Wangsa Joseon
| Karajan Joseon | ||||||||||
| 대조선국 (大朝鮮國)조선왕조 (朝鮮王朝) | ||||||||||
| ||||||||||
Téritori Joseon sawisé panelukan Jurchen déning Raja Sejong
| ||||||||||
| Kutha krajan | Hanseong | |||||||||
| Basa | Koréa | |||||||||
| Agama | Neo-Konfusianisme | |||||||||
| Pamaréntahan | Monarki | |||||||||
| Wang | ||||||||||
| • | 1392 - 1398 | Taejo (pisanan) | ||||||||
| • | 1863 - 1897 | Gojong (pungkasan)1 | ||||||||
| Yeong-uijeong | ||||||||||
| • | 1431 - 1449 | Hwang Hui | ||||||||
| • | 1466 - 1472 | Han Myeonghoe | ||||||||
| • | 1592 - 1598 | Ryu Seongryong | ||||||||
| • | 1894 | Kim Hongjip | ||||||||
| Jaman sajarah | Karajan | |||||||||
| • | Pambrontakan 1388 | 20 Mèi 1388 | ||||||||
| • | Panobatan Taejo | 1392 1392 | ||||||||
| • | Pengumuman pangriptan Hangul | 9 Oktober 1446 | ||||||||
| • | Perang Pitung Taun | 1592 - 1598 | ||||||||
| • | Invasi Manchu | 1636 - 1637 | ||||||||
| • | Prajanjian Ganghwa | 27 Fèbruari 1876 | ||||||||
| • | Owah-wahan dadi kakaisaran | 12 Oktober 1897 1897 | ||||||||
| ||||||||||
| 1Dadi Kakaisaran Koréa taun 1897 | ||||||||||
Wangsa Joseon, Chosŏn, Chosun, Choseon (Juli 1392 – Agustus 1910), yaiku nagara berdaulat kang diyasa déning Yi Seong-gye kang saiki ditepungi minangka Koréa.[1] Wangsa Joseon ngadeg sasuwéné 5 abad luwih.[1] Joseon diyasa sawisé lèngsèré Wangsa Goryeo kang ibukuthané ana ing Gaeseong lan banjur pindhah menyang Hanyang.[1] Wewengkon Wangsa Joseon diambakaké nganti wates Kali Yalu lan Duman ana ing sisih lor sawisé suksès nelukaké bangsa Jurchen.[1] Joseon yaiku wangsa Konfusius kang paling suwé nyekel papréntahan ing donya.[1] Sawisé pandhéklarasian Kakaisaran Koréa taun 1894, mangsa kakuwasan wangsa iki rampung nalika diwiwitiné panjajahan Jepang taun 1910.[1]
Yi Seong-gye wong kang ngedagaké wangsa iki lan dhèwèke diangkat dadi Raja Taejo.[1] Dhèwèké iku anggota klan Yi saka Jeonju kang nglakokaké kudheta marang Raja Woo saka Goryeo.[1] Yi Seong-gye misuwur dadi ahli militèr kang lantip ana ing perang marang bajak laut Jepang kang ngganggu perairan Koréa.[1] Dhèwèké mindhahaké kutha krajan saka Gaegyeong (saiki Gaeseong) menyang Hanseong lan ngedegaké kedhaton Gyeongbok taun 1394.[1]
Suksèsi kanthi patrilineal saka Raja Taejo ora tau pedhot nganti tekan jaman modhèren.[1] Panguwasa pungkasan, Sunjong, utawa Kaisar Yungheui kang didhunaké kanthi peksa déning militèr Jepang saka kepala nagara nalika taun 1910.[2] Panerus garis keturunan raja saka Wangsa Joseon saiki yaiku keturunan saka Yeongchinwang (Putra Makutha Uimin) lan Uichinwang (Pangéran Uihwa) adhiné Sunjong.[2]
Cathetan sikil
[besut | besut sumber]
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
