Beksan Sanghyang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Tari Sanghyang)
Jogèd Sanghyang, salah satunggaling jinis jogèd ing tlatah Bali

Beksan Sanghyang inggih punika salah satunggaling jinis teater tradisi ing Bali ingkang dipunsuguhaken ing wujud jogèd ingkang sipatipun religius lan mliginipun gadhah fungsi minangka jogèd penolak bala utawi wabah lelara [1]. Dumugi Sapunika, Jogèd Sanghyang boten dipunwontenaken namung dados panglipur utawi tontonan kémawon[2]. Jogèd Sanghyang minangka jogèd kerauhan (kesurupan) amargi klebetan hyang, roh, bidadari kahyangan, lan kéwan sanèsipun ingkang gadhah kekiyatan ngrisak kados ta babi hutan, munyuk, utawi ingkang gadhah kekiyatan ghaib sanèsipun.[2].

Jogèd punika minangka warisan budaya Pra-Hindhu ingkang dipunmaksudaken minangka penolak bebaya, inggih punika kanthi mbikak komunikasi spiritual saking warga masarakat kaliyan alam gaib. Jogèdan punika dipunbektakaken déning penari putri punapa déné putra kanthi iringan paduan swara kakung lan wanita ingkang nyekaraken tembang-tembang pemujaan. Ing laladan Sukawati-Gianyar, jogèd punika ugi dipuniringi kanthi Gamelan Palegongan. Ing salebeting jogèd punika pesthi wonten tigang unsur wigati, inggih punika asep/geni, Gending Sanghyang lan medium (tiyang utawi bonékah).[3]

Tigang Tahap Penyelenggaraan Jogèd Sanghyang[besut | besut sumber]

1. Nusdus

Upacara penyucian kanthi medium asep/geni utawi latu.

2. Masolah

Penari ingkang sampun klebetan roh wiwit nari.

3. Ngalinggihang

Mbangsulaken kesadaran medium lan ngicali roh ingkang ngrasuk ing badan medium supados wangsul ing asalipun.

Jinis-jinis Sanghyang[besut | besut sumber]

Sanghyang Dedari[besut | besut sumber]

Sanghyang Dedari dipuntarikaken déning remaja utawi kenya ingkang taksih resik. Upacara dipunwiwiti ing pura, kanthi prosesi mlampah ing papan acara dipunadani. Penari jumeneng dipuniringi nyanyian laré-laré kakung, lajeng nari jogèdan ingkang meh sami kaliyan Legong, nanging wonten ing versi mistik. Ewadene mripatipun katutup, anggènipun nari gerakanipun sami sadaya, sinkron lan éndah.[4]

Nalika nyanyian mandheg, para penari ingkang boten sadhar malumpat ing bantala. Sawijining pamangku nyadharaken para penari kanthi nglafalaken doa lan percikkan tirta suci. Sabibaripun sadhar, para penari ngraosaken sayah nanging boten mangertosi sampun obah ingkang kathah anggènipun nari.[4]

Sanghyang Dedari tumuwuh saking jogèd ingkang sipatipun keagamaan dados ritual nyuwun kasarasan lan kamakmuran désa.Jogèd punika limrahipun dipuntindakaken saperlu ngusir roh jahat ingkang ngganggu karukunaning para manungsa kanthi wujud lelara utawi séda. Jogèd punika dipunpentasaken nalika déwa-déwa ingkang mandhap ing donya manungsa, dados dhiri penari ingkang krasukan. Tembung Sanghyang ateges dewata déné tembung Dedari punika ateges widadari.[4]

Sanghyang celeng[besut | besut sumber]

Tari iki minangka varian tari sanghyang sing mung ditemokake ing Duda, Karangasem, nari dening wong lanang nganggo klambi serat aren. Penari nirokake gerakane babi.[5]

Sanghyang Deling[besut | besut sumber]

Jogèd Sanghyang Deling dipuntarikaken sepasang kenya ingkang dèrèng diwasa, jogèd punika dipunleberi roh Déwa Wisnu uatwi Dewi Sri ingkang dados pralambang kasuburan. Kanthi srana pang tetuwuhan ingkang dipungantungi kalih bonékah ingkang dipunsebut Deling terbat saking godhong lontar. Samsaya kenceng gerakipun deling dados pratandha kekalih penari mau sampun krasukan roh, ancasipun [[jogèd punika saperlu nyenyuwun keselamatan. Jogèd punika asalipun saking Désa Kintamani Kabupatèn Bangli.[3]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Margono dan dkk. Apresiasi Seni 2 Seni Rupa & Seni Teater. 2005. Jakarta. Penerbit: Yudhistira
  2. a b Situs Babadbali (diakses pada tanggal 22 Desember 2012
  3. a b [1]
  4. a b c "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2013-07-03. Dibukak ing 2012-12-22.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  5. Team Survey ASTI. "TARI SANGHYANG" (ing basa Indonesia). Dibukak ing August 24, 2018.