Menyang kontèn

Sapi Sonok

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kontès Sapi Sonok ing garis finis

Sapi Sonok inggih punika kontès adu ayuning sapasang lembu babon ingkang kawontenaken ing Madura. Kontès punika mbiji kaéndahan awak, werni wulu, kagagahan, kaprigelan, anggènipun mlampah, kaliyan kasalarasan sapasang lembu.[1] Sakathahing kabupatèn ing Pulo Madura numuti kontèsipun.[2] Kawit 2013, Sapi Sonok resmi kaakeni déning Pamaréntah Républik Indonésia minangka salah satunggaling Warisan Budaya Sanès Barang salebeting bab seni pagelaran.[3]

Sajarah

[besut | besut sumber]

Miturut katrangan Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya, kontès Sapi Sonok pisanan dipun wiwiti nalika warsa 1960-an ing Kabupatèn Pamekasan, Jawa Wétan. Nalika kadang tani bibar nggarap sabin, lembunipun dipun sirami, lajeng dipun cencang ing tancek. Papan kanggé nyencang punika ramé jalaran anggènipun nyencang wonten ing sakothak tegalan. Mangkonoa, wonten pamanggih saking kadang tani supados ngawontenaken lumba alit-alitan ngenani lembu pundi ingkang paling resik kaliyan rapi. Ing tembé, lembunipun dipun sukani rerenggan, nuli saya dangu saya ngrembaka kaliyan sumebar ing Madura.[3]

Kontès

[besut | besut sumber]

Lembu-lembu ing kontès punika dipun selèksi kanthi temenan anggènipun ngopèni, ngukur bobot, panjang, kaliyan inggiling awak, saha lingkar dhadhanipun. Sapi Sonok dipun pacaki kaliyan sawenèh rerenggan, kados ta kalung, makutha mawi werni emas, kaliyan roncé mlathi. Kontès Sapi Sonok dipun wiwiti kanthi lumampah ing lintasan udakawis 15–20 mèter ingkang lembunipun kaapit kaliyan pangonong–pirantos awujud plengkungan ingkang kapasang ing pundhaking lembu–nanging boten kénging ndemok wewates lintasan. Supados boten ndemok wewates punika, wonten jongki ing wingking ingkang ngendhalèkaken lembunipun mawi tangsul 7 mèter. Nalika mlampah, lembunipun ugi kairingan saronen kagem ngregengaken kontèsipun. Ing pungkasaning lintasan, wonten gapura minangka garis finis. Lembu-lembu ingkang dumugi garis finis kedah ngidak sawilah kajeng ing gapura mawi werni emas.[4][1]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. a b Nugraha, Chairdin; Maylinda, Sucik; Nasich, Moch (Juni 2015). "Karakteristik Sapi Sonok dan Sapi Kerapan Pada Umur yang Berbeda di Kabupaten Pamekasan Pulau Madura". Ternak Tropika. 16 (1): 56–58. doi:10.21776/ub.jtapro.2015.016.01.9.
  2. Aziz, Abd (18 Oktober 2014). "Beda kontes sapi sonok dan karapan sapi". Antara News. Dibukak ing 18 Fèbruari 2023.
  3. a b "Sapi Sonok". Warisan Budaya Takbenda Indonesia. Dibukak ing 18 Fèbruari 2023.
  4. Kinapti, Tyas Titi (29 Juli 2021). "Sapi Sonok, Adu Kecantikan Sapi Betina di Madura". Merdeka.com. Dibukak ing 18 Fèbruari 2023.

Pranala njawi

[besut | besut sumber]
  • Médhia magepokan Sapi Sonok ing Wikimedia Commons