Loncang
| Daun bawang | |
|---|---|
| irisan godhong bawang | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Liliopsida |
| ordo: | Asparagales |
| kulawarga: | Alliaceae |
| Genus: | Allium |
Loncang utawi onclang utawi Oncang utawi ron brambang, inggih menika salah setunggaling janganan ingkang limrahipun dipunginakaken kanggé bumbu arupi wuwuran ing masakan mi ayam, sup, utawi bakso ingkang wonten duduhipun.[1] Kejawi menika, ron brambang ugi asring dipunginakaken kanggé isi martabak.[1] Kejawi reginipun ingkang mirah janganan menika ugi kathah gizinipun.[1] Oncang gandanipun kados umumipun bawang-bawangan.[1] Janganan menika asring dipunginakaken kanggé nyedhepaken masakan.[1] Loncang anggadhahi wujud bunder saha panjang kados pipa, ananging wonten ing pérangan pucukipun awujud lancip.[1] Werninipun ingkang bageyan ngandhap radi pethak, déné ronipun awerni ijem sepuh.[1] Ingkang limrahipun dipunkonsumsi saking oncang inggih menika bagéyan ron enèm ingkang awerni ijem saha wit semu ingkang awerni pethak.[1] Loncang nggadhahi nami latin Allium Fistulosum.[1] Kejawi kanggé bahan masakan, oncang ugi saged migunani tumrap kaséhatan. [1] Oncang menika ngandhut unsur-unsur aktif ingkang saged nglawan saha mejahi baktèri saéngga saged dados antibiotik saha saged ngrangsang thukulipun sèl ing badan. [1]Kejawi menika, oncang ugi ngandhut vitamin A saha vitamin C ingkang kathah cacahipun, kalsium, protein, lemak, karbohidrat, serat saha kalori.[1] Oncang ugi saged ngicalaken iler wonten ing kerongkongan, kanggé tamba reumatik, saha anémia utawi kirang rah.[1] Loncang menika nggadhahi wit semu ingkang inggilipun antawis 60-70 cm.[2]
[sunting] Cathetan suku
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.