Judo
| Judo (柔道) |
|
|---|---|
Kyuzo Mifune (l) lan Jigoro Kano (r). |
|
| Fokus | Grappling |
| Saking negeri | |
| Pangripta | Kanō Jigorō |
| Seni pendahulu | Various koryū jūjutsu schools, principally Tenjin Shin'yō-ryū and Kito-ryū |
| Olahraga Olimpiade | Wiwit taun 1964[1] (jaler) lan 1992[2] (estri) |
Judo (basa Jepang: 柔道 ) inggih menika seni bela dhiri, olahraga, lan filosofi ingkang asalipun saking filosofi Jepang.[3] Judo dipunkembangaken saking seni bela dhiri kuno Jepang ingkang kasebat Jujutsu.[3] Jujutsu ingkang tegesipun seni bertahan lan seni nyerang kanthi ngginakaken tangan kosong utawi ngagem gaman ingkang cendhak.[3] Jujutsu dipunkembangaken saengga dados Judo inggih awit karyanipun Kano Jigoro (嘉納治五郎) ing taun 1882.[3] Olahraga menika dados modhel saking seni bela dhiri Jepang gendai budo, ingkang dipunkembangaken saking sekolah (koryu).[3] Paraga utawi pemain judo dipunsebat kanthi nami judoka.[3] Samenika Judo sampun dados salah satunggalipun cabang béla dhiri ingkang misuwur, lan ugi sampun dados olahraga resmi Olimpiade.[3]
Sajarah Judo[sunting]
Sajarah wontenipun Judo boten saged dipunpisahaken saking pangriptanipun inggih panjenenganipun ingkang asma Kano Jigoro (嘉纳 治 五郎, 1860-1938?).[4] Kano lair wonten ing kulawarga ingkang sugih. Ramanipun, Jirosaku, inggih menika putra nomer kalih kepala kuil Shinto Hiyoshi ing Shiga.[4] Kano Jigoro wiwit sinau akademik nalika yuswanipun pitung taun, panjenenganipun sinau basa, shodo (书 道, kaligrafi Jepang), lan Shisho (四 书, sekawan Teks Konghucu).[4] Nalikan yuswa sekawan welas taun, Kano sekolah wonten ing Ikuei-Gijuku ing Shiba, Tokyo.[4] Wonten ing sekolah menika Kano ugi nyinaoni Jujutsu lan Dojo.[4] Jigoro Kano sampun nambahi gayanipun piyambak wonten ing cabang Jujutsu ingkang dipun sinaoni ing wekdal menika (kalebet Tenjinshiyo lan Kito).[4] Ing taun 1882 piyambakipun damel setunggalipun Dojo ing Tokyo ingkang dipunsebat Kodokan Judo. Dojo ingkang kawitan menika dipundamel ing kuil Eisho ji, kanthi murid cacah sanga.[4] Tujuan utami Jujutsu inggih menika saged nguwaosi tèknik nyerang lan bertahan.[4] Kano ngadaptasi tujuan menika, ananging langkung ngutamakaken sistem pengajaran lan pembelajaranipun.[3] Panjenenganipun ngembangaken tigang target spesifik kagem olahraga Judo: latian fisik, pengembangan mental / roh, lan kompetisi ing pertandingan.[3]