Menyang kontèn

Tanuki

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Tanuki, lukisan ukiyo-e karya Tsukioka Yoshitoshi

Tanuki (狸 atau タヌキ?) inggih punika sebatan kanggé kéwan anjing rakun wonten ing Basa Jepang [1][2]. Sebatan "Tanuki" kaginakaken kanggé 2 subspesies anjing rakun (Nyctereutes procyonoides): N. p. viverrinus (anjing rakun biyasa) lan N. p. albus (anjing rakun putih asal saking Hokkaido). Tanuki kagambaraken wonten carita rakyat Jepang minangka makluk ingkang nakal, kocak [1], riang, sarta pinter nyamar lan ngewahi wujudipun. Cerita rakyat kanthi irah-irahan Periuk Bunbuku lan Gunung Kachi-kachi nedahaken Tanuki minangka tokoh utami. Gambaran Tanuki kaliyan skrotum ingkang ageng sanget asalipun saking pangginaan kulit Tanuki wonten ing kerajinan emas kanggé miyaraken lembaran emas. Wujud anatomi ingkang khas mau ingkang ndadosaken Tanuki kondhang minangka tembang anak-anak ingkang kanthi eksplisit nyebat pérangan awak ngandhap gadhahanipun Tanuki.

Cerita rakyat

[besut | besut sumber]
Lukisan Tanuki dados periuk

Sanajan sampun kondhang wiwit rumiyin lan asring medal wonten ing carita rakyat, sapérangan tiyang ing Jepang taksih saged mbedakaken Tanuki (anjing rakun) kaliyan kéwan sanèsipun. Tanuko asring dipunwastani Mujina utawi Mami ingkang sajatosipun nama kanggé kéwan spésies Meles meles (Eurasian badger). Wonten ing désa sakiwa-tengené Kanto, penduduk ing mriku nyebat anjing rakun dados Mujina. Ing sapérangan wewengkon Prefektur Tochigi, Tanuki dipunsebat Mujina, lan kuwalikanipun Mujina (Meles meles) dipunsebat Tanuki.

Gambaran Tanuki minangka makluk ingkang gayeng nembé dipunlampahi ing jaman Edo. Tanuki dipungambaraken gadhah weteng ingkang gendhut, gadhah skrotum ingkang ageng sanget saéngga saged kaginakaken kanggé nggebuk wetengipun piyambak. Tanuki ingkang medal wonten ing carita rakyat ing jaman Kamakura lan jaman Muromachi malah dipungambaraken dados memedi ingkang kadang kala remen mangan manungsa saéngga damel raos ajrih.

Wonten ing cariyos Gunung Kachi-kachi (Kachi-kachi Yama) ingkang dipunpendhet saking kempalan carita cekak Otogizōshi ing jaman Muromachi, Tanuki dipungambaraken minangka makluk ala. Tanuki tegel ngapusi simbah-simbah lan matèni simbah mau kanggé damel sup. Bibar punika Tanuki nyamar dados simbah mau lan ngapusi simbah kakung supados nedhi sup kanthi isi daging simbah mau</ref>[3].

Déné wonten ing cariyos Periuk Bunbuku (Bunbuku Chagama), Tanuki dipungambaraken péngin balas budi satunggaling wong tani ingkang sampun nulungi piyambakipun. Supados wong tani mau pikantk arta, Tanuki nyamar dados periuk kanggé nggodog toya nalika damel teh (chagama). Periuk punika dipunsadé dhateng pandhita ing satunggaling kuil, nanging nalika geni nembé murub periuk ingkang kaginakaken kanggé masak toya, medal suku lan sirah saking periuk lajeng Tanuki lumayu amargi ajrih.

Patung keramik

[besut | besut sumber]

Hubungan Tanuki kaliyan kerajinan emas ngéwahi Tanuki minangka lambang ingkang mbeta kabegjan. Ugi lair tradisi masang patung keramik Tanuki ing plataran griya. Ing ngajeng griya ngunjuk utawi griya dhahar ingkang nyadé mi asring majang patung keramik Tanuki.

Kutha Shigaraki Prefektur Shiga gadhah kerajinan keramik ingkang dipunwastani Shigaraki-yaki. Ing antawisipun asil produksinipun ingkang paling kondhang punika patung keramik awujud Tanuki ingkang ngagem topi lan nembé nyekel botol sake.

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b Mengenal Jepang Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine., (dipunakses tanggal 8 Fèbruari 2013)
  2. Tanuki, (dipunakses tanggal 8 Fèbruari 2013)
  3. Folklor Jepang Archived 2011-09-08 at the Wayback Machine., (dipunakses tanggal 8 Fèbruari 2013)

Pranala njawi

[besut | besut sumber]