Uji coba kéwan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Wistar rat.jpg
DescriptionAround 50–100 million vertebrate animals are used in experiments annually.
SubjectsAnimal testing, science, medicine, animal welfare, animal rights, ethics

Uji coba kéwan ya iku kagiyatan kang migunakaké kéwan-kéwan dadi obyèk kanggo nglakokaké tès uji coba produk-produk kang digawé déning manungsa sadurungé produk kuwi mau didol ing pasaran. Kéwan-kéwan kang biyasané digunakaké kanggo uji coba ya iku kéwan mamalia kang nduwé pigmèn padha karo manungsa. Kéwan-kéwan kang digunakaké uga bisa tanggap lan bébas saka penyakit-penyakit. Uji coba kéwan iki kanggo nguji kalayakan lan keamanan prodhuk-prodhuk.[1] Biyasané, kéwan-kéwan iki digunakaké kanggo uji coba kosmètik sadurungé didol lan dianggo déning manungsa. Saliyané kuwi, uji coba kéwan uga digunakaké kanggo nemokaké obat-obat kanggo penyakit. Miturut British Royal Society, dhèwèké padha nyengkuyung kagiyatan uji coba kéwan amarga panggayuhan mèdhis ing abad 20 iki gumantung karo uji coba kéwan.[2] Kéwan kang dugunakaké saben taun, kayata kéwan vertebrata (kalebu kéwan primata). Kéwan kang digunakaké kanggo uji coba saben taun bisa luwih saka 100 yuta kéwan. Ing Uni Éropa 93% vertebrata digunakaké kanggo panelitèn. Taun 2001, ing Amérika Sarékat, tikus kang cacahé 80 juta digunakaké kanggo panelitèn. Saliyané kuwi 85% kéwan uga ana iwak, kéwan amfibi, lan rèptil.[3]

Sajarah[besut | besut sumber]

Uji coba kéwan iki wis dimulai kawit jaman Yunani kuna. Mula buka saka uji coba kéwan iki ditemokaké rujukan kang isiné tulisan-tulisan babagan uji coba kéwan. Tulisan-tulisan kasebut ditulis déning wong-wong Yunani ing abad ke-2 SM lan abad ke-4 SM. Ahli kang kapisan nglakokaké kagiyatan uji coba kéwan, ya iku Aristoteles lan Erasistratus. Saliyané Aristoteles lan Erasistratus, uga ana dokter kang nglakokaké pambedahan kéwan babi lan wedhus. Dokter kuwi mau ya iku Galen, dokter Romawi ing abad ke-2.[4] Saliyané Galen, uga ana dokter saka Arab kang nglakokaké uji coba kéwan ing abad ke-12, ya iku Avenzor. Avenzoar nglakokaké uji coba kéwan kanggo metode ekspèrimèntal. Kéwan-kéwan kuwi mau dadi bahan uji coba prosedhur bedah sadurungé dilakokaké ing manungsa.[5]

Kawit jaman Yunani kuna kuwi mau, kéwan wis bola-bali digunakaké kanggo panelitian lan uji coba. Ing taun 1880-an tikus lan kelinci diuji lan diinfèksi nganggo penyakit antraks lan TBC déning Robert Koch. Taun 1890-an, asu digunakaké kanggo nggambaraké kaanan klasik déning Ivan Pavlov.[6] Nalika Perang Donya I, Jerman uga nginfèksi penyakit antraks marang kéwan domba kang mlaku menyang Rusia. Saliyané kuwi, Jerman uga nginfèksi jaran-jaran kavaleri pasukan Prancis nganggo penyakit kelenjar jaran. Taun 1917 lan 1918, Jerman nginfèksi 200 bagal ing Argèntina kang njalari bagal-bagal kuwi mau padha mati.[7]

Ing taun 1922, ana asu kang uga diinfèksi nganggo insulin. Ing taun 1970 ana uji coba nganggo kéwan armadilo. Antibiotik lan vaksin kanggo penyakit kusta dikembangaké liwat kéwan armadilo. Armadilo kuwi mau diwènèhi vaksin kanggo pangrumatan antibiotik lan vaksin kanggo ngobati penyakit kusta banjur diwènèhaké manungsa.[8]

Jinis kéwan[besut | besut sumber]

Kéwan kang digunakaké kanggo uji coba kuwi manéka warna. Biyasané, kéwan kang digunakaké kuwi kéwan kang kalebu ing spésiès vertebrata. Ing Amérika Sarékat, panelitèn lan uji coba kang migunakaké tikus dadi bahan uji coba yèn diitung per taun cacahé bisa 20 tekan 100 yuta tikus saben taun. Kéwan-kéwan pengerat kang biyasané digunakaké kanggo uji coba, ya iku hamster, marmut, lan gerbil. Para ilmuwan nganggo tikus dadi kéwan uji coba amarga tikus kuwi salah sawijining kéwan vertebrata kang ukurané cilik, gampang ditangani, reprodhuksi kang cepet, siklus urip cendhak, lan rega kang murah. Para ilmuwan nduwé anggepan yèn tikus bisa dadi modèl paling pas kanggo penyakit gawan manungsa amarga nduwé gèn kaya manungsa. Tikus uga digunakaké dadi bahan panelitèn fisiologis, toksikologi, lan kanker.[1]

Kéwan kang urip ana ing banyu uga bisa digunakaké kanggo uji coba, kayata iwak lan kéwan amfibi. Kelinci uga digunakaké kanggo uji coba. Contoné kayata kelinci albino kang digunakaké kanggo tès iritasi mripat amarga kelinci nduwé luh paling sethithik tinimbang kéwan liyané lan kelinci albino nduwé pigmèn kang béda karo kelinci normal liyané. Saliyané kanggo uji coba iritasi mripat, kelinci uga digunakaké kanggo prodhuksi antibodi poliklonal.[9]

Asu[besut | besut sumber]

Asu bisa digunakaké kanggo uji coba amarga asu kalebu kéwan kang gampang lan manut. Asu biyasané digunakaké kanggo uji coba penyakit-penyakit manungsa ing babagan kardiologi, endokrinologi, balung, lan sendi-sendi manungsa. Asu uga digunakaké kanggo uji keamanan obat-obat sadurungé didol lan digunakaké déning manungsa. Ing médhis, asu digunakaké kanggo ngembangaké panelitèn babagan prodhuksi insulin ing manungsa kang nduwé lara diabètes.[10]

Kucing[besut | besut sumber]

Kucing biyasané digunakaké kanggo uji coba lan panelitèn neurologis. Ing taun 2016, Amérika Sarékat migunakaké 18.000-an kucing digunakaké kanggo uji coba kang nduwé potènsi bisa nyebabaké rasa nyeri utawa kanggo uji coba anestesi.[11]

Primata[besut | besut sumber]

Primata kang digunakaké ing uji coba iki ya iku primata kang udu manungsa. Primata iki digunakaké kanggo uji toksikologi kaya tikus, studi AIDS, penyakit hepatitis, uji néurologi, répdrodhuksi, génétika, lan xenotransplantasi. Primata kuwi kalebu kéwan kang akèh digunakaké kanggo uji coba amaga nduwé pigmèn lan imun kang padha karo manungsa. Cara kanggo migunakaké primata kanggo uji coba, ya iku dicekel saka habitaté ing alas utawa kawit cilik wis dirumat lan digedhékaké déning para paneliti. taun 2011, Ing Éropa ana uji coba laboratorium kang migunakaké monyèt dadi bahan uji toksikologi, ya iku ing Jérman.[12] Biyasané, monyèt kang digunakaké ya iku jinis monyèt buntut dawa lan beruk.[13]

Dampak négatif[besut | besut sumber]

Uji coba marang kéwan-kéwan kuwi mau wis sumebar ing donya. Nanging, saka uji coba kéwan kuwi mau ana kang setuju lan ora setuju karo kagiyatan kuwi. Kéwan-kéwan kang digunakaké kanggo uji coba obat utawa penyakit kanggo manungsa kuwi mau ora kabèh nduwèni kekebalan lan pigmen kaya manungsa. Kéwan-kéwan bisa nduwé daya luwih cilik tinimbang manungsa, saéngga asilé saka uji coba kéwan bisa béda lan ora bisa dilakokaké marang manungsa. Miturut para ahli, uji coba kang migunakaké kéwan kuwi isih kudu terus dilakokaké amarga panelitèn obat lan vaksin kanggo manungsa kuwi kudu dilakokaké liwat kéwan. Amarga kuwi, kéwan kalebu bahan panelitèn kang penting ing mèdhis.[13] Nanging, saka kabèh kagiyatan kang migunakaké kéwan mau bisa nyebabaké kéwan-kéwan akèh kang mati lan lara sawisé digunakaké kanggo uji coba. Ing Jérman, monyèt-monyèt kang wis digunakaké kanggo uji coba kuwi mau dadi nduwé penyakit kulit, karusakan organ, pendarahan, lan mati. Saliyané kuwi, uga ana kéwan kang nglarani awaké dhéwé lan nuduhaké tumindak kang ora normal kayata wira-wiri lan bisa nglarani liyané.[12]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b Tolistiawaty, Intan (2014). "Gambaran Kesehatan pada Mencit (Mus musculus) di Instalasi Hewan Coba". Jurnal Vektor Penyakit. 8 (1): 27–32. 
  2. "The Royal Society" (PDF). royalsociety.org. Dijupuk 2020-01-11. 
  3. Editor (2013-12-12). "EU statistics show Decline in Animal Research Numbers". Speaking of Research (ing basa Inggris). Dijupuk 2020-01-11. 
  4. "lpag - biomed for the layperson". web.archive.org. 2006-10-13. Dijupuk 2020-01-11. 
  5. Abdel-Halim RE (2005). "Contributions of Ibn Zuhr (Avenzoar) to the progress of surgery: a study and translations from his book Al-Taisir". Saudi Medical Journal. 26 (9): 1333–9. 
  6. Windholz G (1987). "Pavlov as a psychologist. A reappraisal". Pavlovian J. Biol. Sci. 22 (3): 103–12. 
  7. Maczulak, Anne E. (Anne Elizabeth), 1954-. Encyclopedia of microbiology. New York, NY. ISBN 978-1-4381-3406-2. OCLC 730500530. 
  8. Walgate R. "Armadillos fight leprosy". Nature. 291 (5816): 527. 
  9. Badan Pengawas Obat dan Makanan Republik Indonesia (2014). "Pedoman Uji Toksisitas Nonklinik secara In Vivo" (PDF). Direktorat Jenderal Peraturan Perundang-undangan Kementerian Hukum dan HAM RI. Dijupuk 2020-01-11. 
  10. "Dog Profile | The Humane Society of the United States". web.archive.org. 2008-02-26. Dijupuk 2020-01-11. 
  11. Great Britain. Home Office. Annual Statistics of Scientific Procedures on Living Animals Great Britain 2017. London. ISBN 978-1-5286-0226-6. OCLC 1053728070. 
  12. a b "Jadi Bahan Percobaan Lab Jerman, Monyet-monyet Menangis Kesakitan". SINDOnews.com (ing basa Indonesia). Dijupuk 2020-01-12. 
  13. a b "Mengapa Uji Coba Obat-obatan Dilakukan pada Hewan?". kumparan (ing basa Indonesia). Dijupuk 2020-01-12.