Donat
Donat kalebu jajanan kang digawé saka trigu.[1] Saliyané iku ana uga donat kang digaweé saka kentang lan bahan liyané. [1]Donat lumrahé bentuké bunder lan ana bolongan ing tengahé.[1] Ananging ana uga donat kang ora ana bolongané tengahé.[1] Gawé donat kudu teliti, yen ora donat bisa ora dadi utawa mbegedat lan ora bisa ngembang.[1]
Ana aturan kang kudu digatégaké yèn arep nggawé donat.[1] Ragi kang arep kanggo nggawé donat kayata donat kentang ora kena dicampur uyah utawa mentéga, awit raginé bisa mati.[1] Ragi kang mati ora bisa ngembangaké adonan.[1] Déné uyah lan mentéga dicampuraké sawisé adonan setengah kalis.[1] Carané ngoreng uga kudu ati-ati ben ora gosong.[1] Yèn donat wis katon kuning rada coklat kudu cepet diwalik, mundhak gosong.[1] Yèn arep menehi margarin, coklat utawa méses kanggo hiasan kudu ngenténi donat adem. [1]Tujuwané supaya meses utawa margarin ora léléh.[1] Yèn kepéngin nggawé donat kang bunder, carané bisa nganggo sumpit.[1] Sumpit diobahaké muter ing tengah donat.[1] Grakan mubeng utawa sentrifugal bisa nggawé donat dadi bunder.[1]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Donat Kentang
Donat kentang yaiku donat kang digawé saka kentang.[2] Bahan lan carané nggawé donat kentang ora béda adoh karo donat kang digawé saka trigu, ananging kanggo bahan dhasaré diganti kentang.[2] Kentang digodhog nganti empuk. [2]Sawise iku banjur diocéki lan diuleg utawa dialusaké nganti kalis.[2] Kentang kang wis dadi adonan banjur dicampur karo bahan-bahan liyané kayata gula, endhog lan liya-liyane.[2] Donat kentang uga bisa dihias karo coklat, meses, kèju, sele stroberi, sele nanas, mocca, lan liya-liyané. [3]Tujuwané supaya donat nduwé rasa kang legi lan rasané bisa manut kasenengané sing nggawé.[3]
[sunting] Donat Ubi
Saliyané kentang ubi utawa tela rambat uga kena digawé donat.[4] Tela rambat uga kena dikonsumsi dening wong kang kena diabétes. Ubi (Ipomoea batatas) kerep dilah dadi jajanan, kayata goréngan.[4]
Kanggo bahan dhasar nggawé donat, téla rambat nduwéni 'tékstur' kang lembut. [4]Donat saka tela rambat iki uga diproduksi ing Cimahi, Jawa Barat.[4] Ora mung kanggo jajanan, téla rambat uga bisa gawé wareg.[4] Téla rambat uga nduwéni manfaat tumprap kasehatan. Saliyané ngandhut serat, téla rambat uga ngandhut beta karoten, vitamin A, lan antioksidan kang bisa nangkal radikal bebas.[4] Beta karoten utamane ana ing tela rambat kang rupané oranyé. [4]Dene antioksidan akeh ditemokaké ing téla rambat kang rupané ungu.[4] Saliyané iku tela rambat uga nduwéni oligosakarida kang fungsiné kanggo prebiotik lan uga ngandhut vitamin A, B6, E, lan K.[4]
Donat saka téla rambat luwih empuk lan lembut teksturé tinimbang donat kentang.[4] Wernané uga macem-macem miturut werna téla rambat kang dianggo.[4] Donat iki nduwéni aroma ubi kang khas.[4]
[sunting] Donat Coklat
Donat coklat yaiku donat kang dihias utawa diwénéhi coklat ing bagéyan ndhuwur donat.[3] Dadi separoné donat dihias karo coklat cair.[3] Sawisé iku donat bisa hiwuwuri karo meses, kacang, kacang almon, coklat putih cair, kena uga biskuit utawa mari.[3] Saliyane iku uga kena diwenehi buah kayata anggur, jeruk, utawa buah kaléng liyane. [3]
[sunting] Jinise Donat
- Donat kacang abang[5]
- Donat keju[6]
[sunting] Galeri
[sunting] Chatetan Suku
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p (id)http://resep.makan.web.id/(dipunundhuh tanggal 6 Mei 2011)
- ↑ a b c d e (id)http://www.lintasberita.com/(dipunundhuh tanggal 6 Mei 2011)
- ↑ a b c d e f (id)http://jongjava.com/(dipunundhuh tanggal 6 Mei 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j k l (id)http://bisniskeuangan.kompas.com/(dipununundhuh tanggal 6 Mei 2011)
- ↑ (id)http://resep.gramediamajalah.com/(dipunundhuh tanggal 6 Mei 2011)
- ↑ (id)http://www.lintasberita.com/(dipunundhuh tanggal 6 Mei 2011)