Trunajaya

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Trunojoyo)
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Tronajâyâ (Basa Madura) utawi Trunajaya asring sinerat Raden Trunojoyo (miyos ing Madura, k. 1649 – séda ing Payak, Bantul, 2 Januari 1680 kanthi yuswa 31 warsa) inggih punika salah satunggaling ningrat saking Madura ingkang naté nindakaken kraman dhateng pamarintah Amangkurat I lan Amangkurat II saking Mataram. Wadyabalanipun ingkang manggèn wonten Kedhiri naté nyerang lan kasil njarah kraton Mataram ing warsa 1677. Ingkang ndadosaken Amangkurat I mlajar lan séda wonten ing pamlajaripun. Trunajaya pungkasanipun kasil dipunkawonaken déning Mataram kanthi pambiyantu saking VOC, wonten ing pungkasanipun warsa 1679.

Panaklukan Madura[besut | besut sumber]

Wonten ing warsa 1624 Sultan Agung kasil naklukaken pasitèn Madura. Radèn Prasena, salah satunggaling ningrat wonten ing Madura, katawan lan kabeta dhateng Mataram. Amargi gadhah rupi ingkang bagus lan tindak tandukipun ingkang saé, Sultan Agung kepranan dhumateng Raden Prasena. Piyambakipun lajeng kapundhut mantu lan kadadosaken panguwaos andhahan Mataram kanggé laladan Madura sisih kilèn, kanthi asma Panembahan Cakraningrat utawi Cakraningrat I. Cakraningrat I langkung kathah manggèn wonten ing Mataram tinimbang nindakaken pamaréntahan wonten Madura. Putra Cakraningrat saking garwa selir, ingkang asma Radèn Demang Melayakusuma nindakaken pamaréntahan saben dinten wonten Madura sisih Kilèn. Panjenenganipun kekalih sekalian dados senopati perang kanggé Mataram.

Sasampunipun Sultan Agung séda, pamaréntahan Mataram kacepeng déning Amangkurat I, ingkang marintah kanthi atos lan makarya sesarengan kaliyan VOC. Perkawis punika nuwuhaken raos boten marem saking warga karaton lan para ulama, ingkang katindak kanthi tegas déning Amangkurat I. Pasulayan ingkang kados makaten ing antawisipun Amangkurat I lan para ulama malah kepara kathah para ulama ingkang dipunrangket, saéngga kathah para ulama lan santri saking laladan panguaosipun Mataram ingkang kaukum pejah.

Pangéran Alit, rayinipun Amangkurat I piyambak wonten ing warsa 1656 nindakaken kraman. Cakraningrat I lan Demang Melayukusuma kautus numpes kraman lan kasil ing jejibahanipun, nanging kekalihipun pejah lan kasarèkaken wonten pasaréan Mataram ingkang mapan wonten Imagiri. Panguwaos Madura salajengipun kacepeng déning Radèn Undagan, rayi Maleyakusuma ingkang salajengipun asesilih Panembahan Cakraningrat II. Kadosdéné ramanipun, Cakraningrat II ugi langkung kathah mapan wonten ing Mataram tinimbang mamarintah wonten Madura.

Kraman Trunajaya[besut | besut sumber]

Raos boten marem dhumateng Amangkurat I ugi dipunraosaken déning putra makutha ingkang pikantuk sesebatan Pangeran Adipati Anom. Nanging Adipati Anom boten wantun ngraman kanthi katingal. Kanthi sesidheman piyambakipun nyuwun pambiyantu Radèn Kajoran utawi Panembahan Rama, ingkang minangka ulama lan kalebet wargi karaton Mataram. Raden Kajoran salajengipun nepangaken putra mantunipun inggih punika Trunajaya putra saking Radèn Demang Melayakusuma minangka sarana ngraman Adipati Anom. Boten dangu Trunajaya kasil damel laskar, ingkang asalipun saking warga Madura ingkang boten remen kaliyan penjajahan Mataram. Kraman Trunajaya kawiwitan kanthi nyulik Cakraningrat II, ingkang salajengipun kaasingaken dhateng Lodaya, Kediri. Warsa 1674 Trunajaya kasil ngrebat panguaos wonten Madura, piyambakipun ngumandhangaken dirinipun minangka raja ingkang merdika wonten Madura sisih Kilen, lan rumaos piyambake sami kaliyan panguaos Mataram. Kraman punika dipunprakiraaken pikantuk sengkuyung saking warga Madura,amargi Cakraningrat II dipunanggep sampun daksiya dhateng pamaréntahan. Laskar Madura ingkang dipunpandhégani déning Trunajaya, salajengipun makarya sesarengan kaliyan Karaeng Galesong ingkang mandhegani warga ingkang mlajar saking Makasar ingkang nyengkuyung Sultan Hasanuddin ingkang sampun kawon mengsah VOC. Kelompok kasebat pusatipun wonten Demung, Panarukan. Sedaya sami sarujuk nyengkuyung Trunajaya merangi Amangkurat I lan Mataram ingkang makarya sesarengan kaliyan VOC. Trunajaya malah kepara ndhaupaken putrinipunn kaliyan putra saking Karaeng Galesong kanggé ngraketaken pasedherekan. Kajawi punika Trunajaya ugi pikantuk panyengkuyung saking Panembahan Giri saking Surabaya ingkang ugi boten remen kaliyan Amangkurat I amargi tindak-tandukipun dhateng para ulama ingkang nantang piyambakipun. Dipun pandhegani Trunajaya, wadya bala gabungan tiyang-tiyang Madura, Makasar, lan Surabaya kasil ndhesek wadya bala Amangkurat I. Kamimpangan-kamimpangan saking wadya bala Amangkurat I nuwuhaken pasulayan ing antawisipun Trunajaya lan Adipati Anom. Trunajaya kaprakirakaken boten purun masrahaken kepemimpinan dhateng Adipati Anom. Wadya bala Trunajaya malah kepara kasil ngawonaken wadya bala Mataram ingkang dipunpandhegani déning Adipati Anom ingkang wangsul nyengkuyung ramanipun wonten ing wulan Oktober 1676. Boten kanyana, Trunajaya kasil nyerang kutha krajan Mataram, Plered. Amangkurat I kapeksa mlajar saking karaton lan nyingkir dhateng kilèn, namung kasarasanipun sansaya mundur. Sasampunipun kadhesek dhateng Wonoyoso, piyambakipun séda wonten Tegal, lan kasareaken wonten satunggaling papan ingkang nami Tegal Arum. Sasampunipun, Susuhunan Amangkurat I salajengipun ugi dipunkenal kanthi ajejuluk Sunan Tegal Arum. Adipati Anom kaangkat dados Amangkurat II, lan Mataram kanthi resmi napak asmani prajanjen kaliyan VOC kanggé mengsah Trunajaya. Prajanjen punika dipunkenal kanthi nami ''Prajanjen Jepara (September 1677)'' ingkang suraosipun Sultan Amangkurat II Raja Mataram kedah masrahaken pasisir Lor Jawi manawi VOC sabiyantu mimpangaken piyambakipun dhateng kraman Trunajaya. Trunajaya ingkang sasampunipun mimpang ajejuluk Panembahan Maduretno, salajengipun hangadekaken pamaréntahan piyambak. Wekdal punika meh mawon sadaya laladan pasisir Jawi sampun dhawah dhateng astanipun Trunajaya, sinaoso laladan nglebet taksih kathah ingkang setia dhateng Mataram. VOC piyambak naté nyobi nawakaken perdamaian, lan nyuwun Trunajaya supados dhateng kanthi pribadi dhateng bètèng VOC wonten Danareja. Trunajaya nolak tawaran punika.

Kawon Déning VOC[besut | besut sumber]

Sasampunipun upaya damai boten kasil, VOC ingkang dipunpandhegani Gubernur-Jendral Cornelis Speelman pungkasanipun musataken kekiyatan kanggé mengsah Trunajaya. Wonten segara, VOC nglempakaken wadya bala Bugis ingkang dipunpandhegani déning Aru Palakka saking Bone kanggé nyengkuyung paperangan wonten ing segara mengsah wadya bala Karaeng Galesong lan ngedalaken wadya bala Maluku ingkang dipunpandhegani Kapitan Jonker kanggé nindakaken panyerangan darat kanthi ageng agengan kaliyan wadya bala Amangkurat II. Wonten ing April 1677, Speelman sarta wadya bala VOC bidhal kanggé hanyerang Surabaya lan kasil nguaosi. Speelman ingkang mandhegani wadya bala gabungan kanthi kekiyatan kirang langkung 1.500 tiyang kasil ndesek Trunajaya. Benten Trunajaya sekedik mbaka sekedik saged dipunkuaosi déning Voc. Pungkasanipun Trunajaya saged kakepung, lan nyerah wonten ing wukir Kelud ing surya 27 Dhésèmber 1679 dhateng Kapitan Jonker. Trunajaya salajengipun dipunpasrahaken dhateng Amangkurat II ingkang wonten in Payak, Bantul. Wonten ing Surya 2 Januari 1680 Amangkurat II ngukum pejah Trunajaya.

Kawontenan Sasampunipun[besut | besut sumber]

Kanthi leremipun kraman Trunajaya, Amangkurat II mindhahaken karaton Plered ingkang sampun ambruk dhateng Kartasura. Mataram gadhah utang wragad peperangan ingkang makaten agengipun dhateng VOC, saéngga pungkasanipun kitha-kitha wonten ing Pesisir Lor Jawi dipunpasrahaken dhateng VOC. Cakraningrat ugi kaangkat malih déning VOC minangka panguwaos wonten ing Madura, lan wiwit wekdal punika VOC ugi ndhèrèk nemtokaken suksesi lan panguwaos wonten ing Madura.

Rujukan[besut | besut sumber]

  • Graaf, H.J. de. 1976 [1952]. Capture and death of Raden Truna Jaya, December 1679 - January 1680. In: Islamic States in Java 1500-1700, Th. Pigeaud & H.J. de Graff, 82-84. Verhandelingen van het KITLV 70. The Hague: Martinus Nijhoff.