Menyang kontèn

Yustinus Martir

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Yustinus Martir
Santo Yustinus Martir
Martyr
Miyos100[1]
Flavia Neapolis (modhèren-day Nablus, West Bank)
Séda165
Roma, Kakaisaran Roma
Dipun urmati ingGréja Katulik Roma
Komuni Anglikan
Gréja Ortodoks Wétan
Lutheranisme
Ortodoks Oriental
KanonisasiPre-Congregation for the Causes of Saints
Dinten pèngetan1 Juni (Gréja Katulik Roma, Gréja Ortodoks Wétan, Komuni Anglikan)
14 April (Kalèndher Roma, 1882–1969)

Flavius Yustinus (uga karan Yustinus saka Kaisarea utawa Yustinus sang filsuf; Inggris: Justin Martyr, 103-165) iku penulis Kristen paling misuwur lumantar karyané Liber Apologeticus-"Apologi Pisanan".[2] Dhèwèké dilairaké ing Samaria nalika taun 95.[2] Ing akir uripé dhèwèké mati sahid dadi martir saéngga jenengé sinebut Yustinus Martir.[3][4]

Babad slira

[besut | besut sumber]

Yustinus Martir uga salah sawijining filsuf sing aktif nyinaoni ajaran-ajaran Stoa, Aristoteles, lan Phytagoras, nanging saiki dhèwèké nganut sistem Plato.[3] Yustinus dadi wong Kristen nalika dhèwèké ngrenungaké tulisan-tulisan Torèt lan maca Injil sarta layang-layang Paulus.[3] Banjur Yustinus ketemu karo sawijining wong tuwa sing tapa ing ara-ara sepi ing Palestina.[2] Wong tuwa iki mulang dhèwèké ngenani Kitab Suci, ngenani para nabi sajeroning Prajanjian Lawas.[2] Yustinus nemu yèn saiki dhèwèké nemu kabeneran sajati sajeroning agama Kristen.[2] Mula dhèwèké matobat dadi Kristen nalika taun 130.[2] Sawisé pamartobaté, Yustinus mulang ing Efesus.[2] Dhèwèké ndeleng pamulangan Kristen minangka filsafat, sing pangajiné luwih dhuwur saka filsafat Yunani.[2]

Perjuwangan kanggo kakristenan

[besut | besut sumber]

Yustinus urip ing mangsa gréja lan wong Kristen ana ing kaanan sing ora nguntungaké.[5] Dhèwèké asring weruh yèn akèh wong Kristen sing dicandhet lan dianiaya.[5] Amarga rasa kaprihatinané, dhèwèké mbéla kakristenan saka serangan sing dilancaraké déning pameréntah sing dudu agama Kristen.[6]

Karya wigati

[besut | besut sumber]

Karya tulis Yustinus, "Apologi Pisanan", ditujokaké marang Kaisar Antoninus Pius (sajeroning basa Yunani judhulé Apologia, ya iku tembung sing ngacu marang logika sing dadi dhasar kapercayan sawijining wong).[7] Sajeroning tulisané iki, Yustinus nélakaké yèn wong Kristen nuntut kaadilan.[5] Yèn wong Kristen luput, dhèwèké kudu diadili.[5] Dhèwèké nulak yèn wong Kristen diukum amarga wong-wong mau Kristen.[5] Dhèwèkéuga njlèntrèhaké ngenani ngibadah Kristen lan Bujana Suci, saéngga kacubriyan kakaisaran Roma marang wong Kristen minangka golongan subversif, amoral, lan kriminal kabusak.[5] Kayadéné Paulus, Yustinus ora ninggal wong-wong Yahudi nalika dhèwèké nolèh menyang wong-wong Yunani.[5] Sajeroning karya gedhé Yustinus liyané, "Dhialog karo Tryfo", dhèwèké nulis marang sawijining Yahudi tepungané, yèn Kristus iku panggenepan tradhisi Ibrani.[5]

Ora mung iku waé, Yustinus uga mènèhi informasi ngenani tata ngibadah, Baptisan, lan Bujana Suci sajeroning gréja nalika abad angka 2.[2] Ngenani tata ngibadah ditélakaké yèn ngibadah dilakokaké ing dina Minggu.[2] Iki amarga Allah lèrèn ing dina kapitu.[2] Kajaba iku, jemaat ngibadah ing dina minggu uga amarga Kristus wungu ing dina mau.[2] Ngenani praktèk baptisan, Yustinus nélakaké yèn wong-wong sing dibaptis iku wong sing wis percaya marang pangajaran Kristen lan sing wis janji urip mèlu ajaran-ajaran mau.[2]

Karya-karya wigati Yustinus ora mung winates sajeroning babagan nulis waé, Yustinus uga nganakaké lelaku sing cukup adoh.[2] Sajeroning lelakuné dhèwèké tansah duwé argumentasi ngenani iman sing diyakini.[2] Ing Efesus, dhèwèké ketemu karo Tryfo.[2] Ing Roma, dhèwèké ketemu Marcion, pamimpin golongan Gnostik.[2] Ing sawijining lelakuné menyang Roma, dhèwèké tau ora gapyak marang sawijining wong sing jenengé Crescens, sawijining Cynic.[2] Nalika Yustinus bali menyang Roma ing taun 165, Crescens madulaké dhèwèké marang panguwasa kanthi tutuhan gawé pitenah.[2] Yustinus banjur dicekel, disiksa lan akiré ditigas sirahé bebarengan enem wong percaya liyané.[2]

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. Thomas Whitlaw, Commentary on John (1885), p. xl
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t F.D. Wellem. 1993. Riwayat Hidup Singkat Tokoh-tokoh Dalam Sajarah Gréja. Jakarta: BPK Gunung Mulia. Hal.149.
  3. a b c A. Kenneth Curtis, J. Stephen Lang & Randy Petersen. 2001. 100 Peristiwa Penting dalam Sajarah Kristen. Jakarta: BPK Gunung Mulia. Hlm.5-6.
  4. Lane,Tonny. 2005. Runtut Pijar Sajarah Pemikiran Kristiani. Jakarta:BPK Gunung Mulia. ISBN 979-9290-92-9. Hal. 7-9.
  5. a b c d e f g h F.D. Wellem. 2003. Hidupku Bagi Kristus. Jakarta: BPK Gunung Mulia. hal. 86.
  6. Eddy Kristiyanto. 2006. Gagasan yang menjadi Peristiwa: Sketsa Sajarah Gréja Abad I-XV. Yogyakarta: Kanisius. hal.72.
  7. Emily J. Hunt. 2003. Christianity in The Second century. London: Routledge Taylor&Francis Group. hal.55

Pranala njaba

[besut | besut sumber]