Amoeba
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Februari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Addbot (Kontrib • Log) 65 dinten 648 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Amoeba | |
|---|---|
| Klasifikasi èlmiah | |
| Domain: | Eukaryota |
| krajan: | Amoebozoa |
| filum: | Tubulinea |
| ordo: | Tubulinida |
| kulawarga: | Amoebidae |
| Genus: | Amoeba Bory de Saint-Vincent, 1822 |
| Species | |
Amoeba yaiku salah sawijiné kéwan kang kagolong krajan protista mèmper kéwan filum Rhizopoda, kang obah nganggo sikil semu (pseudopodia).[1] Amoeba iku kéwan kang nduwèni wangun awak kang ora tetep.[1] Amoeba padatan urip bébas ing banyu tawar, banyu segara, utawa papan sing nglendhut. Amoeba nduwèni sifat parasit ing jero awaké manungsa lan kéwan.[1]. Ukuran awak Amoeba kalebu gedhé banget kanggo ukuran protozoa, yaiku kira-kira 200-300 mikron.[2].Saéngga Amoeba iku jinis Protista sing paling gampang diamati.
Bab lan Paragraf |
Struktur Awak Amoeba [sunting]
Sèl Amoeba diayomi mèmbran sèl. Ing jeroné ana organèl-organèl, antara liya inti sèl (nukléus), vakuola kontraktil, lan vakuola panganan.[2]
- Mèmbran Sèl utawa mèmbran plasma
Mèmbran sèl uga diarani plasmaléma. Plasmaléma nduwèni mupangat kanggo ngayomi protoplasma. Sitoplasma dibédakaké dadi ékstoplasma lan éndoplasma. Éktoplasma yaiku lapisan sing paling jaba, mapan ing cedhaké mèmbran plasma lan padatan nduwèni granula (granulosit). Déné ing éndoplasma ana inti siji, vakuola kontraktil siji, lan sawatara vakuola panganan.[2]
- Inti sèl
Inti sèl ngatur kabèh kagiyatan sing kadadèn ing jero sèl.[2]
- Rongga berdenyut (vakuola kontraktil)
Vakuola kontraktil dadi organ èkskrèsi sisa panganan. Vakuola kontraktil njaga supaya tekanan osmosis sèl luwih dhuwur tinimbang tekanan osmosis ing sakupengé.[2]
- Rongga panganan (vakuola panganan)
Vakuola panganan yaiku dadi organ pencernaan ing Amoeba. Panganan sing ora bisa dicerna bakal ditokaké liwat vakuola kontraktil.[2]
Habitat [sunting]
Miturut papan uripé, Amoeba bisa dipérang dadi loro, yaiku:
- Ektoamuba, urip ing jaba awak organisme liya (urip bébas). Tuladhané Amoeba proteus, amoeba raksasa Chaos carolinense (ukurané bisa nganti 100 mikron)[2]. Jinis liya saka ektomuba yaiku Foraminifera, Arcella, lan Radiolaria.[3]
- Entamuba ,urip ing jero awak organisme, kayata manungsa. Tuladhane yaiku :
- Entamuba histolytica, urip ing usus alus manungsa. Sifaté parasit lan nyebabaké lara weteng (disèntri)[2]
- Entamuba coli, urip ing jero usus gedhé (kolon) manungsa. Amoeba iki ora asifat parasit nanging trakadhang bisa agawé ngising terus [2]
- Entamuba gingivalis, urip ing jero rongga lambé lan bisa ngurai sisa-sisa panganan. Saéngga bisa ngrusak untu lan gusi [2]
Pencernaan [sunting]
Panganan Amoeba padatan arupa ganggang, baktèri protozoa liya, lan tanduran sing wis mati. Panganan dijupuk kanthi cara nyekel panganan lan obahé nganggo sikil semu banjur dilebokaké ing vakuola panganan lan dicerna ing jeroné.[4] Amoeba nyekel panganan kanthi mbentuk pseudopodia sing ngubengi panganan.[1] Pseudopodia kawangun amarga tloloran sitoplasma sing ngalami éwah-éwahan saka plasma gèl dadi plasma sol.[1] Pseudopodia ngubengi panganan banjur panganan dilebokaké ing jero sèl lan kawangun vakuola panganan.[1] Cara iki diarani fagositosis. Déné obahé amoeba diarani amoeboid.[1]
Ambegan [sunting]
Ijolan gas kadadèn liwat kabèh permukaan awaké.[4] Oksigèn berdifusi saka banyu liwat mèmbran sèl lan mlebu ing jero sèl.[4] Oksigèn digunakaké kanggo ngoksidasi panganan, saéngga bisa ngasilaké tenaga lan zat karbondioksida (CO2).[4] Banjur CO2 ditokaké liwat mèmbran sèl.[4]
Réprodhuksi [sunting]
Réprodhuksi amoeba yaiku kanthi cara membelah diri (mbagi awak). Ing kahanan sing trep, amoeba nganakaké pembelahan saben 15 menit. Prastawa iki diwiwiti saka pembelahan inti sèl (nucleus) dadi loro.[5] Banjur diterusaké pembelahan sitoplasma dadi loro, saben sitoplasma ngupengi inti sèlé.[5] Sabanjuré bagéyan tengah sitoplasma misah.[5] Pungkasane, sawisé sitoplasma wis pisah tenan kawangun rong sèl anyar sing saben sèl nduwé inti anyar lan sitoplasma sing anyar uga.[5] Yèn amoeba ing kahahan ora apik, kaya hawa sing adhem utawa kurang mangan, amoeba bakal nggawé kista.[5] Ing jero kista amoeba bisa mbelah manèh dadi amoeba-amoeba anyar sing luwih cilik.[5] Yèn kahanan wis apik manèh, dinding kista pecah lan amoeba-amoeba anyar mau bisa metu.[5] Sabanjuré amoeba iki tuwuh nganti ukuran tartamtu kaya sadurungé mbelah. [5]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c d e f g Karmana, Oman.2007.Cerdas Belajar Biologi.Bandung : Grafindo
- ^ a b c d e f g h i j Amuba(diundhuh 19 September 2012)
- ^ (id)Klasifikasi Protozoa(diundhuh 23 September 2012)
- ^ a b c d e (id)Pencernaan, pernafasan, dan reproduksi Amoeba(diundhuh 22 September 2012)
- ^ a b c d e f g h (id)Perkembangbiakan amoeba dan bakteri(diundhuh 23 September 2012)