Sekolah Menengah Atas
| Artikel iki bagéan saka sèri Pendhidhikan ing Indonésia |
|
| Pendhidhikan anak usia dini | |
|---|---|
| Pendhidhikan dhasar (Kelas 1-6) | |
| Pendhidhikan dhasar (Kelas 7-9) | |
|
Sekolah menengah pertama |
|
| Pendhidhikan menengah (Kelas 10-12) | |
|
Sekolah menengah atas/kejuruan |
|
| Pendhidhikan dhuwur | |
|
Akademi |
|
Sekolah menengah atas (dicekak SMA), iku jenjang pendidikan menengah jroning pendidikan formal ing Indonesia sawisé lulus Sekolah Menengah Pertama (utawa sadrajad). Sekolah menengah atas ditempuh jroning wektu 3 taun, wiwit kelas 10 nganti kelas 12.
Ing taun kaloro (yakuwi kelas 11), siswa SMA bisa milih salah siji saka 3 jurusan sing ana, yaiku Sains, Sosial, lan Basa. Ing pungkasan taun katelu (yakuwi kelas 12), siswa diwajibaké mèlu Ujian Nasional (biyèn Ebtanas) sing mengaruhi kalulusan siswa. Lulusan SMA bisa nerusaké pendidikan ing jenjang perguruan tinggi utawa langsung nyambut gawé.
Pelajar SMA umumé umur 15-18 taun. SMA ora klebu program wajib belajar pamaréntah - yakuwi SD (utawa sadrajad) 6 taun lan SMP (utawa sadrajad) 3 taun - senajan wiwit taun 2005 wis wiwit dicanangaké program wajib belajar 12 taun sing ngatutaké SMA ing sawetara dhaérah, contoné ing Kutha Yogyakarta lan Kabupatèn Bantul.[1]
SMA diselenggarakaké déning pamaréntah utawa swasta. Wiwit lumakuné otonomi dhaérah ing taun 2001, pengelolaan SMA negeri ing Indonesia sing saduruné ana ing sangisoré Departemen Pendidikan Nasional, saiki dadi tanggung jawab pamaréntah dhaérah kabupaten/kutha. Déné Departemen Pendidikan Nasional mung nduwèni peran minangka regulator jroning bidang standar nasional pendidikan. Sacara struktural, SMA negeri arupa unit pelaksana teknis dinas pendidikan kabupaten/kutha.
Referensi [sunting]
Deleng uga [sunting]
- Dhaptar sekolah menengah atas negeri ing Indonesia
- Dhaptar sekolah menengah atas swasta ing Indonesia
- Sekolah menengah kajuruan
- Madrasah Aliyah
- Klompok belajar Paket C
|
|
|---|