Kurup
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
- Kanggé kagunan sanès saking ', mangga mriksani [[]].
Kurup iku pétungan wektu ing Kalèndher Jawa sing umuré watara 120 taun. Saben satus rongpuluh taun genti kurup sing ngakibataké cacahing dina lan neptu owah saka kurup siji lan sijiné. Tanpa ngitung migunakaké kurup sing bener bakal nuwuhaké kasalahan sing akèh kedadéyan. Contoné ing taun Masehi 2009 kuduné nganggo pétungan kurup Salasiyah utawa ASAPON (Alip Selasa Pon), nanging isih akèh sing klèru nganggo tabel utawa pétungan saka kurup sadurungé yakuwi Kurup Arbangiyah utawa ABOGE (Alip Rebo Wagé) sing sakjané wis rampung ing taun 1936 Masehi.
Jeneng kurup antara liya:[1]
- Kurup Jamingiyah. Diwiwiti Jemuwah legi tanggal 1 Sura Taun Alip 1555, windu Kuntara, wuku Kulawu nganti dina Rebo Wagé tanggal 29 Besar Taun 1674 Jimakir Windu Sancaya. Umur 120 taun.
- Kurup Kamsiyah. Diwiwiti dina Kemis kliwon tanggal 1 Sura taun Alip 1675, windu Adi, wuku Langkir, nganti dina Selasa Pon tanggal 29 Besar taun Jimakir 1746, windu Adi, wuku Kulawu. Umur 72 taun.
- Kurup Arbangiyah utawa dikenali kanthi jeneng kurup ABOGE (Alip Rebo Wage). Kurup iki diwiwiti dina Rebo Wagé tanggal 1 Sura Taun Alip 1747 windu Kuntara , wuku Kulawu lan rampung ing dina Senèn Paing tanggal 29 Besar Taun Jimakir 1866 windu Sancaya, utawa tanggal 23 Maret 1936 Masehi.
- Kurup Salasiyah Pon utawa dikenal kanthi jeneng kurup Asapon (Alip Selasa Pon) sing diwiwiti tanggal 1 Sura dina Selasa Pon taun Alip 1867 , Wuku Langkir, Windu Adi utawa tanggal 24 Maret 1936 nganti dina Ahad Legi tanggal 29 Besar taun 1986 Jimakir, Wuku Kulawu, Windu Sangara utawa tanggal 25 Agustus 2052 Masehi. Umur 120 taun.
- Kurup Isneniyah sing diwiwiti dina Senèn Paing tanggal 1 Sura taun Alip 1987 wuku Kulawu utawa tanggal 26 Agustus 2052 Masehi, nganti dina Setu Kliwon tanggal 29 Besar taun Jimakir 2106 wuku Kuningan utawa tanggal 28 Januari 2169 Masehi.
Bab lan Paragraf |
Umur wulan utawa sasi miturut Kurup[sunting]
Kurup Arbangiyah / ABOGE[sunting]
Umur wulan ing Kurup Arbangiyah kaca kacetha jroning tabel ing ngisor iki:
| Tabel umur utawa cacahing dina ing Taun Jawa Kurup Arbangiyah /ABOGE (wiwit nganti 1936 M) | |||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| Jeneng wulan Jawa | Jeneng wulan Islam | Taun Jawa 1,3,6,7 |
Taun Jawa 2.4.8 |
Taun Jawa 5 (Taun Dal) |
|||||
| Sura | Muharram | 30 | 30 | 30 | |||||
| Sapar | Safar | 29 | 29 | 30 | |||||
| Mulud | Rabiul awal | 30 | 30 | 29 | |||||
| Bakdamulud | Rabiul akhir | 29 | 29 | 29 | |||||
| Jumadilawal | Jumadil awal | 30 | 30 | 29 | |||||
| Jumadilakhir | Jumadil akhir | 29 | 29 | 29 | |||||
| Rejeb | Rajab | 30 | 30 | 30 | |||||
| Ruwah | Sya'ban | 29 | 29 | 29 | |||||
| Pasa | Ramadhan | 30 | 30 | 30 | |||||
| Sawal | Syawal | 29 | 29 | 29 | |||||
| Sela | Dzulkaidah | 30 | 30 | 30 | |||||
| Besar | Dzulhijjah | 29 | 30 | 30 | |||||
Kurup Salasiyah / ASAPON[sunting]
Umuré wulan ing Kurup Salasiyah / ASAPON kaya kacetha jroning tabel ing ngisor iki:
| Tabel umur utawa cacahing dina ing Taun Jawa Kurup Salasiyah / ASAPON {wiwit 1936 M nganti 2052 M) | |||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| Jeneng wulan Jawa | Jeneng wulan Islam | Taun Jawa 1,3,6,7 |
Taun Jawa 2.4.8 |
Taun Jawa 5 (Taun Dal) |
|||||
| Sura | Muharram | 30 | 30 | 30 | |||||
| Sapar | Safar | 29 | 29 | 29 | |||||
| Mulud | Rabiul awal | 30 | 30 | 30 | |||||
| Bakdamulud | Rabiul akhir | 29 | 29 | 29 | |||||
| Jumadilawal | Jumadil awal | 30 | 30 | 30 | |||||
| Jumadilakhir | Jumadil akhir | 29 | 29 | 29 | |||||
| Rejeb | Rajab | 30 | 30 | 30 | |||||
| Ruwah | Sya'ban | 29 | 29 | 29 | |||||
| Pasa | Ramadhan | 30 | 30 | 30 | |||||
| Sawal | Syawal | 29 | 29 | 29 | |||||
| Sela | Dzulkaidah | 30 | 30 | 30 | |||||
| Besar | Dzulhijjah | 29 | 30 | 29 | |||||
Referensi[sunting]
- ^ Penanggalan Jawa 120 Tahun Kurup Asapon déning H. Danudji, Dahara Prize, Edisi Pertama 2006, ISBN 979-501-454-4