Karaton Surakarta

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Karaton Surakarta utawi jangkepipun wonten ing basa Jawi mau Karaton Surakarta Hadiningrat inggih punika karaton Kasunanan Surakarta. Karaton punika dipunyasa déning Susuhunan Pakubuwono II (Sunan PB II) wonten ing warsa 1744 minangka gantos Pura/Karaton Kartasura ingkang sampun ajur amargi Gègèr Pecinan 1743. Karaton pungkasan Karajan Mataram dipunyasa wonten ing dhusun Sala (Sala), salah satunggaling pelabuhan alit wonten ing sapinggiring kilèn Bengawan (kali) Beton/Sala. Sasampunipun resmi karaton Karajan Mataram rampung kabangun, nama dhusun punika dipun-gantos dados Surakarta Hadiningrat. Karaton punika ugi dados seksi bisu panyerahan kedaulatan Karajan Mataram déning Sunan PB II dhateng VOC wonten ing warsa 1749. Sasampunipun ''Perjanjian'' Giyanti warsa 1755, karaton punika salajengipun dipun-ginakaken minangka papan panggénan sunan lan rumah tangga pura ingkang taksih nglampahaken tradisi kraton ngantos wekdal punika. Karaton punika sapunika ugi minangka salah satunggaling objek wisata wonten ing kitha Sala. Sapérangan komplek karaton punika minangka musiyum ingkang nyimpen pinten-pinten koleksi kagunganipun Kasunanan, kalebet pinten-pinten peparing saking ratu-ratu Éropah, replika pusaka karaton, lan gamelan. Saking segi bangunanipun, karaton punika minangka salah satunggaling tuladha arsitèktur karaton Jawi Tradisional ingkang saé piyambak.

Karaton (Pura) Surakarta minangka salah satunggaling yasan ingkang eksotis wonten ing jamanipun. Salah satunggaling arsitèk karaton inggih punika Pangéran Mangkubumi (ingkang samangké agelar Sultan Hamengkubuwono I) ingkang ugi dados arsitèk utami Karaton Yogyakarta' Mila saking punika boten gumunaken manawi pola dhasar tata ruwang kekalih karaton kasebat (Yogyakarta lan Surakarta) kathah gadhah persamaan umum. Karaton Surakarta kados déné ingkang saged dipuntingali wekdal punika boten kabangun sesarengan wonten ing warsa 1744-1745, nanging kabangun kanthi bertahap kanthi netepaken pola dhasar tata ruwang ingkang tetep sami kaliyan wiwitanipun. Pambangunan lan réstorasi kanthi ageng-agengan pungkasan dipuntindakaken déning Susuhunan Pakubuwono X (Sunan PB X) ingkang jumeneng nata 1893-19839. Sapérangan ageng karaton punika bernuansa warni pethak lan biru kanthi arsitèktur gaya campuran Jawa-Éropah.

Salah satunggaling ruangan Karaton wonten ing jaman Pakubuwono X, gaya arsitèktur jawi dipuntetepaken ing dalem wujud yasan namung wonten ing nglebetipun kaisi kanthi manéka warna perabot Éropah, foto dipunpendhet warsa 1910. Kolèksi Tropenmuseum, Walanda.

Lumrahé pamerangan karaton pisungsun saking: Komplek Alun-alun Lor, Komplèk Sasana Sumewa, Komplèk Sitihinggil Lor, Komplèk Kamandungan Lor, Komplèk Srimanganti, Komplèk kedhaton, Komplèk Kamagangan, Komplèk Srimanganti Kidul lan Kemandungan Kidul, sarta komplèk sitihinggil kidul lan alun-alun kidul. Komplèk karaton punika ugi dipun-ubengi déning baluwarti, satunggaling témbok pertahanan ingkang inggilipun kirang langkung tiga ngantos dumugi gangsal mètèr lan kandel kirang langkung satunggal mètèr tanpa anjungan. Témbok punika ngubengi satunggal laladan wujud pasagi panjang. Laladan punika ukuran wiyaripun kirang langkung gangsalatus mètèr lan panjang kirang langkung pitungatus mètèr. Komplèk karaton ingkang wonten ing salebeting témbok inggih punika saking Kemandungan Lor ngantos dumugi Kemandungan Kidul. Kekalihipun komplèk Sitihinggil lan alun-alun boten dipun-ubengi témbok pertahanan punika.

Komplèk Alun-alun Lor Komplèk punika antawisipun: Gladhag, Pangurakan, Alun-alun Lor, lan Masjid Agung Surakarta. Gladhag ingkang sapunika kaloka minangka Prapatan Gladhag ing Jalan Slamet Riyadi Surakarta, wonten ing jaman rumiyin dipun-ginakaken minangka papan panggénan nangsuli kéwan buron ingkang dipuntangkep saking wana. Alun-alun minangka panggènan dipunwontenaken upacara-upacara kraton ingkang nglibataken rakyat. Kajawi punika alun-alun ugi dados papan panggènan panggihipun ratu lan rakyatipun. Wonten sapinggiring Alun-alun dipuntanemi wit waringin. Wonten ing satengahing alun-alun wonten kalih wit waringgin ingkang dipunparingi pager. Kekalih wit punika dipunsebat Waringin Sengkeran (waringin ingkang dipunkurung) ingkang dipunparingi asma Déwadaru lan Joyodaru. Wonten sakilèning alun-alun lor jumeneng Masjid Ageng (Masjid Raya) Surakarta. Masjid Raya punika minangka masjid resmi kraton lan dipunyasa déning Susuhunan Pakubuwono III (Sunan PB III) wonten ing warsa 1750 (Kasunanan Surakarta minangka satunggaling kraton Islam) Yasan mliginipun pisungsun saking serambi/èmpèr lan masjid induk.

Komplèk Sasana Suméwa lan komplék Sitihinggil Lor Sasana Suméwa mujudaken yasan utami paling ngajeng wonten ing karaton Surakarta. Papan punika wonten ing jamanipun dipun-ginakaken minangka panggénan kanggé sowan para punggawa (punggawa menangah dumugi nginggil) wonten ing upacara resmi kraton. Wonten ing komnplék punika wonten kathah meriem, ing antawisipun dipunparingi asma Kyai Pancawura utawi Kyai Sapu Jagad. Meriem punika dipundamel wonten ing jaman pamaréntahan Sultan Agung. Wonten ing sakilèning Sasana Sumewa wonten komplèk Sitihinggil. Sitihinggil mujudaken satunggaling komplèk ingkang dipunyasa wonten ing sainggiling siti ingkang langkung inggil tinimbang sakiwa-tengenipun. Komplèk punika gadhah kalih gerbang, satunggal wonten sisih lor ingkang dipunwastani Kori Wijil lan ingkang satunggal wonten ing sisih kidul ingkang dipunwastani Kori Renteng. Wonten ing trundhakan sisih lor wonten satunggaling séla ingkang dipun-ginakaken minangka papan paukuman Trunajaya ingkang dipun ukum kethok gulu ingkang dipunsebat ''Séla Pamecat''. Yasan utama wonten ing komplék Sitihinggil inggih punika Sasana Swayana ingkang dipun-ginakaken para pengageng ing dalem ngrawuhi upacara kraton. Kajawi punika wonten Bangsal Manguntur Tangkil, panggénan dampar kencana Susuhunan, lan Bangsal Witono, papan paleremanipun Pusaka keagungan Karajan nalika upacara dipunlaksanakaken. Bangsal ingkang pungkasan punika gadhah satunggal yasan alit wonten ing satengahipun ingkang dipunwastani Krobongan Balé Manguneng, papan paleremanipun pusaka karaton Kanjeng Nyai Setomi, satunggal meriem ingkang miturut kapitayan dipunrampas prajurit Mataram saking VOC wekdal nyerang Batavia. Sisih njawi wétan-kidul-kulon komplèk Sitihinggil minangka radosan umum ingkang saged dipunlangkungi déning warga masarakat ingkang dipunsebat kanthi sesebutanSupit Urang.

Komplék Kemandungan Lor Kori Kamandungan dipuntingali saking arah pelataran Kemandungan Lor kanthi Balé Rata ing sangajengipun lan Panggung Sangga Bawana ingkang inggil minangka latar belakang. Kori Brajanala utawi Kori Gapit minangka lawang mlebet utami saking sisih lor dhateng nglebet pelataran Kemandungan Lor. Gapura punika saged ugi dados gapura cepuri (komplek nglebet karaton ingkang dipun-ubengi kaliyaan témbok karaton ingkang dipunwastani baluwarti) ingkang gandèng radosan sapit urang kaliyan pelataran nglebet karaton. Gapura punika dipunyasa déning Susuhunan Paku Bawana III kanthi gaya Semar Tinandhu. Wonten sisih kiwa tengen (kulon lan wétan) saking Kori Branjanala sisih nglebet wonten Bangsal Wisomarta panggènan jagi pengawal karaton. Kajawi punika wonten sawétaning gapura punika wonten menara loncèng. Wonten satengahing komplèk punika namung wonten pelataran suwung. Yasan ingkang wonten salebeting komplèk punika namun pérangan pinggir pelataran. Saking pelataran punika ugi saged dipuntingali satunggal menara ingkang megah ingkang dipunwastani Panggung Sangga Bawana ingkang wonten ing komplèk salajengipun, Komplèk Sri Manganti.

Komplèk Sri Manganti Kangge mlebet komplek punika saking sisih lor kedah ngliwati satunggal gapura ingkang dipunwastani Kori Kamandungan. Wonten ngajeng sisih kiwa tengen gapura ingkang bernuansa warna biru lan pethak punika wonten reca kalih. Wonten sisih kiwa lan tengen lawang ageng punika wonten pengilon ageng lan sanginggiling wonten satunggaling rerenggan ingkang pisungsun saking gaman lan gendéra ingkang satengahipun wonten lambang kraton. Hiasan punika dipunwastani Gendéra Gula Klapa. Wonten pelataran Sri Manganti Marcukundha ing sisih wétan. Wonten ing jamanipun Bangsal Smarakatha dipun-ginakaken kanggé sowan para punggawa tengah dhateng nginggil kanthi pangkat Bupati Lebet dhateng nginggil. Panggènan punika dados papan panampi minggahing pangkat para punggawa senior. Sapunika papan punika dipun-ginakaken kanggé latihan nari lan ndhalang. Bangsal Marcukundha wonten ing jamanipun dipunginakaen kanggé sowan para opsir prajurit, kanggé minggahing pangkat punggawa lan punggawa yunior sarta papan kanggé ndhawahaken paukuman kanggé kulawarga ratu. Sapunika papan punika kanggé nyimpen Krobongan Madirenggo, satunggaling papan kanggé upacara sunat/khitan para putra Susuhunan. Wonten sisih kidul kulon Bangsal Marcukundha wonten satunggal menara segi wolu ingkang dipunwastani Panggung Sangga Bawana. Menara ingkang ngggadhahi inggil kirang langkung tigang dasa mèter punika saleresipun mapan wonten ing kalih pelataran ingkang dados satunggal, pelataran Sri Manganti lan pelataran Kedhaton. Ewasemanten lawang mliginipun mapan wonten ing pelataran Kedhaton. Komplek Kedhaton Kori Sri Manganti dados lawang kanggé mlebet komplek kedhaton saking sisih lor. Gapura ingkang dipunyasa déning Susuhunan Pakubuwana iV wonten ing 1792 punika dipunwastani ugi kanthi nama Kori Ageng. Yasan punika gadhah sambung rapet kaliyan Panggung Sangga Bawana kanthi filosofis. Lawang ingkang gadhah gaya Semar Tinandhu punika dipun-ginakaken kanggé nyrantos tamu-tamu resmi kraton. Pérangan kiwa lan tengen lawang punika gadhah pengilon lan satunggal macem hias sainggiling lawang. Pelataran Kedhaton dipunlemeki kanthi wedhi cemeng saking segara kidul lan dipunthukuli déning pinten-pinten wit langka ing antawisipun 76 wit Sawo Kecik. Kajawi punika pelataran punika ugi dipunhiasi kanthi patung-patung gaya Éropah. Komplek punika gadhah yasan utami ing antawisipun inggih punika Sasana Sewaka, nDalem Ageng Prabasuyasa, Sasana Handrawina, lan Panggung Sangga Bawana. Sasana Sewaka sajatosipun mujudaken satunggaling yasan tilaranipun pendhapa karaton Kartasura. Papan punika naté ngalami kobongan wonten ing warsa 1985. Wonten ing yasan punika ugi Susuhunan jumeneng nata wonten ing upacara-upacara ageng kraton kados déné gerebeg lan ambal warsa ratu.Wonten sakilening Sasana punika wonten Sasana Parasdya, satunggaling peringgitan. Wonten sakilening Sasana Parasdya wonten nDalem Ageng Prabasuyasa. Papan punika ugi minanagkan yasan inti lan paling wigati saking sadaya Karaton Surakarta Hadiningrat. Wonten papan punika dipunleremaken pusaka-pusaka lan ugi dampar kencana ratu ingkang dados simbul kraton. Wonten ing papan punika ugi satunggaling ratu sumpah nalika wiwit jumeneng nata sadèrèngipun upacara Pemahkotaanwonten ing sangajenging khalayak wonten ing Sitihinggil Lor. Yasan salajengipuninggih punika Sasana Hadrawina. Papan punika dipun-ginakaken minangka papan perjamuan dhahar resmi kraton. Sapunika yasan punik asring dipun-ginakaken minangka papan seminal menapa déné gala dinner tamu saking manca ingkang rawuh dhateng kitha Sala. Bangunann utami sanèsipun inggih punika Panggung Sangga Bawana. Menara punika dipun-ginakaken minangka papan panggènan meditasi Susuhunan kaliyan kanggé ngawasi Benten VOC/Indhiya Nèderlan ingkang mapan boten tebih saking karaton. Yasan ingkang gadhah gangsal tingkat punika ugi dipun-ginakaken kanggé ningaliposisibulan kanggé nemtokaken kawitanipun wulan. Wonten ing sapucukipun wuwung paling inggil wonten ornamen ingkang mralambangaken warsa dipunbangunipun menara paling sepuh wonten ing kitha Surakarta. Yasan Sasana Sewaka ing salebetipun pelataran Kedhaton wonten ing jaman Pakubuwono X, yasan punika dipunubengi kaliyan patung-patung bergaya Éropah.

Komplek-komplek Magangan, lan Sri Manganti,Kemandungan, sarta Sitihinggil Kidul Komplek Magangan kala rumiyin dipun-ginakaken déning para calon punggawa kraton. Wonten papan punika wonten satunggaling pendhapa wonten satengahing pelataran. Kalih komplek salajengipun, Sri Manganti Kidul lan Kemandungan Kidul namung maujud pelataran ingkang dipun-ginakaken wekdal upacara panguburan ratu menapa déné garwa prameswari. Komplek ingkang pungkasan, Sitihinggil Kidul kalebet alun-alun kidul gadhah satunggal yasan alit. Sapunika komplek punika dipunginakane kanggé ngramut pusaka karaton ingkang awujud kebo Albino ingkang dipunwastani Kyai Slamet.

Warisan Budaya Kajawi gadhah kamegahanipun yasan, Karaton Surakarta ugi gadhah satunggaling warisan budaya ingkang boten saged dipunkerta aji. Ing antawisipun inggih punika upacara-upacara adat, jogèd-jogèd sakral, musik, lan pusaka. Upacara adat ingkang kawentar ingging punika upacara Garebeg, upacara Sekatèn, lan upacara Malem Setunggal Sura.Upacara ingkang asalipun saking jaman kraton punika ngantos dumugi sapunika taksih dipuntindakaken lan minangka warisan budaya Indonésia ingkang kedah dipunrungkepi lan dipunuri-uri. Garebeg Upacara Garebeg dipunwontenaken kaping tiga wonten ing satunggal taun kalender pananggalan Jawa inggih punika wonten ing tanggal kalih welas wulan Mulud (wulan katelu) tanggal satunggal wulan Sawal (Wulan kasadasa) lan tanggal sedasa wulan Besar (wulan karolas). Wonten dinten-dinten punika ratu ngedalaken sedekah minangka wujud raos syukur lan pamatur nuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha Mirah awit saking kemakmuranipun kraton. Sedekah punika ingkang dipunwastani Hajad Dalem, wujud Pareden/Gunungan ingkang pisungsun saking Gunungan kakung lan Gunungan Estri. Gunungan kakung awujud kados déné kerucut ingkang kapotong kanthi pucuk sisih nginggil radi bunder. Sapérangan ageng gunungan punika pisungsun saking sayuran kacang panjang ingkang warni ijem ingkang dipunronce kaliyan lombok abrid, tigan bèbèk, lan manéka warna camilan garing lintunipun. Wonten ing sakiwa-tengenipun dipunpasang reroncen gendéra Indonésia ukuran alit. Gunungan èstri awujud kados keranjang sekar ingkang kebak kanthi reroncen sekar. Sapérangan ageng dipunsungsun saking camilan garing ingkang kadamel saking beras menapa dena beras ketan ingkang awujud bunderan lan lancip. Gunungan punika ugi dipunhiasi kaliyan gendéra Indonésia alit wonten ing sisih nginggilipun.

Sekatèn Sekatèn minangka satunggaling upacara kraton ingkang dipunleksanakaken salebeting pitung dinten. Miturut kapitayan asal-usul upacara punika wiwit Karajan Dema. Upacara punika saleresipun minangka satunggaling karaméan dinten miyosipun Muhammad. Miturun carita rakyat tembung Sekatèn asalipun saking istilah credo wonten agami Islam, Syahadatain. Sekatèn dipunwiwiti kanthi miyosipun kalih prangkat Gamelan Sekati, KyaiGunturmadu lan Kyai Guntursari, saking karaton ingkang badhé kapapanaken wonten ing sangajengipun Masjid Agung Surakarta. Salebeting nem dinten, wiwit dinten kaenem ngantos kasewelas wulan Mulud wonten ing kalender jawi, kekalih prangkat gamelan punika dipuntabuh kanggé nengeri karaméan sekaten. Pungkasanipun wonten ing dinten kapitu upacara dipuntutupkanthi miyosipun Gunungan Mulud. Wekdal punika kejawi upacara tradisi kados punika ugi dipunwontenaken satunggaling pasar malem ingkang dipunwiwiti sewulan saderangipun upacara sekaten ingkang saestunipun dipunwontenaken.

Kirab Mubeng Beteng Utawi Malem Setunggal Sura Malem satunggal Sura wonten ing masarakat Jawi inggih punika satunggaling karaméan warsa inggal miturut kalender Jawi. Malem satunggal Sura dhawah wiwit angslupipun surya wonten dinten pungkasan wulan pungkasan kalender Jawi (30/29 Besar) ngantos dumugi trencerngipun surya wonteni ing dinten kawitan wulan kapisan warsa salajengipun(1 Sura). Wonten ing Karaton Surakarta upacara punika dipunpengeti kanthi Kirab Mubeng Beteng. Upacara punika dipunwiwitisaking komplek Kemandungan Lor miyos Gapura Brajanala salajengipun ngubengi sadaya kawasan karaton kanthi arah walikan arah ubengan jarum jam lan dipunpungkasi wonten ing pelataran Kemandungan Lor. Wonten Prosesi punika, pusaka karaton dados pérangan utami lan dipunpapanaken wonten ing baris ngajeng salajengipun nembé kadherekaken para pengageng karaton, para punggawa lan sadaya masarakat. Setunggal ingkang unik inggih punika barisan ingkang paling ngajeng dipunpapanaken pusaka ingkang wujud pinten-pinten kebo albino ingkang dipunparingi asma Kyai Slamet ingkang tansah dados punjer perhatosan sadaya masarakat.

Pusaka (Heirloom) lan jogèd-jogèd Sakral Karaton Surakarta gadhah pinten-pinten koleksi pusaka kraton ing antawisipun wujud dampar kencana ratu, prangkat musik gamelan lan koleksi gaman. Ing antawisipun gamelan wonten Kyai GUntursari lan Kyai Gunturmadu ingkang namung katabuh wekdal upacara Sekatèn. Kajawi gadhah pusaka, Karaton Surakartaugi gadhah jogèd-jogèd kas ingkang namung kapentasaken wonten ing upacara-upacara mirunggan. Kados déné jogèd sakral inggih punika Bedaya Ketawang ingkang dipunpentasaken wekdal pemahkotaan ratu.

Pemangku Adat Jawa Surakarta Kawitan, karaton Surakarta minangka Lembaga karaton (Imperial House) ingkang ngurusi ratu lan kulawarga kraton, kejawi saking punika ugi dados punjer pamaréntahan Kasunanan SUrakarta Sasampunipun Kesunanan Surakarta dipunnyata aken kahapus déning pamarintah Indonésia wonten ing warsa 1946, lelabuhan karaton Surakarta boten langkung minangka Pemangku Adat Jawi khususipun garis/gaya Surakarta. Semanten ugi Susuhunan boten gadhah wewenang wonten ing urusan kenagaraan minangka satunggaling ratu wonten ing pangertosan pulitik nanging minangka [[Yang Dipertuan Pemangku Tahta Adat pemimpin informal kabudayan. Fungsi karaton ugi malih dados pelindung lan penjagi idhèntitas budaya Jawi khususipun gaya Surakarta. Sinaoso kanthi fungsi ingkang kawates wonten ing sèktor informal nanging Karaton Surakarta tetep gadhah kharisma piyambak wonten ing lingkungan masarakat Jawi khususipun wonten ing tilas laladan Kesunanan Surakarta. Kajawi punika Karaton Surakarta ugi maringaken gelar kebangsawanan kehormatan (honoriscausa]] dhumateng sinten-sinten ingkang gadhah perhatosan dhateng budaya Jawi, khususipun Surakarta salintunipun ingkang berhak amargi gayutan darah menapa déné amargi posisi minangka punggawa (abdi dalem) Karaton.