Sajarah Tentara Nasional Indonésia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Tentara Nasional Indonesia
Insignia of the Indonesian National Armed Forces.svg

Kacabangan militer
Angkatan Darat TNI Angkatan Dharat
Angkatan Laut TNI Angkatan Laut
Angkatan Udara TNI Angkatan Udhara
Liyané
Insignia of the Indonesian National Armed Forces.svg Sajarah TNI
Insignia of the Indonesian National Armed Forces.svg Panglima TNI
Kapangkatan ing TNI
Angkatan Dharat Pangkat ing TNI-AD
Angkatan Laut Pangkat ing TNI-AL
Angkatan Udara Pangkat ing TNI-AU

Nagara Indonésia nalika madeg wiwitané ora ndarbèni kesatuan wadya. Badan Keamanan Rakyat kang diwangun liwat sidang PPKI tanggal 22 Agustus 1945 lan diumumaké déning Présidhèn tanggal 23 Agustus 1945 sakbeneré dudu wadya minangka sawijining organisasi kemilitèran kang resmi.

BKR, ing tataran punjer utawa laladan, ana ing sangisoré wewenang KNIP lan KNI Laladan, lan ora ana ing ngisoré préntah Présidhèn minangka Panglima paling dhuwur ing Angkatan Perang. BKR uga ora ana ing sangisoré koordinasi Mantri Pertahanan. BKR mung disiapaké kanggo ngreksa kaamanan lokal, supaya ora nuduhaké kesan yèn Indonésia nyiapaké dhiri kanggo miwiti paperangan ngadhepi Sakuthu.

Pungkasané, liwat Dekrit Présidhèn tanggal 5 Oktober 1945 (nganti saiki dipèngeti minangka dina klairan TNI), BKR diowahi dadi Wadya Keamanan Rakyat (TKR). Tanggal 7 Januari 1946, Wadya Keamanan Rakyat ganti jeneng dadi Wadya Keselamatan Rakyat. Sabanjuré, tanggal 24 Januari 1946, diowahi manèh dadi Wadya Républik Indonésia.

Amarga wektu iku ing Indonésia saliyané Wadya Républik Indonésia ana barisan-barisan mawa sanjata liyané, mula sabanjuré ing tanggal 5 Mèi 1947, Présidhèn Soekarno ngetokaké kaputusan kanggo nyawijèkaké Wadya Républik Indonésia lan barisan-barisan mawa sanjata mau dadi Tentara Nasional Indonesia (TNI). Penggabungan iki kadadéan lan diresmèkaké ing tanggal 3 Juni 1947.

Perang Kamardikan[besut | besut sumber]

Sajeroning mangsa kritis nalika Perang Kamardikan (1945-1949), TNI kasil minangka dhiri minangka wadya rakyat, wadya révolusi, lan wadya nasional. Minangka kakuwatan kang nembé lair, TNI nata awaké, nanging sinambi ngadhepi manéka tantangan, saka njero lan njaban rangkah. Saka njero, TNI ngadhepi rongrongan-rongrongan kang mawa dimènsi pulitik lan dimènsi militèr. Rongrongan pulitik sumber saka golongan kuminis kang péngin manggonaké TNI ing sangisoré prabawa PKI liwat “Pepolit, Biro Perjuangan, lan TNI-Masarakat. Déné tantangan kang mawa dimènsi militèr ya iku anané pergolakan mawa senjata ing sawetara laladan lan pambrontakan PKI ing Madiun sarta Darul Islam (DI) ing Jawa Kulon kang bisa ngancem integritas nasional. Tantangan saka jaban rangkah ya iku TNI kaping pindo ngadhepi Agresi Militer Walanda kang duwé organisasi lan gaman kang luwih modhèren.

Rumangsa anané kawinatesan TNI sajeroning ngadhepi agresi Walanda, mula bangsa Indonésia nindakaké Perang Rakyat Semesta ya iku kabèh kakuwatan TNI lan masarakat sarta sumber daya nasional dikerahaké kanggo ngadhepi agresi mau. Kanthi mangkono, integritas lan eksistensi Nagara Kesatuan Républik Indonésia wis bisa dipertahankan déning kakuwatan TNI bebarengan karo rakyat.

Miturut kaputusan Konferensi Meja Bundar (KMB), ing pungkasan taun 1949 diwangun Républik Indonésia Serikat (RIS). Sairing karo kaanan mau, diwangun uga Angkatan Perang RIS (APRIS) minangka gabungan TNI lan KNIL kanthi TNI minangka intiné. Ing sasi Agustus 1950 RIS dibubaraké lan Indonésia bali menyang wangun Nagara kesatuan. APRIS banur genti jeneng dadi Angkatan Perang RI (APRI).

Periode 1950-1959[besut | besut sumber]

Sistem dhémokrasi parlementer kang dianut pamaréntah ing kalamangsa 1950-1959, mengaruhi kauripan TNI. Campur tangan pulitisi kang jero ing masalah intern TNI nyurung anané Peristiwa 17 Oktober 1952 kang ngakibataké karetakan ing lingkungan TNI AD. Campur tangan iku nyurung TNI supaya nyebur ing kagiyatan pulitik kanthi ngadegaké parté pulitik ya iku Ikatan Pendukung Kemerdekaan Indonésia (IP-KI) kang mèlu dadi kontèstan sajeroning Pemilihan Umum taun 1955.

Periode kang uga ingaran Periode Dhémokrasi Liberal iki diwernani uga déning manéka pambrontakan. Ing taun 1950 sapérangan tilas anggota KNIL nglancaraké pambrontakan ing Bandung (pambrontakan Angkatan Perang Ratu Adil/APRA), ing Makassar Pemberontakan Andi Azis, lan ing Maluku pambrontakan 'Républik Maluku Selatan' (RMS). Sauntara iku, DI TII Jawa Kulon nyebaraké prabawa menyang Kalimantan Kidul, Sulawesi Kidul lan Acèh. Ing taun 1958 Pamaréntah Revolusioner Républik Indonésia/Perjuangan Rakyat Semesta (PRRI/Permesta) nganakaké pambrontakan ing sapérangan gedhé Sumatra lan Sulawesi Lor kang mbebayani tumrap integritas nasional. Kabèh pambrontakan iku bisa ditumpes déning TNI bebarengan karo kakuwatan komponèn bangsa liyané.

Upaya nyawijèkaké organisasi angkatan perang lan Kapulisèn Nagara dadi organisasi Angkatan Bersenjata Républika Indonésia (ABRI) ing taun 1962 minangka pérangan kang wigati ing sajarah TNI ing dekade taun suwidakan.

Nyawijèkaké kakuwatan Angkatan Bersenjata ing ngisor siji komando, dikarepaké bisa nggayuh èfèktifitas lan efisiensi sajeroning nindakaké tugas, sarta ora gampang kaprabawa déning kapentingan golongan pulitik tinamtu. Nanging bab mau ngadhepi manéka warna tantangan, mligi saka Parté Kuminis Indonésia (PKI) minangka péranganing kuminisme internasional kang gigih ngupaya nandur prabawa sajeroning tatanan kauripan bangsa Indonésia kalebu sajeroning organisasi ABRI liwat panyusupan lan pambinaan mirunggan, sarta manfaataké prabawa Présidhèn/Panglima Tertinggi ABRI kanggo kapentingan pulitiké.

Upaya PKI tansaya gencar liwat kudéta marang pamaréntah kang sah déning G30S/PKI, ndadèkaké bangsa Indonésia wektu semana ana ing kaanan kang kritis. Sajeroning kondisi mau TNI kasil ngatasi situasi kritis nggagalaké kudéta sarta numpes kakuwatan pendukungé, bebarengan karo kakuwatan-kakuwatan masarakat lan kabèh rakyat Indonésia.

Sauntara iku, ABRI tetep ngayahi pambenahan dhiri kanthi cara mantebaké integrasi internal. Langkah pisanan ya iku ngintegrasèkaké dhoktrin kang wusanané nglairaké dhoktrin ABRI Catur Dharma Eka Karma (Cadek). Dhoktrin iki duwé implikasi marang réorganisasi ABRI sarta pendhidhikan lan latihan gabungan antara Angkatan lan Polri. Saliyané iku, ABRI uga ngayahi integrasi eksternal ing wangun kemanunggalan ABRI karo rakyat kang diaplikasèkaké liwat program ABRI Masuk Désa (AMD).

Peran, Fungsi lan Tugas TNI (biyèn ABRI) uga ngalami owah-owahan miturut Undhang-Undhang Nomer: 34 taun 2004. TNI duwé peran minangka piranti nagara ing babagan pertahanan kang nalika ngayahi tugasé miturut kawicaksanan lan kaputusan pulitik nagara. TNI minangka piranti pertahanan nagara, duwé fungsi minangka: penangkal marang sakèhing ancaman militèr lan ancaman mawa gaman saka njaba lan jero nagara tumrap kadhaulatan, kautuhan wewengkon, lan kaslametan bangsa, penindak marang sakèhing wangun ancaman kaya mau ing dhuwur, lan pemulih kondisi kaamanan nagara kang kaganggu akibat kakacauan kaamanan.

Tugas pokok TNI ya iku njejegaké kadhaulatan nagara, njaga kautuhan wewengkon Nagara Kesatuan Républik Indonésia dhedhasar Pancasila lan Undhang-Undhang Dhasar Nagara Républik Indonésia Taun 1945, sarta nglindhungi sakabèhing bangsa lan tumpah darah Indonésia saka ancaman lan gangguan marang kautuhan bangsa lan nagara.

Tugas pokok iki dipérang dadi loro, ya iku: operasi militèr kanggo perang lan operasi militèr saliyané perang.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]