Sidang Istimewa MPR

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Gedung MPR RI

Sidang Istimewa MPR inggih punika sidang ingkang dipuntindakaken déning Majelis Permusyawaratan Rakyat Indonésia saking panyuwunipun Dewan Perwakilan Rakyat utawi Sidang Tahunan Majelis kanggé nyuwun lan mbiji asiling pertanggungjawabanipun Présidhèn saking lampahing putusan Majelis.[1] Sidhang punika dipunadani manawi présidhèn dipunanggep sampun nglanggar Undang-Undang Dasar 1945 lan nyimpang saking GBHN, ingkang salajengipun laporan tanggel jawabipun badhé dipuntindakaken wonten ing SIdang Istimewa, ingkang padatanipun ngarah wonten ing kupiya nglengseraken jabatanipun. Sasampunipun maujud lan dipunlampahaken UU 27 Tahun 2009 pasal 184 ayat 4 ngengingi MPR, DPR, DPD, lan DPRD, pemakzulan badhé sah manawi dipunsarujuki déning tigang sak pro sekawan saking anggota MPR, nanging sarat kasebat dipunbatalaken malih déning Mahkamah Konstitusi.[2]

Sajarah[besut | besut sumber]

Indonésia sampun ngalami ping bola-bali Sidang Istimewa. Asilipun inggih wujud lengseripun kalungguhan Predidhen ingkang nembé njabat utawi boten. Wonten ugi Sidang Istimewa ingkang asilipun netepaken kanggé nindakaken pemilu langkung rikat, inggih punika nalika taun 1998.

Sidang Istimewa MPRS 1967[besut | besut sumber]

Sidang Istimewa majelis ingkang sapisan dipunadani ing taun 1967 sasampunipun wonten prastawa Gerakan 30 September ingkang njalari Soekarno kecalan kapitadosan saking masarakat lan dipunanggep boten saged ngendhalekaken kaamanan sasampunipun pidhato tanggel jawabipun ing ngajeng MPRS, Nawakarsa, dipunwaosaken. MPRS ing wekdal punika nyuwun Sukarno kanggé ndandosi pidato tanggel jawabipun ing Sidang Umum MPRS, ingkan dipunrespon déning Sukarno kanthi pidato Pelengkap Nawakarsa. Nanging pidhato tanggel jawab punika dipuntolak malih lan akhiripun dipunputusaken biih ing tanggal 7 Maret 1967 badhé dipunadani sidang Istimewa MPRS.[3] Sasampunipun Sidang Istimewa punika, Sukarno dipuncopot saking jabatanipun dados Présidhèn lan dipungantosaken déning Soeharto dados Pejabat Présidhèn.

Sidang Istimewa MPR 1998[besut | besut sumber]

Sidang Istimewa punika dipunadani ing tanggal 10-13 November 1998[4] sasampunipun pidato ngunduraken diri Soeharto ing tanggal 23 Mèi 1998 dipunwaosaken. Ing wiwitanipun, Soeharto ngandharaken bilih piyambakipun boten badhé nyalonaken malih dados présidhèn, nanging piyambakipun kepilih malih wonten ing pemilu Maret 1998. Sasampunipun kathah manéka warna demonstasi, haruhara lan kekacauan pulitik, ékonomi, lan militèr, akhiripun Soeharto mutusaken mundur lan dipungantosaken déning wakilipun Habibie.[5] Sidang istimewa punika mutusaken kanggé dipunbetahaken pemilu dipunajokaken wekdalipun ingkang badhé dpunadani ing taun 1999.

Sidang Istimewa MPR 1999[besut | besut sumber]

Sidang Istimewa pada taun 1999 dipunadani kanthi agenda pidato tanggel jawabipun Habibie ingkang dados présidhèn ing tanggal 14 Oktober 1999. Asiling pidato tanggel jawabipun dipuntolak ing tanggal 20 Oktober 1999[6], nanging boten njalari Habibe dipunlengseraken, nanging Habibie ngandharaken bilih piyambakipun boten badhé nyalon dados présidhèn malih. Ing pungkasanipun, fraksi Parte Golkar, ngalihaken dhukunganipun dhateng Abdurrahman Wahid, ingkang salajengipun dados présidhèn kaping sekawan Indonésia..[7]

Cathetan suku[besut | besut sumber]