Toyo Ito

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Toyo Ito
Ito nalika sasi April 2009.
Lair (1941-06-01) Juni 1, 1941 (umur 82)
Keijō, Koréa Jepang
(saiki Seoul, Koréa Kidul)
BangsaJepang
Alma materUnivèrsitas Tokyo
BebungahBebungah Pritzker (2013)

Toyo Ito (伊東 豊雄 Itō Toyoo?, lair 1 Juni 1941; umur 82 taun) iku arsitèk Jepang sing ditepungi minangka panggagas arsitèktur konsèptual, sing ngupaya kanggo ngèksprèsikaké donya fisik lan virtual kanthi bebarengan. Ito iku tokoh arsitèktur kondhang sing ngembangaké gagasan kontèmporèr "kutha simulasi", lan dianggep salah sawijining arsitèk sing paling inovatif lan duwé prabawa ing donya.[1]

Nalika taun 2013, Ito kanugrahan Bebungah Pritzker, sawijining bebungah arsitèktur sing paling pinunjul.[2] Sadurungé, Ito wis dianggep kandhidhat kuwat panggayuh Pritzker suwéné sepuluh taun pungkasan.[3]

Karya[besut | besut sumber]

Sumber:[4]

  • 1976 – The U House (omah kanggo seduluré)
  • 1984 – Silver Hut (omah pribadi Ito)
  • 1986 – Tower of Winds, Yokohama
  • 1991 – Yatsushiro Municipal Museum
  • 1994 – Old People's Home ing Yatsushiro
  • 2001 – Sendai Mediatheque: komplèks pabukon, gladri seni, studio filem lan café.[5]
  • 2002 – Paviliun Serpentine Gallery ing Kensington Gardens, London
  • 2002 – Paviliun Bruges
  • 2004 – Matsumoto Performing Art Center, Matsumoto
  • 2004 – Gedhung Omotesandō, Tokyo
  • 2006 – Taichung Opera International Competition ing Taiwan
  • 2006 – Meiso no Mori Municipal Funeral Hall Kakamigahara-shi, Gifu, Jepang
  • 2006 – VivoCity Singapura ing HarbourFront
  • 2007 – Perpustakaan Tama Art University, Tokyo
  • 2008 – World Games Stadium ing Kaohsiung, Taiwan
  • 2008 – Villa kanggo proyèk arsitektural Chilean, Ochoalcubo.
  • 2008 – Huge Wine Glass ing Pescara[6][7])
  • 2009 – Suites Avenue Building, Barcelona, Spanyol
  • 2009 – Torre Realia BCN lan Hotèl Porta Fira, L'Hospitalet de Llobregat, Barcelona, Spanyol
  • 2011 – Toyo Ito Museum of Architecture, Imabari-shi, Ehime, Jepang
  • 2011 – Ken Iwata Mother and Child Museum, Imabari, Ehime, Jepang

Gladri karya[besut | besut sumber]

Bebungah[besut | besut sumber]

  • 1986 – Bebungah Institut Arsitèktural Jepang kanggo Silver Hut
  • 1992 – Bebungah Arsitèktur Mainichi kanggo Yatsushiro Municipal Museum
  • 1997 – IAA 'interach ‘97' Grand Prix of the Union of Architects ing Bulgaria
  • 1998 – Bebungah saka Kamentrian Seni lan Pendhidhikan Jepang
  • 2000 – Bebungah Arnold W. Brunner Memorial sajeroning arsitèktur saka American Academy of Arts and Letters
  • 2001 – Bebungah Emas Japanese Good Design Award
  • 2006 – RIBA Royal Gold Medal
  • 2008 – Bebungah Frederick Kiesler kanggo Arsitèktur lan Seni
  • 2009 – Bebungah Asahi
  • 2010 – Praemium Imperiale
  • 2013 – Bebungah Pritzker kanggo arsitèktur

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. "Toyo Ito, interview". Designboom. Dibukak ing 18 November 2009.
  2. Francescani, Chris (17 March 2013). "Japanese architect Toyo Ito awarded 2013 Pritzker prize". Reuters. Diarsip saka sing asli ing 27 September 2013. Dibukak ing 17 March 2013.
  3. Christopher Hawthorne (17 March 2013). "Japanese architect Toyo Ito, 71, wins Pritzker Prize". LA Times. Diarsip saka sing asli ing 20 March 2013. Dibukak ing 17 March 2013.
  4. "Projects". Toyo Ito & Associates. Dibukak ing 18 March 2013.
  5. "Sendai Mediatheque (Actar, Barcelona)". Actar.com. Dibukak ing 18 March 2013.
  6. "Pescara, si spacca la fontana di Toyo Ito" . corriere.it. Dibukak ing 16 February 2009.
  7. "Calice rotto, il Comune fa causa alla Clax" . ilcentro.it. Diarsip saka sing asli ing 22 August 2011. Dibukak ing 5 May 2011.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cithakan:Pritzker Prize Winners