Syahrini
| Syahrini | |
|---|---|
| Lair | Fatimah Syahrini Zailani 1 Agustus 1980 Sukabumi, Jawa Barat, Indonesia |
| Bangsa | Indonesia |
| Pakaryan | Penyanyi, Artis |
| Bojo | Reino Barrack |
Syahrini, penyanyi lair ing kutha Sukabumi, Jawa Barat tanggal 1 Agustus 1980.[1][2] Lulusan saka Universitas Pakuan kutha Bogor jurusan Hukum.[1] Tanggal 8 Juli 2010, Syahrini olèh gelar bangsawan saka karaton Surakarta ya iku Kanjeng Mas Ayu.[1] Diwènèhi gelar ing Bangsal Kansetanan kang dibawahi Kanjeng Gusti Pangéran Haryo Puger.[1]
Karir
[besut | besut sumber]Dikenal dadi penyanyi anyaran.[1] Album kapisan anak tengah saka 3 sanak iku dirilis taun 2008 kang judhulé MY LOVELY.[1] Tembang kang dadi unggulan judhulé Bohong saka album MY LOVELY.[1][2] Album kang kaping loro dirilis ning sasi Mèi 2009, kang ngunggulké tembang Pusing Setengah Mati.[1], kerjasama karo Dewiq kang dikenal dadi penyanyi lan kang ngréka tembang uga.[2]
Syahrini dikenal dadi artis kang waninan, tampil sènsual nalika manggung.[1] Disengkuyung karo suarané kang merdu lan empuk, Syahrini uga nganggo désahan kemayu nalika nembangaké lagu, klambiné uga seksi.[1] Jeneng Syahrini tambah kondhang nalika dhèwèké diajak Anang Hermansyah kanggo nembang bareng nembangaké tembangan anyar kang judhulé ''Jangan Memilih Aku'' diripta déning Anang Hermansyah.[1] Pertengahan April 2010, Syahrini kaliyan Anang ngrampungaké vidio klip kang digawé bareng, ngunggulaké tembang kang judhulu Cinta Terakhir.[1] Gawéné vidhio klip iku ning Bali.[1] Kawasan Pasisir Seminyak lan kawasan wisata air Tanjung Benoa, Nusa Dua, Bali.[1] Kariré Syahrini karo Anang Hermansyah kondhang nganti nagara Kuala Lumpur, ning Kuala Lumpur dirilis manèh album kang temané Jangan Memilih Aku, Senin 24 Mèi 2010.[1] Kanggo nyambut bulan Ramelan taun 2010, Syahrini karo Anang Hermansyah ngrilis album manèh kang temané Religius.[1] Album religius mau dirilis ning akir sasi Juli taun 2010.[1]
Diskografi
[besut | besut sumber]Album
[besut | besut sumber]- My Lovely (2008)
- Jangan Memilih Aku (bersama Anang, 2010)
- Semua Karena Cinta (2012)
- Princess Syahrini (2016)
Singel
[besut | besut sumber]- "Pusing Setengah Mati" (2009)
- "Aku Tak Biasa" (2010)
- "Kau Yang Memilih Aku" (2011)
- "Ya Robbi (Berserah Diri)" (2011)
- "Taubatlah Taubat" (2011)
- "Sesuatu" (2011)
- "Semua Karena Cinta" (2012)
- "Cinta Tapi Gengsi" (2013)
- "Cetarrrrr" (2014)
- "Cinta Sendirian" (bersama Maruli, 2014)
- "Sandiwara Cinta" (2014)
- "Seperti Itu?" (2015)
- "Dingin" (2015)
- "Kau Tak Punya Hati" (2015)
- "Dream Big" (bersama DJ Kevin Bum, 2015)
- "I Love You Allah" (2016)
- "Wanita Lain" (2017)
- "Cinta Terbaik" (bersama Aisyahrani, 2018)
- "Gubrak Gubrak Gubrak Jeng Jeng Jeng" (lagu tema film Bodyguard Ugal-ugalan, 2018)
- "Cintaku Kandas" (2018)
- "Restu" (2019)
- "Menikah" (2019)
- "Seumur Hidupku" (2020)
- "Kau Yang Utama" (2026)
Filmografi
[besut | besut sumber]- "Basahhh..." (2008)
- "The Maling Kuburans" (2009)
- "Baik-Baik Sayang" (2011)
- "Bodyguard Ugal-Ugalan" (2018)