Toby Alderweireld
|
Alderweireld ing Piala Donya Ruslan taun 2018 | |||
| Katrangan priangga | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng dawa | Tobias Albertine Maurits Alderweireld[1] | ||
| Tanggal lair | 2 Maret 1989 | ||
| Papan lair | Antwerp, Bèlgi | ||
| Dhuwur | 1.87 m (6 ft 2 in)[2] | ||
| Posisi main | Bèg | ||
| Katerangan klub | |||
Tim saiki | Tottenham Hotspur | ||
| Angka | 4 | ||
| Karir nom | |||
| 1999–2004 | Germinal Beerschot | ||
| 2004–2008 | Ajax | ||
| Karir klub* | |||
| Taun | Tim | Main | (Gul) |
| 2008–2013 | Ajax | 128 | (7) |
| 2013–2015 | Atlético Madrid | 12 | (1) |
| 2014–2015 | → Southampton (dipunampil) | 26 | (1) |
| 2015–saiki | Tottenham Hotspur | 78 | (5) |
| Karir tim nasional‡ | |||
| 2004 | Bèlgi U15 | 3 | (1) |
| 2004 | Bèlgi U16 | 2 | (0) |
| 2005–2006 | Bèlgi U17 | 17 | (3) |
| 2006 | Bèlgi U18 | 3 | (0) |
| 2006–2007 | Bèlgi U19 | 9 | (0) |
| 2009–2010 | Bèlgi U21 | 5 | (0) |
| 2009–saiki | Bèlgi | 68 | (3) |
|
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 09:53, 29 October 2017 (UTC). | |||
Tobias Albertine Maurits Alderweireld (Pocapan ing basa Walanda: [ˈtoːbi ˈɑldərˌwɛːrəlt]; lair 2 Maret 1989) inggih punika satunggaling juru main bal-balan profésional saking Bèlgi ingkang main ing liga Primér Inggris klub Tottenham Hotspur lan Tim Nasional Bal-balan Bèlgi.[3] Piyambakipun main ing posisi bèg tengah, ugi saged dados bèg tengen.[3]
Alderweireld miwiti karir profésionalipun ing Walanda klub Ajax, ing ngriki piyambakipun menangaken tigang gelar jawara Eredivisie.[4] Taun 2013, piyambakipun pindhah dhateng Atlético Madrid, ing ngriki piyambakipun menangaken jawara La Liga lan mlebet final Liga Champions UEFA ing mangsa kapisanan.[4] Alderweireld miwiti karièr internasional wiwit taun 2009, Alderweireld sampun nindakaken 60 caps tetandhingan kanggé Timnas Bèlgi lan ndhèrèk Piala Donya FIFA 2014.[4]
Karièr Klub
[besut | besut sumber]Ajax
[besut | besut sumber]Alderweireld pindhah dhateng Ajax's youth academy ing wulan Agustus 2004 saking Germinal Beerschot. Tanggal 22 Fèbruari 2007, piyambakipun ngawiti kontrak profésional kapisanan, kontrak ing klub punika ngantos 30 Jumi 2010.[5] Piyambakipun dipunpromosikaken ing tim kapisan taun 2008-2009 Eredivisie, ing debut kapisanan tanggal 18 Januari lan menang 4-2 mengsah NEC.[6]
Pranala njawi
[besut | besut sumber]- Alderweireld[pranala mati permanèn] Profil Alderweireld (ing Basa Inggris)
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ "Alderweireld: Tobias Albertine Maurits Alderweireld". BDFutbol. Dibukak ing 16 January 2018.
- ↑ "Player Profile - Toby Alderweireld". Tottenham Hotspur. Dibukak ing 16 January 2018.
- ↑ a b Toby Alderweireld(dipunundhuh tanggal 16 Januari 2018)
- ↑ a b c Toby Alderweireld[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 16 Januari 2018)
- ↑ Ajax sign Toby Alderweireld, AFC Ajax, 22 February 2007, diarsip saka sing asli ing 23 October 2008, dibukak ing 16 January 2018
- ↑ Ajax win spectacular match, AFC Ajax, 18 January 2009, diarsip saka sing asli ing 25 January 2009, dibukak ing 16 January 2018