 April 1944 (umur 69) Solo, Jawa Tengah |
| Partai pulitik | PAN |
| Pasangan | Kusnasriyati Sri Rahayu |
| Anak | Ahmad Hanafi, Hanum Salsabiela, Ahmad Mumtaz, Tasnim Fauzia, Ahmad Baihaqi |
Amien Rais (lair ing Solo, Jawa Tengah, 26 April 1944; umur 69 taun) yaiku pulitikus Indonésia kang wis tau dadi ketua MPR période 1999 - 2004.[1] Amin Rais dipilih déning MPR asil Pemilu 1999 ing sasi Oktober 1999.[1]
Amin Rais wiwit misuwur ing perpulitikan Indonésia nalika akir pamaréntahan Présidhèn Soeharto dadi salah sijiné wong kang kritis ana ing pamaréntahan.[1] Sawisé partai-partai pulitik aktif manèh, ing mangsa pamaréntahan Présidhèn Habibie, Amien Rais mèlu ndhéklarasikaké Partai Amanat Nasional (PAN).[1] Dhèwèké dadi Ketua Umum PAN nalika PAN ngadheg nganti taun 2005.[1]
Awal karir [sunting]
Lair ing solo tanggal 26 April 1944, Amien digedhèkaké déning keluwarga aktivis Muhammadiyah kang fanatik.[2] Wong tuwané aktif ing Muhammadiyah cabang Surakarta.[2]
Nalika lulus sarjana saka Fakultas Èlmu Sosial lan Èlmu Pulitik, Universitas Gadjah Mada, Yogyakarta ing taun 1968 lan lulus Sarjana Mudha Fakultas Tarbiyah IAIN Sunan Kalijaga, Yogyakarta (1969), dhèwèké lunga menyang negara-negara liya lan nembé bali taun 1984 kanthi nduwèni gelar master (1974) saka Universitas Notre Dame, Indiana, lan gelar doktor èlmu pulitik saka Universitas Chicago, Illinois, Amérika Sarékat.[2]
Bali manèh ing Indonésia, Amien balik menyang kampusé yaiku, Universitas Gadjah Mada dadi dhosèn.[2] Dhèwèké uga mèlu Muhammadiyah, ICMI, BPPT, lan organisasi liyané.[2] Ing mangsa arep rubuhé Orde Baru, Amien iku cendhekiawan kang ngadheg paling ngarep dhéwé, saéngga diwènèni jeneng Lokomotif Reformasi.[2]
