15 Februari
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Cithakan:Februari2012 15 Februari punika, dinten ingkang kaping 46 miturut Kalèndher Gregorian.
- Tanggal 15 Februari 2010 punika miturut pétangan kalèndher Jawi, dhawah dinten Senèn Wagé, tanggal 1 Mulud 1943 taun Dal. Kurup: Asapon (1936-2052}, windu: Kuntara, lambang windu: Kulawu, lambang taun: Sukra Mangkara Kumarané rupa Mina Wiranggas, paarasan: Lakuning geni, pancasuda: Segara Wasèsa, kamarokan: Satria Pinayungan, watek sasi:Anggara kasih, watak dinten: Bangas Padéwan. Mangsa: Kawolu (VIII Wisaka)(3-29 Februari), wuku: Dhukut, lintang:Arab, padangon: Wogan, padéwan: Éndra, dinten:Soma, paringkelan: Mawulu, pasaran: Wagé, lambang dinten: jaran.[1]
- Tanggal 15 Februari 2011 punika dhawah dinten Selasa Wagé, 11 Mulud 1944 Bé Kurup: Asapon (1936 - 2052 M), Windu Kuntara, Lambang Windu Kulawu, Tahun Bé, Lambang Tahun: Buda Mahésa (Kebo), Kumarané rupa Mina Lodan, Paarasan: Lakuning Bumi, Pancasuda: Lebu Katiyub Angin, Kamarokam: Mantri Sinaroja, Watak Sasi: Sasi Rahayu, Watak Dinten: Dinten Rahayu, Mangsa: Kawolu (VIII, Wisaka), 3 Febuari - 29 Februari, Wuku: Maktal, Lintang Mijan, Padangon: Jagur, Padéwan: Kala, Dinten Anggara (Selasa), Paringkelan: Uwas, Pasaran: Wagé, Lambang Dinten Wedhus.[2]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Kadadosan Wigatos
- 1564 - Galileo Galilei, astronom Italia, miyos wonten ing Pisa.
- 1942 - Perang Donya II: Singapura nyerah dateng Jepang. Udakara 130.000 tentara India, Australia, lan Inggris dados tahanan perang.
- 2003 - Protès global dumateng Perang Irak dumados wonten ing 600 kutha sa-donya. Udakara 10–15 yuta tiyang tumut, saéngga dados demonstrasi paling ageng ingkang naté wonten.
- 2010 - Sakbotenipun 25 tiyang tiwas amargi tabrakan kalih sepur komuter ing Halle, 15 kilomèter ing kidul-kilèn Brussels, Belgia. (Kompas)
[sunting] Wiyosan
- 1564 - Galileo Galilei, astronom Toskania, miyos wonten Pisa (séda 1642)
[sunting] Séda
[sunting] Dinten Riyadi saha Dinten Ageng
[sunting] Referensi
[sunting] Kapurih Mangga Ugi Dipunpriksani
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:
- 14 Februari – 15 Februari – 16 Februari