Purwa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Sajarah Pangiwa Panengen punika satunggaling cariyos ingkang wonten ing pambukanipun Serat Babad Tanah Jawi. Kangge nganggit anggitan ilmiah punika kula nganggé bahan saking Babad Tanah Jawi seratan Ng Kartapradja mawi cathetan saking J.J Ras (ing taun...)

Sajarah Pangiwa Panengen[besut | besut sumber]

Satunggaling seratan susastra ingkang ngemu wacana politis ing tanah Jawi nalika ing abad 18.[1]

Tanah Jawi satunggaling panggénan utawi tèritorial utawi laladan ingkang strategis sanget. Pulo utawi tanah Jawi punika satuggaling laladan ingkang alit manawi katanding kaliyan laladan sanèsipun kados Kalimantan, Sumatra, Sulawesi lan Papua.[1] Nanging alit ing babagan laladan namung boten alit ing babagan sajarah utawi riwayatipun.Sesebatan kanggé tanah Jawi sampun kathah, punika dados ciri bilih tanah Jawi punika laladan ing ,sanget.Miturut para panaliti saking manca nagari utawi saking Indonésia piyambak, tanah Jawi gadhah sujarah utawi riwayat ingkang sampun dangu sanget. Miturut panalitéen saking Arkèologi candhi Borobudur saged kanggé tanda bilih tanah Jawi ing abad ka7 sampun gadhah kabudayan ingkang adiluhung. Kabudayaan ingkang adiluhung ateges kabudayan ingkang sampun ngutamaken pengertén bab nalar ingkang jangkep. Pengertén bab nalar ingkang jangkep punika boten namung nalar ingkang saged mawujud nanging ugi nalar ingkang alus, inggih punika nalar antawisipun kekiyatan kasatmata lan boten kasatmata.

Tanah Jawi utawi pulo Jawi punika kalebet laladan ingkang nggadah penduduk ingkang padet. Bebrayan ingkang manggén ing tanah Jawi punika boten namung bebrayan asli saking pulo Jawi nanging ugi bebrayan saking manca nagari. Padamelan bebrayan ingkang dudunung ing tanah Jawi punika kapilah dados kalih inggih punika bebrayan ingkang dedunung ing gisik sagara utawi bengawan lan bebrayan ingkang dedunung ing laladan inggil (dataran tinggi).Biasanipun kaanan kados makaten punika gadah prabawa dateng tatacara ingkang gegayutan kaliyan padamelan ingkang dipunlakoni.

Bebrayan ageng ing Tanah Jawi saking jaman rumiyin ngantos samangke sampun gadhah tatacara ing pamaréntahan. Tatacara punika gambaraken rerangkèn mandap minggahipun kaanan pemaréntahan lan bebrayan ing tanah Jawi. Satunggaling nagari manawi sampun gadah pamaréntahan ingkang jangkep lan kiyat punika ateges nagari ingkang sampun maju lan gadah tatacara panguripan ingkang mapan. Para panguwaos adatipun saged maringi panguripan ingkang saé dateng rakyatipun. Sedaya pérangan saged damel rakyatipun seneng. Salah satunggaling pérangan ingkang mumpuni inggih punika babagan kasusastran.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b Zoetmulder (1998), Kalangwan, Penerbit PT. Djambatan, Jakarta, hlm. 30.

seratan punika dèrèng rampug kedah dipunpriksa malih mila punika dèrèng saged kanggé sumber.