Sajarah perkomputeran

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Komputer kang ana saiki iku ora luput saka ditemokake mesin-mesin kanggo ngetung ing dina-dina kepungkur. [1] Ditemokakene mesin-mesin kaya abacus (sempoa), Pascaline, Arithometer, lan mesin analitik iku sing njalari anane komputer kaya saiki.[1]

Mesin Etung Sadurunge Komputer[sunting | sunting sumber]

Abacus[sunting | sunting sumber]

Abacus Cina, salah sijine cikal bakal komputer

Abacus uga diarani sempoa ana wiwit 5000 taun kepungkur ing Asia cilik.[1] Piranti iki bisa dianggep minangka dhasar wong nggawe komputer. [1] Abacus ndadekake wong bisa ngetung nagnggo wiji-wiji kang bisa digeser kang ditata ing sawijining rak.[1]

Pascaline[sunting | sunting sumber]

Pascaline ditemokake dening Blaise Pascal (1623-1662).[1] Wujude mesin iki yaiku kothak saka kuningan, nduwe rodha puter kanggo njumlahake angka nganti 8 digit.[1] Pascaline disampurnakake dening Gottfred Wilhem von Leibniz (1646-1716), ndadekake piranti iki bisa kanggo ngetung ping-pingan.[1]

Arithometer[sunting | sunting sumber]

Nalika taun 1820, Charles Vavier Thomas de Colmar nemokake arithometer.[1] Piranti iki bisa ngetung kanthi cara ping, para, lan, suda.[1]

Mesin Analitik[sunting | sunting sumber]

Mula bukane komputer kang satemene iku saka ditemokakene Mesin Analitik (Difference Engine) dening Charles Babbage nalika taun 1843.[1] Mesin iki diobahake nganggo tenaga uap lan bisa nyimpen program sarta ngetung lan nyithak asile kanthi otomatis.[1] Awit saka panemune iku, Charles Babbage uga sinebut bapak komputer.[1]

Generasi Komputer[sunting | sunting sumber]

Komputer Generasi I[sunting | sunting sumber]

Komputer generasi pisanan iki nalika taun 1940-1959. [2] Wiwitane, komputer generasi I iku gedhene sakomah jalaran digawe nganggo pipa vakum.[1] Tabung vakum yaiku piranti elektronika kang dianggo kanggo nguatake sinyal listrik.[1] Saben komponen gedhene sakepelan tangan, mula komputer generasi I iki gedhe banget jaran saben komputer mbutuhake pirang-pirang komponen.[1] Kang kalebu komputer generasi I yaiku Z3, Mark I, Colossus, ENIAC, EDVAC, lan UNIVAC.[1]

Komputer Generasi II[sunting | sunting sumber]

Komputer generasi II diwiwiti nalika taun 1959 nganti taun 1964.[1] Komputer generasi II iku luwih cilik tinimbang komputer generasi I jalaran wis nganggo transistor kang gedhene mung sakukurane kacang lan diode kang nggenteni saluran-saluran vakum. [1][2] Ditemokakene transistor lan diode iki mbiyantu pangrembakane komputer generasi II dadi komputer kang luwih cilik, luwih cepet, lan luwih ngirit tinimbang komputer sadurunge. [1] 2 Saliyane kuwi, komputer generasi II uga nyimpen memori nganggo cara anyar yaiku nganggo teknologi magnetik.[1] Kang kalebu komputer generasi iki yaiku FORTRAN lan COBOL.[1]

Komputer Generasi III[sunting | sunting sumber]

Komputer generasi III luwih maju tinimbang komputer generasi II.[1] Komputer iki wis nganggo sirkuit terpadu (Integrated Circuit – IC).[1] Saliyane kuwi, komputer generasi III uga nganggo sistem operasi (operating system) kang bisa ndadekake mesin nglakokake program kang beda-beda kathi bebarengan lan ana program utama kang ngawasi lan ngendhalekake komputer.[1] Tuladhane komputer generasi III yaiku Apple II, IBM PC, lan Sinclair. [2] Basa pamrograman kang wis ana nalike generasi iki yaiku BASIC, Pascal, lan PL 1. [2]

Komputer Generasi IV[sunting | sunting sumber]

Para ilmuwan saya suwe saya bisa nglebokake komponen-komponen elektronik luwih akeh ing sajroning chip.[1] Iki sing njalari komputer generasi IV sansaya cilik.[1] Kang kalebu komputer iki yaiku komputer pribadhi Personal Computer (PC), Intel 4004, laptop, PDA[1]

Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab (id) Riana, Deny. Komputer dan Komunikasi. Duta Grafika. (kaca 7-15)
  2. ^ a b c d (id) Komputer (dipunundhuh tanggal 7 Maret 2011)

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.