Samudramanthana
Samuderamanthana ya iku salah sawijining carita mitologiHindhu kang kamot ana ing naskah Adiparwwa, parwwa pisanan saka Kitab Mahabharata. Saka sumbéré iku, carita iki duwé latar agama Hindhu lan kalebu kabudayan kang diadopsi saka India. Nanging, carita iki wis dikenal déning masarakat pendukung budaya Hindhu nalika jaman semana lumantar salinan carita iki kanthi basa Jawa Kuna (manjawaken) ing jamané Dharmawangsa Teguh, Raja Mataram Hindhu sing mréntah saka taun 991 M-1016 M.[1] Anggepané masarakat Jawa Kuna Jawa Kuna asli iki carita asli babad tanah Jawa.[2] Inti carita iki ya iku diaduké samodra supaya éntuk banyu Amerta.[3]
Kronologi Prastawa
[besut | besut sumber]Carita iki diwiwiti saka rembugan para déwa ing puncak Gunung Mahameru saperlu golèk banyu Amerta. Kajaba rembugané para déwa ing papan iku, para buta uga padha mèlu rembugan supaya padha-padha éntuk jatah banyu Amerta. Rerembugan iku uga ditekani Sang Hyang Narayana (Wisnu) lan ninggal pesen: "Yèn arep padha golèk banyu Amerta, para déwa kudu pada nyawiji ngetokaké tenaga sakuwat-kuwaté supaya bisa ngaduk Ksirarnawa (Sagara Susu sing dadi panggonan banyu Amerta. Papan panggonan banyu Amerta kudu mbok puter sakuwat-kuwatmu." Pesen iku jelas mokal dilakoni para déwa dhéwéan, mula para buta padha diajak mbantu.
Para déwa lan para buta padha mangkat bebarengan mara ing Sagara Ksirarnawa lan ora lali njupuk Gunung Mandara ing Pulau Sangkha sing dhuwur puncaké 11.000 yojana.[4] Gunung Mandara dicabut déning Sang Hyang Anantabhoga saisiné. Gunung iku ditibakaké ing Sagara Ksirarnawa lan ora lali njaluk ngapura karo Sang Hyang Sagara amarga omahé diacak-acak para déwa lan buta.
Bhatara Wisnu uga mbantu mènèhi bulus tunggangané ya iku Sang Akupa sing duwé tugas nahan awaké Gunung Mandara supaya ora ambles. Ana Sang Hyang Basuki, raja ulo, sing olèh tugas dadi tali sing nglilit lèrèng gunung. Ana manèh Sang Hyang Indra sing ngaboti puncak Gunung Mandara supaya ora mental.
Para kabèh déwa padha nyekel buntuté ula lan para buta kebagèyan nyekeli sirahé ula. Tarikan para déwa lan buta ndadèkaké Gunung Mandara muter. Nanging para buta sing kebagéyan sengsara amarga Sang Hyang Basuki saking kuwaté ngubeti ora bisa ngendalèkake ambegané sing awujud geni sing ngobong lan gas racun sing gawé mabuk, kaanan kaya ngono dadi penyemangat para buta supaya tetep nglakokaké tugasé.
Sagara Ksirarnawa saya suwé saya owah, donyané dadi semrawut awit anané bencana alam kang ana ing ngendi-endi. Banyu sagara dadi kentel gara-gara diaduk mau lan saka ngisor sagara metu Ardhacandra, Bhatari Sri, Sura, Sri Laksmi Dewi, Uccaisrawa, Kostubhamani, lan Dantwari sing pungkasan sing nggawa kendi kanthi isi banyu Amerta.
Ndeleng apa sing dikarepake wis ana, para buta rikat-rikat ngrampas kendi banyu Amerta. Nanging Bhatara Wisnu ngerti lan para buta sing ana ing kono dipatèni kabèh nganggo gaman cakrane. Buta-buta liyané padha ngéndha nylametaké awaké dhéwé-dhéwé.
Wasana para déwa padha bebarengan ngombé banyu Amerta sing marakake ora bisa mati. Para buta sing wis kadhung jèngkèl padha ngupaya kanthi nyamar dadi déwa-déwa supaya bisa padha ngrasakaké. Wipracinti salah sijiné buta bisa nyamar lan nyicipi banyu Amerta sanajan sithik, nanging Bhatara Candra ngerti lan dicakra guluné sing wis ana banyu Amertané. Akibaté sirahé Wipracinti mabur lan nyimpen dendam karo Bhatara Candra sing diwales nalika ana bulan purnama ya iku awake Bhatara Candra sing awujud wulan bakal dicaplok [5]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ Marwati Djoened, Poesponegoro, ed., Sajarah Nasional Indonesia, Jil. II, ed.4; Cet 5, (Jakarta: Balai Pustaka, 1984), hlm. 255.
- ↑ Siman Widyatmanto, Adiparwwa, Jilid I, cet. 3, (Yogyakarta: U.P. Spring, 1958), hlm. XIII.
- ↑ Siti Maziyah. “Sumbangan Cerita Samuderamathana kaliyan Pemahaman Arti Air Panguripan Pada Masarakat Jawa Kuna”, sajeroning Jurnal Citra Lekha, Volume IV, Nomor 1, Fèbruari 2001, hal. 16, Semarang.
- ↑ L. Mardiwarsito, Kamus Jawa Kuna (Kawi)-Indonesia, cet. 3, (Ender Nusa Indah, 1986), hlm. 716.
- ↑ P.J. Zoetmulder, Sekar Surnawur: Bunga Rampai Basa Jawa Kuna, Jilid I, cet. 1, (Yogyakarta: Gadjah Mada University Press, 1994), hal. 71-74.