Gendéra Indonésia

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Rasio: 2:3

Gendéra nasional Indonésia iku sawijining gendéra mawa desain prasaja kanthi rong werna sing dipara dadi rong bagéyan sacara ndatar (horizontal). Wernané dijupuk saka werna Karajan Majapahit. Sabenaré ora mung karajan Majapahit waé sing nganggo gendéra abang putih minangka lambang kebesaran. Sadurungé Majapahit, karajan Kediri wis nganggo panji-panji abang putih.

Saliyané iku, gendéra perang Sisingamangaraja IX saka tlatah Batak uga nganggo werna abang putih minangka werna gendérané , gambaré pedhang kembar werna putih kanthi dhasar abang mencorong lan putih. Werna abang lan putih iki gendérané perang Sisingamangaraja XII. Loro pedhang kembar nglambangaké piso gaja dompak, pusaka raja-raja Sisingamangaraja I-XII.[1]

Nalika dumadi perang ing Aceh, pejuwang – pejuwang Aceh wis migunakaké gendéra perang arupa umbul-umbul kanthi werna abang lan putih, ing bagéyan mburi ana gambaré pedhang, bulan sabit, srengéngé, lan lintang sarta sapérangan ayat suci Al Quran.[2]

Ing jaman karajan Bugis Bone, Sulawesi Kidul sadurungé Arung Palakka, gendéra Abang Putih, iku simbol kakuwasaan lan kebesaran karajan Bone. Gendéra Bone iku dikenal kanthi jeneng Woromporang.[3]

Nalika perang Jawa (1825-1830 M) Pangeran Diponegoro nganggo panji-panji werna abang putih sajroning perjuwangané nglawan Walanda.

Gendéra sing dijenengi Sang Abang Putih iki sepisanan dipigunaaké déning para pelajar lan kaum nasionalis ing awal abad kaping 20 ing sangisoré kakuwasaan Walanda. Sawisé Perang Donya II rampung, Indonésia mardika lan wiwit nggunaaké gendéra iki minangka gendéra nasional.

Arti werna[sunting | sunting sumber]

Gendéra Indonésia nduwèni makna filosofis. Abang ateges wani utawa kendel, putih ateges suci. Abang nglambangaké awaking manungsa, sauntara putih nglambangaké jiwaning manungsa. Kaloroné silih njangkepi lan nyampurnaaké kanggo Indonésia.

Ditilik saka kaca tingal sajarah, wiwit biyèn werna abang lan putih kaloroné ngandhut makna sing suci. Werna abang mèmper karo werna gula jawa/gula aren lan werna putih mèmper karo werna sega. Rong bahan iki dadi bahan utama ing masakan Indonésia, utamané ing pulo Jawa. Nalika Karajan Majapahit berjaya ing Nuswantara, werna panji-panji sing dipigunaaké yaiku abang lan putih (umbul-umbul abang putih). Wiwit biyèn werna abang lan putih iki déning wong Jawa dipigunaaké kanggo upacara slametan kandhutan bayi sawisé umuré patang sasi ing njeron rahim arupa bubur sing diwènèhi werna abang separo. Wong Jawa percaya yèn ngandhut iku diwiwiti nalika manunggalé unsur abang minangka lambang ibu, yaiku getih sing wutah nalika sang jabang bayi lair, lan unsur putih minangka lambang bapak, sing ditandur ing guwa garba.

Peraturan ngenani Gendéra Abang Putih[sunting | sunting sumber]

UUD '45 pasal 35

Gendéra Negara Indonésia yaiku Sang Abang Putih.

Peraturan Pemerintah No.40/1958 ngenani Gendéra Kabangsan Républik Indonésia

Kamèmperan karo gendéra negara liya[sunting | sunting sumber]

Gendéra iki mèmper karo gendéra negara Monako lan Solothum sing nduwèni werna padha nanging rasioné béda, saliyané iku gendéra iki uga mèmper karo Gendéra Polandia sing nduwèni werna sing padha nanging wernané walikan.

Referensi[sunting | sunting sumber]

  1. ^ Ke Bakkara: Ziarah Sisingamangaraja.Kompas, Minggu, 14 Agustus 2005.http://www.kompas.com/kompas-cetak/0508/14/perjalanan/1940067.htm
  2. ^ http://suryantara.wordpress.com/2007/10/30/sejarah-bendera-merah-putih/
  3. ^ Makna Saudagar bagi Saudagar yang tak Hadir
    Azhariah Rachman :: Panyingkul,Senin, 13-11-2006, http://www.panyingkul.com/view.php?id=249&jenis=kabarkita

Galeri[sunting | sunting sumber]