Sri Temasek
Sri Temasek | |
---|---|
斯里淡马锡 ஸ்ரீ தெமாசெக் | |
Tetélan pokok | |
Jinis | Detached house |
Pernah | Newton, Singapura[1] |
Koordhinat | 1°18′14.41″N 103°50′34.84″E / 1.3040028°N 103.8430111°EKoordhinat: 1°18′14.41″N 103°50′34.84″E / 1.3040028°N 103.8430111°E |
Current tenants | Dalem Resmi Nayakotama Singapura |
Rampung | 1869 |
Owner | Pamaréntah Singapura |
Technical details | |
Floor count | Two |
Floor area | 1,600 m2 (17,000 sq ft) |
Rancangan lan yasan | |
Arsitèk | J.F.A. McNair |
Awards and prizes | Urban Redevelopment Authority Architectural Heritage Award (2008) |
Kadhapuk | 14 February 1992 |
Sri Temasek (Mandarin: 斯里淡马锡; Tamil: ஸ்ரீ தெமாசெக்) ya iku wangunan balé rong lampit kang diwangun ing taun 1869 lan mapan ing komplèks istana utawa balé puran ing SIngapura. Sasuwéné jaman kolonial ing Pulo Singapura, balé iki dadi papan panggonan utawa dalemé Carik Kolonial utawa Sekretaris Utama. Awit madegé Negara Singapura ing taun 1959, balé iki wis dadi dalem resminé Pradana Mantri utawa Nayakotama Singapura. Ananging blas ora ana Nayakotama Singapura kang manggon ing balé iki. Bebarengan karo wangunan istana, balé iki katetepaké minangka monumèn nasional ing tanggal 14 Pèbruwari 1992.
Wastana
[besut | besut sumber]Balé iki kawastanan Sri Temasek, ya iku tembung saka basa Lumayu kang ateges "Temasek kang minulya". Ing basa Lumayu, tembung seri utawa sri nduwèni teges "éndah; minulya; luhur"[2] utawa "punjering kawigatèn"[3] (kang narik kawigatèn jalaran kaluhurané utawa kaéndahané; punjering kawigatèn kang dadi daya tarik, lan nggumunaké). Tembung temasek utawa tumasik (Hanacaraka: ꦠꦸꦩꦱꦶꦏ꧀) ing basa Jawa nduwèni teges "kutha sagara", ya iku minangka jejuluké SIngapura kala biyèn. Kawitané, balé iki namung kondhang minangka papan dalem resminé Pradana Carik Singapura (utawa Sekretaris Kolonial Singapura). Negara Singapura resmi madeg lan Nayakotama kang sepisan ya iku Lee Kuan Yew jumeneng wiwit wulan Juni 1959. Tumuli balé iki dadi dalem resminé Nayakotama lan diwastani Sri Temasek. Sawetara iku jeneng wangunan Gedhong Pamaréntah resmi diganti, lan nuli kawastanan dadi istana.[4]
Rupa Wangunan
[besut | besut sumber]Madeging Istana Singapura (nuli kawastanan Gedhong Papréntahan) lan balé Sri Temasek diprakarsani déning Gubernur Laladan Supitan Melaka, Sir Harry St. George Ord. Anané mrakarsani adeging wangunan anyar iki sawisé papan dalemé gubernur dirubuhaké nalika taun 1859 kanggo mbukak dalan menyang Fort Canning.[5] Sri Temasek dirancang déning John Frederick Adolphus McNair (1829-1910), sawijining insinyur sipil kang piniji minangka Insinyur Éksekutif lan Juru Waskitha Narapidana ing Supitan Melaka. Sapérangan gedhé pambangunan wangunan iki dibangun déning para buruh narapidana Indhia saka Bengkulu lan rampung ing taun 1869.[5][6]
Balé rong lampit iki ambané 1.600 mèter pesagi (17.000 feet pesagi) - lang asring sinebut bungalow ing Singapura - klawan rupa arsitèktur Éropa lan Asia. Sri Temasek nduwèni tata prenah kang simètris lan kadadèn saka èmpèran njero kang ngubengi sasana séwaka. Rupa arsitèktur kang katon wigati ya iku plengkung sisih dhuwur, kembangan usuk kayu kang coraké jlimet uga renggan campuran gagrag kulonan (Éropa) lan wétanan (Asia), lan gapura gagrag Cina kang wujud plengkungan rembulan ing wangunan lampit tingkat loro.
Sri Temasek ora digunakaké sasuwéné pirang-pirang taun lan dadi rusak jalaran ora kopèn. Nuli balé iki diréstorasi ing antarané taun 2006 tekan Maret 2008 déning Konsultan CPG lan ing bawah pamawasing arsitèk Maureen Soh. Jalaran plengkungan kayu lan pager kayu ing èmpèran lampit kapisan digawé asli mawa tangan, mula wis rusak dipangan rayap. Nuli diganti kang bahané digawé saka campuran aluminium-cast. Rerincèn pager, lawang, lan cendhéla dipulihaké. Sawenèh lawang pager lan lampit kayu dipasang manèh. Papan padunungané batur ing burèn gedhong nuli dilih dadi sana gladri patilasan. Pakaryan réstorasi Sri Temasek nuli menangaké Pangaji-aji Warisan Arsitèktur Otoritas Pambangunan Kutha ing Kategori A (monumèn nasional lan wangunan kang dilestarèkaké) ing taun 2008.
Piguna
[besut | besut sumber]Nalika wiwitan diyasa ing taun 1869, Sri Temasek minangka balé dalem Carik Kolonial Laladan Supitan Melaka (nuli uga kawastanan Sekretaris Kolonial / Pradana Carik Singapura). Sakabèhané kang mengku kalungguhan iku wis padha mapan ing balé Sri Temasek ing watara taun 1869 tekan 1959. Wangunan Sri Temasek ing wanci saiki piniji minangka balé dalem resmi kanggo Nayakotama Singapura awit taun 1959. Ananging blas ora ana Nayakotama sakulawargané kang manggon ing balé Sri Temasek awit biyèn nganti saiki.
Watara taun 1960-an nganti 1970-an, Sri Temasek digunakaké minangka papan kanggo acara kang asipat resmi. Dhayoh agung kang naté sowan ing balé iki antarané ya iku Tunku Abdul Rahman, Nayakotama kang miyasa Malaysia; Spiro Agnew, Wakil Présidhèn Amérika Sarékat; Nayakotama Indhia Indira Gandhi; Denis Healey, Sekretaris Mantri Labet Inggris; lan Raja Hussein saka Yordania. Ing taun 1962, Sri Temasek tau dadi papan kanggo pista kang digelar déning Lee Kuan Yew. Adicara iki kanggo mangayubagya lan wujud rasa panuwuné Lee Kuan Yew marang para anggota sarékat pagawé lan pagawé nagari sipil awit wis mèlu nyengkuyung réferèndhum gabung karo Malaysia. Ing taun 1983, jasad suwargi Mantri Pawit Hon Sui Sen disarèkaké ing papan iku.[7] Nuli ing tanggal 8 Agustus 2008, Nayakotama Lee Hsien Loong kanggo sepisanané medharaké pitutur Pangayubagya Dina Kabangsan ing balé iki. Pèngetan kanggo Nyonyah Kwa Geok Choo, ya iku ibu saka Nayakotama Lee Hsien Loong lan uga minangka garwané Nayakotama Lee Kuan Yew, kagelar ing balé Sri Temasek ing wulan Oktober 2010. Nuli ing wulan Maret 2015, sawijining adicara kulawarga kanggo Lee Kuan Yew uga kagelar ing papan iku.[8]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ "URA Maps". Urban Redevelopment Authority.
- ↑ Wilkinson, Richard James (1959). A Malay-English Dictionary (Romanised). London: MacMillan.
- ↑ Winstedt, Richard Olaf (1963). An Unabridged Malay–English Dictionary (5th ed.). Kuala Lumpur: Marican & Sons.
- ↑ "PREMIER WILL ENTERTAIN AT 'SRI TEMASEK'". eresources.nlb.gov.sg. Dibukak ing 2019-12-14.
- ↑ a b "The Istana and Sri Temasek in Singapore - Attraction | Frommer's". www.frommers.com. Dibukak ing 2019-12-14.
- ↑ "Istana". web.archive.org. 2008-10-09. Diarsip saka asliné 2008-10-09. Dibukak ing 2019-12-14.
{{cite web}}
: CS1 maint: bot: original URL status unknown (link) - ↑ "Silent star of Singapore". web.archive.org. 2015-06-15. Diarsip saka sing asli ing 2015-06-15. Dibukak ing 2019-12-14.
- ↑ migration (2015-03-23). "Mr Lee Kuan Yew's body comes to rest at Istana for private family wake". The Straits Times (ing basa Inggris). Dibukak ing 2019-12-14.
Wacan luwih pepak
[besut | besut sumber]- Gan, James Wan Meng; Lau, Aileen [T.] (2005), Birds Seen at the Istana, Singapore: Singapore Environment Council, ISBN 978-981-05-2730-3.
- The Istana Singapore: Its Grounds and Landscape, Singapore: President's Office, 1994, ISBN 978-9971-88-447-5.
- Mysteries of the Istana [videorecording; Hey Singapore, Series 1; first broadcast 25 December 1995], Singapore: Television Corporation of Singapore, 1995.
- Ong, Lay Hong, producer (1996), The Istana: The Jewel of Temasek [videorecording; first broadcast 18 February 1996], Singapore: Television Corporation of Singapore, OCLC 422781304.
- Pantin, Gail (2009), A Day at the Istana, Singapore: Editions Didier Millet, ISBN 978-981-426-024-4.
- Seet, K[hiam] K[eong]; Mealin, Peter, photographer (2000), The Istana, Singapore: Times Editions, ISBN 978-981-232-116-9.
- Tan, Wee Kiat [et al.] (2003), Gardens of the Istana, Singapore: National Parks Board, ISBN 978-981-04-9167-3.
- Wong, Tuan Wah [et al.] (2011), Lau, Aileen T. (èd.), Trees of the Istana: Treasures in the Domain, Singapore: Suntree Media Pte. Ltd. in association with National Parks Board, ISBN 978-981-08-7481-0.
Pranala njaba
[besut | besut sumber]Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Sri Temasek. |
- Sri Temasek at the Istana Singapore website, archived from the original on 6 November 2008
- Sri Temasek at the Singapore Government's eCitizen website