Aula Istana Osaka
| Osaka Jo Hall 大阪城ホール |
|
|---|---|
| Jo Hall | |
Osaka Jo Hall |
|
| Nama lengkap | Osaka Jo Kokusai Bunka Sports Hall |
| Lokasi | Osaka, Jepang |
| Dibuka | 1983 |
| Scoreboard | Astrovision |
| Biaya konstruksi | \10.600.000.000[1] |
| Arsitèk | Nikken Sekkei |
| Kontraktor utama | Taisei Corporation dan Matsumura Gumi |
| Kapasitas | 16.000 |
| Ukuran lapangan | Luas tanah: 36,351 m²; Luas gedung 14.539 m²; Luas lantai: 31.064 m² (arena: 3.500 m², Shiromi Hall: 827 m²; Sub-hall: 544 m², balai sidang: 159m²)[2] |
Aula Istana Osaka (大阪城ホール Osaka Jo Hall?) yaiku gedung auditorium serbaguna sing ana ing Osaka, Jepang. Aula iki dibangun taun 1983 kanggo mperingati 400 taun ngadeke Istana Osaka.
Jengen resmine yaiku Aula Olahraga lan Budaya Internasional Istana Osaka (Osaka-jō Kokusai Bunka Sports Hall). Liyane kanggo konser musik, gedung iki uga dikanggoake upacara resmi, pertemuan, pameran, lan pertandingan olahraga (sumo, bola basket, gulat, atletik, tinju, judo). Ing kalangan artis, gedung iki populer nganggo sebutan Jo Hall.[3]
Meh kabeh musisi terkenal Jepang tau pentas ing gedung iki. Eric Clapton, Billy Joel, Mick Jagger, Toto, Elton John, Ringo Starr, Bryan Adams, lan Stevie Wonder yaiku sebagian cilik sejumlah gedhe musisi asing sing tau konser ing gedung iki.
Bab lan Paragraf |
Sejarah [sunting]
Pembangunan gedung awale saka proyek Osaka 21st Century Plan sing dimulai taun 1983. Proyek iki kanggo rencana dadeake kota Osaka dadi kota internasional. Proyek-proyek gedhe direncanakan berlangsung wantara 18 taun, mulai taun 1983 nganti 2001. Salah sawijine hasil yaiku Osaka Jo Hall.[4] Sebagai badan pengelola adalah Zaidan Hōjin Osaka Jo Hall yang didirikan 29 November 1982.
Pembangunan gedung rampung ing 5 September 1983.[1] Bareng kalian awal dadeke Osaka Jo Hall, stasiun kereta api anyar sing cedakan kalian lokasi. Stasiun sing dilewati kereta api Jalur Lingkar Osaka iki dikei jeneng Stasiun Ōsakajōkōen, lan mulai beroperasi 1 Oktober 1983.[1]
Konstruksi [sunting]
Kapasitas maksimum gedung yaiku 16.000 penonton linggih lan ngadek. Sejumlah 4.500 kursi isa dipanggonke ing lantai arena, lan susunan kursi isa diubah-ubah sekarepe jenis konser lan cabang olahraga. Sejumlah 8.956 kursi sing ana ing lantai balkon (lantai 2 lan 3) yaiku kursi tetap sing ora isa dipindah-pindah.[5]
Dibandingke gedung singnduweni ukuran gedhe liyane, waktu kerdam gedung iki nyedaki ideal, yakni 1,45 detik.[3] Angka iki adoh luwih cilik teka waktu kerdam ideal kanggo konser musik klasik (2 detik). Ing taun 1984, New York Philharmonic pernah ngadaake konser ing Osaka Jo Hall.[3]
Catetan Sikil [sunting]
- ^ a b c Zaidan Hōjin Osaka Jo Hall (2003). Osaka Jo Hall 20 shūnen kinen-shi 1983-2003 (大阪城ホール20周年記念誌). Zaidan Hōjin Osaka Jo Hall. pp. 36.
- ^ Zaidan Hōjin Osaka Jo Hall (2003). Osaka Jo Hall 20 shūnen kinen-shi 1983-2003 (大阪城ホール20周年記念誌). Zaidan Hōjin Osaka Jo Hall. pp. 29.
- ^ a b c Zaidan Hōjin Osaka Jo Hall (2003). Osaka Jo Hall 20 shūnen kinen-shi 1983-2003 (大阪城ホール20周年記念誌). Zaidan Hōjin Osaka Jo Hall. pp. 38.
- ^ Zaidan Hōjin Osaka Jo Hall (2003). Osaka Jo Hall 20 shūnen kinen-shi 1983-2003 (大阪城ホール20周年記念誌). Zaidan Hōjin Osaka Jo Hall. pp. 34.
- ^ Zaidan Hōjin Osaka Jo Hall (2003). Osaka Jo Hall 20 shūnen kinen-shi 1983-2003 (大阪城ホール20周年記念誌). Zaidan Hōjin Osaka Jo Hall. pp. 31.