Subagio Sastrowardoyo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Subagio Sastrowardoyo (Madiun, 1 Fèbruari 192418 Juli 1995) iku juru gurit, panulis carita cekak lan esei, sarta kritikus sastra Indonésia. Pendhidhikan HIS ing Bandung lan Jakarta, HBS, SMP, lan SMA ing Yogyakarta, Fakultas Sastra UGM rampung taun 1958, Universitas Yale taun 1961-1966. Naté mengku kalungguhan Ketua Jurusan Basa Indonésia Kursus B-I ing Yogyakarta (1954-1958), dosèn Kasustran Indonésia ing Fakultas Sastra lan Kabudayan UGM (1658-1961), dosèn UNPAD, dosèn SESKOAD kaloroné ing Bandung, dosèn basa lan Kasusastran Indonésia ing Universitas Flinders, Adelaide, lan pungkasan ngasta ing Penerbit Balai Pustaka.

Watara taun 1950-an, Subagio luwih pinunjul minangka pangarang cepita cekak tinimbang minangka juru gurit. Cerka-é kang mawa sesirah Kejantanan di Sumbing naté nampa bebungah minangka carita cekak paling apik. Puisi-puisiné dianggep duwé bobot filosofis kang dhuwur lan jero. Renungan filosofis iku ora bisa ditafsiraké kanthi barès. Perumpamaan-perumpamaan lan lambang kang dipigunakaké kuduné ditafsiraké kanthi diwasa lan mateng. Sajeroning cerkak lan sajak-sajak-é, akèh nggambaraké manungsa yang gampang dirangsang nafsunya. Manusia-manungsa Subagio ya iku manungsa-manungsa kang sajeroning nyoba ngugemi kawajiban kagoda déning sipat-sipat kedagingané. Pak Bagio uga terjun sajeroning donya kritik lan telaah sastra. Esei-eseiné akèh kang nyoba nyilemi latar persoalan manungsa Indonésia saiki kanthi jujur lan landhep.

Sajak-é kang mawa sesirah Dan Kematian Makin Akrab menangaké Bebungah Horison kanggo sajak-sajak kang diamot taun 1966-1967, lan taun 1970 nampa Anugerah Seni saka Pamaréntah RI kanggo kumpulan sajak-é Laladan Perbatasan (1970). Ing taun 1991, Subagio Sastrowardoyo nampa bebungah SEA Write Award saka Thailand.

Bibliografi[besut | besut sumber]

  • Simphoni (kumpulan sajak, 1957)
  • Kejantanan di Sumbing (Kumpulan Cerpen, 1965)
  • Bakat Alam dan Intelektualisme (kumpulan esei, 1972)
  • Keroncong Motinggo (Kumpulan sajak, 1975)
  • Sosok Pribadi dalam Sajak (kumpulan esei, 1980)
  • Sastra Walanda dan Kita (telaah sastra, 1980)
  • Hari dan Hara (Kumpulan Sajak, 1982).

Uga delengen[besut | besut sumber]